Anda di halaman 1dari 4

[25/11 18.46] Adam Adiyanto: Assalamu alikum Wr. Wb.

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong
temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah,
soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid:
Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan
sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden
Bagus ... bin ...kalian Raden ajeng Roro ... binti ...

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

Adicoro Pambuka

waosan pustoko suci al Qur’an

Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi

Istirahat

wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah


Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah,
Liridloillah--------

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu
tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an
ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang
maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten ...
,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.

Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun

(Pasrah Manten)

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur
pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah
panjengan ipun Bapak.... bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko
sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak.....kaaturaken.

(shohibul Bait)
Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping selkawan
inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun
lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi
kanti sekeco lan saestu.

Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti
tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko
Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo
minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl
dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra
pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.

Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh hasanah soho
doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

[25/11 18.48] Adam Adiyanto: MEMBUKA ACARA

Assalamuallaikum Wr Wb (Bagi yang muslim)

Lumintuning Puja Astawa dhumateng Gusti ingkang Hamurbeng Rat, satemah hambabar daya
pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih, cihna ing kaludangan menika panjenengan
sedaya lan kula taksih saget nyawiji, manunggal wonten ing papan menika kanthi rahayu wilujeng nir ing
sakoro-koro. Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya lan kula ngunjuaken suka syukur
dhumateng Gusti ingkang Maha Wicaksana sinartan nyenyuwun mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa,
madya, dumugi wasana samangke saget lulus raharja, gancar rancak tinebehna saking sedaya pambeng
nir ing sambekala.

Nuwun dhumateng para rawuh ingkang satuhu kinormatan

para sepuh pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur

para purna karya labet praja sarta sarjana sujananing budi

boten katalumpen dhumateng para kadang wreda muda taruna ingkang satuhu bagya mulya
Keparengna kula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing ngriki minangka hangemban dawuh
saking pamangku gati nun inggih Bapa...(yang punya hajat. Misal:Bapa Raharjo).....piniji mratitisaken
pahargyan prasaja dhaupanipun Nimas Ayu...(Nama pengantin putri. Misal:Siwi wilujeng S.Pd)...ingkang
ari menika jinatu krama dening Dhimas Bagus .....(nama pengantin putra. Nanang kuncoro S.Hum)
atmaja putranipun Bapa...(nama besan. Misal: Bapa Rahmad) ingkang mijil saking laladan (nama desa
besan. Misal: Pedalangan Tembalang Semarang).

Para Rawuh kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan

hamurwakani lekasing sedya wigatosing gati, keparengna langkung rumiyen kula aturaken urut
rantamaning adicara ingkang sampun rinumpaka dening keluarga ingkang hamangun suka. ewondene
adicara ingkang badhe lumadi nun inggih, angka kaping:

pambuka

mijilipun temanten putri

praptaning temanten kakung

pasrah-tampi

panggih

krobongan

mapak besan

sungkeman

photo temanten

pambagya harja

panutup/purna

Mekaten para rawuh menggah urut rantamaning adicara wonten ing wedhal menika, ingkang
saklajengipun, keparenga panjenengan sedaya keparengan hangestreni tumapaking gati kanthi suka
renaning penggalih dumugi paripurnaning adicara samangke.

Nuwun

Anda mungkin juga menyukai