Anda di halaman 1dari 3

Contoh Teks Pranatacara

Adicoro Pengantin Bahasa Jawa 1

Assalamu alikum Wr. Wb.

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong
temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering
hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti
waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafaat benjang wonten pakewuh ipun dinten
qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso
panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan
walimatul urs ipun Raden Bagus ... bin ...kalian Raden ajeng Roro ... binti ...

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

1. Adicoro Pambuka

2. waosan pustoko suci al Quran

3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi

4. Istirahat

5. wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah

6. Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah,
Liridloillah--------
Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan
rahayu tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-
Quran ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng
ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan
sami.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah
temanten ... ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.

Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun

(Pasrah Manten)

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur
pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun
manah panjengan ipun Bapak.... bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih.
Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak.....kaaturaken.

(shohibul Bait)

Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping
selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken
sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung
ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu.

Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan
kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih
puniko Mauidhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun
kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening
adicoro wiwit awl dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah
lumebering sih samudra pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.
Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh hasanah
soho doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

Anda mungkin juga menyukai