Anda di halaman 1dari 4

TEKS PRANATA ADICARA PENGANTEN

Assalamualalikum Wr. Wb.

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong
temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring
lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito
ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung
Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh
ipun dinten qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso
panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan
walimatul urs ipun Raden Bagus ... bin ...kalian Raden ajeng Roro ... binti ...

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

1. Adicoro Pambuka
2. waosan pustoko suci al Qur’an
3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
4. Istirahat
5. wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
6. Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul
fatihah, Liridloillah--------

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono
pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-
Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng
ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan
panjenengan sami.
Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah
temanten ... ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun

(Pasrah Manten)

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus
atur pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah
mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak.... bade matur, amung kandek wonten sak
lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun
Bapak.....kaaturaken.

(shohibul Bait)

Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping
selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken
sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung
ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu.
Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan
panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro
selajengipun inggih puniko Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun
Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun
andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl dumugi akhir katah kekirangan boso
tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.Akhirul kalam
Wassaalamu alaikum Wr. Wb.

Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh


hasanah soho doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.
TEKS PRANATA ADICARA PENGANTEN

Assalamualaikum Wr. Wb

Nuwun, Para Pepundhen, Para Sesepuh, Para Pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-bapak,
ibu-ibu, Para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan.

Langkung rumiyin, mangga kula dhereaken muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah
SWT, ingkang sampun kaparenga kanugrahan ingkang arupi kasarasan. Sahengga, ngantos
wekdal menika panjenengan sedaya saged ngrawuhi anggenipun gadhah damel tasyakuran
penganten menika.

Para Rawuh ingkang kinabekten,


Salajengipun, kaparenga kula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening
para kadang kaluarga, inggih menika:
1. Adicara kaping sepisan inggih menika pambuka.
2. Dene, Adicara kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran.
3. Adicara kaping tiga inggih menika upacara Ijab qabul.
4. Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih penganten.
5. Adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana lan atur pambagya.
6. Adicara kaping enem inggih menika manasuka.
7. Jangkep adicara kaping pitu, pungkasan inggih menika panutup.

Bapak/Ibu, tamu undangan ingkang kinurmatan


Mekaten wau urutaning adicara ingkang badhe kalampahan ing wekdal menika.
Saderengipun, mangga kula dhereaken maos basmallah. Dhumateng tamu ingkang ngrasuk
agami sanes, kula sumanggaaken miturut kapitadosan piyambak-piyambak. Dedonga
kawiwitan……dedonga cekap.

Adicara ingkang kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran saking Retnasih.
Dhumateng sedherek Retnasih kula sumanggaken.

———————————————————

Menika wau waosan kitab suci Al-Quran saking sedherek Retnasih.


Dene, adicara ingkang kaping tiga inggih menika Upacara Ijab Qabul. Dhumateng Bapak
petugas ingkang sampun kajibah, sasana saha swasana kula aturaken.

———————————————————

Para rawuh sedaya, mekaten upacara ijab qabul ingkang sampun kalampahan kanthi gancar.
Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih penganten.
Dhumateng Ibu perias wekdal saha papan kula aturaken.

———————————————————

Mekaten Upacara Panggih penganten sampun kalampahan kanthi gancar.


Dene, adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana saking Bapak Agus.
Dhumateng Bapak Agus, kula sumanggaaken.
———————————————————

Matur nuwun, bapak Agus ingkang sampun ngaturaken tanggap wacana lan atur pambagya.
Adicara kaping enem inggih menika manasuka. Dhumateng grup campursari “Bagas Waras”,
kula sumanggaaken.

———————————————————

Mekaten wau canpursari “Bagas Waras” ingkang sampun ngregengaken acara menika.

Dungkap paripurnanipun adicara, monggo dipun tutup acara menika kanthi maos hamdallah
sesarengan. Menawi sadangunipun kula ngadeg wonten ing ngarsa panjenengan sami
nglantaraken reroncening adicara pawiwahan menika wiwit kanthi panutup. Kathah babagan
ingkang kirang ing trap sila saha subasita tumraping laku saha pacelathu, kula nyuwun
agunging pangaksami.
Cekap semanten atur kula.

Wassalamualaikum, Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai