Anda di halaman 1dari 3

Assalamualikum wr. wb...

Sugeng enjing para siswa sedoyo

Dinten meniko, sabtu 23 januari 2021_ materi kita yaiku

TEKS PRANATACARA (BASA RINENGGA)

Monggo para siswa sedoyo sareng-sareng dipun waos materi ingkang dateng
ngandap meniko...

TEKS PRANATACARA ( MC / PEMBAWA ACARA )

DALAM BAHASA JAWA

Bagi masyarakat jawa, praktek berpidato dan membawakan acara dengan bahasa
jawa masih sering digunakan dalam banyak acara. Apalagi masyarakat yang tinggal di daerah
yang dekat dengan keraton Surakarta (Solo) dan di DIY keraton Jogjakarta. Banyak
kebudayaan-kebudayaan yang bersumber dari keraton-keraton tersebut masih di ikuti bahkan
ada upaya untuk mempertahankan dan mengembangkannya. Misalnya saja adat
pernikahan yang masih sangat kental dengan menggunakan upacara pernikahan ala dari Kedua
Keraton tersebut. Nah,sebuah acara pernikahan tentunya agar berjalan dengan baik dan lancar
memerlukan pemandu acara. Karena acara pernikahannya menggunakan adat Jawa maka
diperlukan juga pemandu acara atau MC yang bisa menggunakan Bahasa Jawa pula. Maka di
dalam materi ini saya berikan Contoh Teks Pranatacara atau MC menggunakan Bahasa Jawa
khususnya di acara pernikahan.

Penggunaan Contoh Teks Pranatacara ini bukan harga mati atau mutlak, melainkan bisa
dikembangkan, ditambah maupun dikurangi sesuai keadaan pada acara yang akan berlangsung.
Upacara adat pernikahan antara Keraton Surakarta (Solo) dengan Keraton Jogjakarta baik
secara pakaian dan tatacara ada perbedaan, namun jika sudah memahami salah satu di
antaranya akan dengan mudah untuk mempelajari yang lain. Kali ini saya akan memberikan
contoh teks pada acara pernikahan dari Solo (Keraton Surakarta) yang saya lengkapi dengan
contoh nama pamangku gati (yang punya hajat), nama pengantin putri, pengantin laki-laki,
besan dan nama asal daerah pengantin putra/besan.
Raharjo = Pamangku gati

Siwi Wilujeng S.Pd = pengantin putri

Nanang Kuncara S.Hum = Pengantin putr

Rahmad = Besan

Pedalangan,Tembalang = Nama desa/asal Pengantin putra/besan

Berikut ini Contoh Teks Pranatacara dalam sebuah acara Temanten!

MEMBUKA ACARA TEMANTEN

Assalamuallaikum Wr Wb (Bagi yang muslim)

Lumintuning Puja Astawa dhumateng Gusti ingkang Hamurbeng Rat, satemah hambabar daya
pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih, cihna ing kaludangan menika
panjenengan sedaya lan kula taksih saget nyawiji, manunggal wonten ing papan menika kanthi
rahayu wilujeng nir ing sakoro-koro. Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya lan
kula ngunjuaken suka syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Wicaksana sinartan nyenyuwun
mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya, dumugi wasana samangke saget lulus raharja,
gancar rancak tinebehna saking sedaya pambeng nir ing sambekala.

Nuwun dhumateng para rawuh ingkang satuhu kinormatan

para sepuh pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur

para purna karya labet praja sarta sarjana sujananing budi

mboten katalumpen dhumateng para kadang wreda muda taruna ingkang satuhu bagya
mulya

Keparengna kula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing ngriki minangka
hangemban dawuh saking pamangku gati nun inggih Bapa...(yang punya hajat. Misal: Bapa
Raharjo).....piniji mratitisaken pahargyan prasaja dhaupanipun Nimas Ayu...(Nama pengantin
putri. Misal: Siwi wilujeng)...ingkang ari menika jinatu krama dening Dhimas Bagus .....(nama
pengantin putra. Nanang kuncoro) atmaja putranipun Bapa...(nama besan. Misal: Bapa
Rahmad) ingkang mijil saking laladan (nama desa besan. Misal: Pedalangan Tembalang
Semarang).
Para Rawuh kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan

hamurwakani lekasing sedya wigatosing gati, keparengna langkung rumiyen kula aturaken

urut rantamaning adicara ingkang sampun rinumpaka dening keluarga ingkang hamangun

suka. ewondene adicara ingkang badhe lumadi nun inggih, angka kaping:

1. Pambuka
2. mijilipun temanten putri
3. praptaning temanten kakung
4. pasrah-tampi
5. panggih
6. krobongan
7. mapak besan
8. sungkeman
9. photo temanten
10. pambagya harja
11. panutup/purna

Mekaten para rawuh menggah urut rantamaning adicara wonten ing wedhal menika, ingkang
saklajengipun, keparenga panjenengan sedaya keparengan hangestreni tumapaking gati kanthi
suka renaning penggalih dumugi paripurnaning adicara samangke.

Nuwun...

Catatan:

Dalam Bahasa Jawa akhiran kata "a" seringnya dibaca "o" ( oleh-oleh)

Contoh : menika=meniko, sedaya=sedoyo, adicara=adicoro

Anda mungkin juga menyukai