Anda di halaman 1dari 1

Pasrah Netep akenRembug/Sumbang sadran/sosokan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Panjenenganipun poro pepundhen, poro pinisepuh,poro alim ulomo ingkang tansah pantes tinulad kinabekten,
Para tamu putri miwah kakung ingkang saestu pantes nampi ing pakurmatan,
Langkung -langkung keluargo ageng Bapak …………… dalah Ibu ……………………. sagotrah kolowongso
ingkang satuhu dahat kinurmatan,
Kanthi tansah angunjukaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun, Alloh Subhanahu Watangala,
Sholawat Salamipun Alloh tetep konjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhamad Sollalohu
ngalaihi wassalam..
Pangapunten kulo cumanthoko matur wonten ngarsanipun poro rawuh sedoyo, inggih awrat mundih
dhawuh tinimbalan saking Bapak …………… dalah Ibu ………………. ingkang sepisan ngaturaken salam
taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan, sumrambah para keluargo samudayanipun, dene dhumateng para
pinisepuh ngaturaken sungkeming pangabektos. Kanti ucapan Assalamungalaikum wr. wb
Jangkep ongko kaping kalih, ing nguuuni utawi riyin sampun wonten pirembagan ing antawisipun
Bapak …………… dalah Ibu ……………….., anggadhahi putro kakung sesilih pun Bagus ……………….
kaliyan Bapak ……………. dalah Ibu …………….. ingkang kagungan putro-putri asesilih gendhuk
………………………… golong giliging rembag nedya anuntumaken balung pisah daging renggang, kanthi
atur makaten karono sampun jumbuh anggenipun sami pepetangan anunggil cipto, roso miwah karso, ingkang
meniko saking adrenging manah panjenenganipun siang meniko Bapak ………………. dalah Ibu
……………………… bade hanetapaken pirembagan lan ngaturaken sarana miwah upakarti minangka
jangkeping tata cara sesemahan utawi wilujengan pernikahan arupi sumbang sadran lan sumbang walimah.
Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun …………………. dalah Ibu ………………
inggih meniko :
Sepindah mahar utawi mas kawin kagem calon pinanganten putri arupi………………
Salajengipun ageman ingkang awujud sandangan sapengadeg minongko tondo katresnanipun Bapak
…………… dalah Ibu ………………… kangge calon putro pinanganten putri inggih putrinipun Bapak
……………….dalah Ibu ………………. pun gendhuk ………………..
Ndungkap salajengipun mboten kesupen Bapak ……………… dalah Ibu …………………. ngaturaken
dana wujudipun arto , kenging kadamel mbantu anggenipun Bapak …………… dalah Ibu
……………………… anetepi darmaning asepuh inggih amengku gati amiwaha putro utawi ndamel wilujengan
pesta pernikahan .
Ugi Bapak ………………….. dalah Ibu ………………… mbeto ubo rampe arupi sumbang sadran lan
sumbang walimah,sedoyo pun aturaken dateng keluargo Bapak …………… dalah Ibu ………………………...
Kajawi meniko, panyuwunipun Bapak ………………. dalah Ibu ………………….. ing benjang
menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna sarto kapanggihno miturut
satataning agami soho adat ingkang sampun kalampah wonten ing mriki wiwit alam kuna ing dugi sameniko.
Minongko pungkasaning atur, mbok bilih Bapak ……………….. dalah Ibu ……………. anggenipun
ngaturaken sarono dalah upakarti wonten kuciwo lan kirangipun, mawantu-wantu tansah nyuwun agunging
samodra pangaksomo.
Semanten ugi kulo minongko sulih sariro saking panjenenganipun Bapak ……………… dalah Ibu
………………. menawi wonten atur, wicoro miwah mboten jangkep ing unggah-ungguh lan toto boso,saestu
namung tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksomo.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai