Anda di halaman 1dari 1

LAPORAN ASIL OBSERVASI ( PENGAMATAN )

A. PENGERTIAN ASIL OBSERVASI


Asil Observasi yaiku laporan utawa tulisan sing isine asil saka ndeleng – ndeleng
( observasi ) ing sawijine panggonan.

B. JENIS – JENIS LAPORAN OBSERVASI


1. Observasi langsung : kagiyatan ndeleng langsung menyang lapangan utowo
weruh dhewe.
Tuladha : Siswa kelas 3 ndelok langsung makam Bung Karno ing Blitar
2. Observasi ora langsung : Kagiyatan observasi mung saka katrangane wong
liya.Peneliti nggunakake medhia kayata internet, medhia cithak, rekaman
audio lan sak panunggalane.

C. ISINE TEKS ASIL OBSERVASI


1. Pambuka, isine ngenahi bab – bab sing diobservasi.
2. Isi, ngenahi isi utawa apa wae sing wis diobservasi.
3. Panutup, ngenahi apa guna paedahe nganakake observasi.

D. CARA NULIS LAPORAN OBSERVASI


1. Nulis irah – irahan ( judhul ).
2. Nyusun ukara pambuka ngenahi laporan sing arep diobservasi/ diamati.
3. Nyusun isi laporan kang dumadi gagasan pokok alesan laporan sing ditulis.
4. Nyusun ukara panutup sing isine paedahe observasi.

LAPORAN ASIL OBSERVASI

Panggonan obserasi : Makam Bung Karno


Waktune observasi : Dina Minggu
Obyek sing diobservasi : Komplek makam
Sing nindakake : Aku
Asil observasi :
a. Jam 06.00 budhal, sing budhal : aku, bapak, ibu, dhik Chio
b. Jam 08.00 tekan plataran parkir langsung nuju komplek makam.Bapak lan ibu
mundhut kembang kanggo nyekar.
c. Jam 15.00 sore banjur mulih.

E. TUGAS : NULIS LAPORAN ASIL OBSERVASI ANA ING LKS KACA 19

Anda mungkin juga menyukai