Anda di halaman 1dari 1

Teks pidato Bahasa Jawa Tema Cinta Tanah Air

Assalamu’alaikum wr. Wb
Hamdan wa syukron lillaah, laa haula walaa quwwata illaa billaah. Shalatan wasalaman ‘alaa
rasulillaah. Ammaa ba’du.
Bapak Ibu dewan juri ingkang kinurmatan
Mboten kesupen poro pamiarso dalah rencang-rencang ingkang kawulo tresnani soho kulo banggaaken.
Sepindah, monggolah kito sesarengan ngunjuaken raos tasyakur biqaulina alhamdulillaahi robbil
‘aalamiin dumateng Alloh Swt ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kito
sedoyo, sehinggo kito saged makempal ing majlis meniko.
Kaping kalih, shalawat soho salam mugio katur dumateng ngarso dalem junjungan kito, Nabi Agung
Muhammad SAW, kanthi pangajab mugi kita pikantuk syafa’atipun mbenjang ing yaumil qiyamah,
aamiin.. aamiin ya Rabbal ‘alamiin.
Sak derengipun kulo matur kathah-kathah, prayoginipun kulo nepangaken asmo dalah sekolah ingkang
kulo panggeni.
Asmo kulo…. Kelas… saking MI Ma’arif NU 11 Bulusari.
Poro pamiarso ingkang kulo hormati.
Sak lajenganipun kepareng kulo kanti lembah manah ngaturaken satunggaling sesorah kanti irah-irah
“CINTA NKRI”
Hadirin rohimakumulloh
Cinta tanah air inggih puniko pangraos ingkang timbul saking lebet manah sanubari satiyang warga
nagari, njuk ngenger, ngingah, labet, nglindungi tanah air saking samukawis ancaman ugi pambengan.
Dados satiyang pelajar kito sedoyo saged nunjuaken raos tresno dating negari antawisipun: sinau
kaliyan tlaten ngantos kito sedoyo ugi saged nderek ngenger uga mungu negari kito sedoyo kajengipun
mboten kentun saking negari sanesipun.
Hadirin rohimakumulloh.
Ing tuntut sakmeniko, kito sedoyo sampun wonten ing masa kemerdekaan, kito sedoyo mboteng
nggelung senjata ugi majeng ing peperangan. Nanging, betah kito emuti menawi negari kesetunggaling
Republik Indonesia tetep sowani rongrongan ugi ancaman. Sareh danten puniko, kito sedoyo kedah jagi
sowani samukawis bentuk rongrongan ugi ancaman kagem kawigaten bangsa ugi negari Republik
Indonesia.
Hadirin rohimakumulloh
Lumataring atur wonten kesempatan meniko,kwulo mboten kendel-kendel ngemutaken raos tresna
tanah air sae tumrap pribadi kulo piyambak soho poro pamiarso.
HUBBUL WATHON MINAL IMAN cinta tanah air sebagian dari iman.
Kanti anggadai raos cinta tanah air meniko, kawulo yakin, bangsa Indonesia bakal dados setunggaling
bangsa ingkang anggadahi kepribadian unggul soho njunjung nilai-nilai kebangsaan ugi keagamaan.
Kanti mekaten, negari kito mboten gampil dipun adu domba, mboten gampil nampi kebudayaan sanes
ingkang sebrangan kaliyan keyakinan warga negari Indonesia sedoyo.
Pungkasaning atur, mekaten ingkang saged kawulo aturaken. Kathah kelepatanipun saestu kulo
nyuwun agunging samudro pangaksami.
Maturnuwun atas kawigatosanipun
Billahi taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum wr. wb

Anda mungkin juga menyukai