Anda di halaman 1dari 1

Pidato B.

Jawa Tema Hari Sumpah Pemuda Singkat

Assalamualaikum WR WB

Bapak lan ibu-ibu ugi sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Monggo kito sedoyo ing dalem
wakdal ngengeti dinten sumpah pemuda tahun niki kito raos syukur dumateng ngersanipun
Allah swt., ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun sehinggo wakdal niki saget
kempal lan ndugeni acara ngengeti dinten niki kanti sehat wal afiyat.

Kito sedoyo, khususipun poro mudo-mudi wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti
dinten sumpah pemuda. Dados sumpah pemuda niki saben tahun dipun ngengeti tepatipun
tanggai 28 ing wulan Oktober. Lan penting sanget wakdal ngengeti dinten sumpah pemuda
tahun niki kangge kito sedoyo inggih meniko kito kedah saget mundut hikmahipun. Milo
saking niku monggo kulo lan panjenengan sedoyo niki tansah iman lan takwa dumateng
Allah swt., dene punopo kito sedoyo wakdal niki sampun katah sanget pemuda lan
pemudinipun ingkang belajar wonten perguruan tinggi, nopo niku wonten Sl lan langkung-
langkung wonten sarjana kalihipun, ugi wonten sarjana tigo. Niki ngerupekaken pertanda
lan bukti mbok beleh pemuda lan pemudi bangsa Indonesia sak mangke sampun podho
pinter lan sregep anggenipun sinau. Lan kito sumerap mbok beleh pemuda dinten niki
ngerupekaken ingkang nyepeng lan mimpin benjang.

Dados pemuda niku kedah mados ilmu langkung katah mados ilmu pengetahuan umum
langkung-langkung ilmu agami. Gesa-ngipun pemuda kedah kelawan ilmu lan ugi raos takwa
dumateng Allah swt.

Milo saking niku pemuda ing dalem gesangipun saben dinten niki kedah mados ilmu lan
estu-estu takwa dumateng Allah.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Kangge nutup sambutan kulo niki, kulo bade nyampekaken ikrari-pun lan isi saking sumpah
pemuda wakdal kongres kaping kalih, inggih meniko :

1.Kamiputro lan putri bangsa Indonesia bertanah air satu tanah air Indonesia.

2.Kami putro lan putri bangsa Indonesia berbangsa satu bangsa Indonesia.

3.Kami putro lan putri Indonesia berbahasa satu bahasa Indonesia.

4.Akhiripun, mugiyo kito sedoyo niki dados pemuda ingkang kreatif lan sregep anggenipun
mados ilmu.

Mugiyo kanthi maos ikrar sumpah pemuda, seget ndadosaken semangat poro pemuda
pemudi zaman iki.

Wassalamualaikum WR WB

Anda mungkin juga menyukai