Anda di halaman 1dari 5

TEKS SESORAH BASA JAWA

Assalamualaikum Wr. Wb.


Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu Dwija saha
karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, sarta kanca-
kanca ingkang kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya
ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Allah ingkang maha welas asih ingkang
tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha panjenengan taksih saged
pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau wonten ing pawiyatan kita
menika.
Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa
panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda.
Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober
bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah
satunggaling kedadosan sakral ingkang nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih
bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji
bhineka tunggal ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.
Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia
2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia
Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi
saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan
kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja,
adil saha sejahtera. Kita minangka siswa nggadahi jejibahan njagi semangat
dalah mempeng anggenipun sinau. Minangka pemuda kita ugi kedah semangat
saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi pambangunanipun bangsa.
Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda.
Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning
atur kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Contoh Teks Pranatacara Adicoro Pengantin Bahasa Jawa 1
Assalamu alikum Wr. Wb.

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat
kinurmatan.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo


pangombyong temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring
lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami,
sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi
Agung Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at
benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten
ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro
pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus ... bin ...kalian Raden ajeng
Roro ... binti ...
Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening
keluargo:

1. Adicoro Pambuka
2. waosan pustoko suci al Qur’an
3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
4. Istirahat
5. wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
6. Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko


surotul fatihah, Liridloillah--------

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah
wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-


ayat suci al-Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan
kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun


dumateng ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun
dumateng kulo lan panjenengan sami.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah
temanten ... ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah
kasumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun
(Pasrah Manten)

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah
ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking
bombong miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak.... bade matur,
amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro
dumateng panjengan ipun Bapak.....kaaturaken.

(shohibul Bait)

Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro


ingkang kaping selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul
bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang
punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco
lan saestu.
Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan
panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak
adicoro selajengipun inggih puniko Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging
sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo
adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl dumugi
akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering
sih samudra pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.

Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani


mauidhoh hasanah soho doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

Contoh Teks Pranatacara Adicoro,Pengantin Bahasa Jawa,contoh teks pembawa


acara pernikahan bahasa jawa,contoh pranatacara manten bahasa jawa,mc
pernikahan bahasa jawa kromo inggil,kumpulan mc bahasa jawa,artikel mc manten
bahasa jawa, mc bahasa jawa maulid nabi,contoh,mc bahasa jawa pengajian,teks
mc pernikahan adat jawa

Anda mungkin juga menyukai