Anda di halaman 1dari 3

Assalamu’alaikum

Karaharjan berkah soho rohmat gusti ingkang moho kuwoso mugi kajiwo kasaliro ing jiwonggo kito
sedoyo sumrambah kulowargo waradin sgung dudadi niskolo lulus raharjo

Poro sepuh puni sepuh ingkang hanggung mestuti mring pepoyaning kautaman minongko dados
tepo palupineng putro wayah ingkang tuhu kinabekten

Poro alim ulama poro bapak kyai, linangkung bopo kyai …………………………………… ingkang rinten
kelawan ndalu tansah gegulang reh kautamaning budi ingkang kulo ta’dzimi

Menggoloning projo satrio pangembating negari, bopo……………………… sak junjang krawat ipun
minongko pengayomaning pabrayan agung ingkang pantes sinudarsono

Ugi wonten ngarsanipun duto saroyo pangayab ipun saking kluwargo ageng bp……………………………..
ingkang dahat kinurmatan

Sagung adi lenggah ingkang minulyo

Sumonggo panjenengan sedoyo kulo derek aken ngatur aken pujo puji syukur alhamdulillahi robbil
‘alamiin dumateng ngayunan dalem alloh swt kacikno wonten ing ri kalenggahan siang / ndalu
puniko kulo dalasn panjenengan sedoyo tasih saget kempal nyawiji wonten ing pahargyan puniko
kanti winantu suko dlah basuki.

Rohmat salam ipun alloh, mugi tansah lumeberno dumateng priyagung paunggulaning manungso,
mustikaning bawono, sesotyaning jagat nuninggih kanjeng nabi agung muhammad SAW, keluwargo,
sohabat tuwin penderek ipun satemah kulo dalasan panjenengan sedoyo ingkang rinten kewan
ndalu tansah nyadong syafaat ipun fiddini wadun ya hattal akhiroh amiin.

Poro pilenggah sedoyo ingkang minulayo

Mugi kalilakno kulo cumantoko lumarap atur satemah nggempil kamardikaning panjenengan sedoyo
ingkang sawek eco wawan pangendikan sekawit kulo kapiji dining Bp…………………………….. kinen
nderek ake lampahing adi coro…………………………………………… midodareni daup ipun putro / putri
nipun bp………………………………… ingkang bade kadaup aken kaliyan ……………………………………… putro /
putri saking bopo………………………………………. Ingkang pidalem wonten ing …………………….

Kanti puniko kepareng kulo waos aken urut rantamaning adi coro ingkang sampun rinakit dining
keluwargo
Adicoro ingkang ongko sepisan pambuko arupi waosan ummul kitab sesarengan

Kalajeng aken adicoro ingkang ongko kalih lung tinampi calon temanten kakung. Saking keluwargo
Bp ……………………………………….

Atur panampi calon temanten kakung dalah pambgyo harjo saking keluwargo Bp……………………………..
tumapaing adicoro ingkang ongko tigo

Wondene adicoro ingkang pungkasan injih dungo pamuji

Sagung poro pilenggah ingkang minulyo

Kados sedoyo sampun sumekto tuwin satoto pramilo sumonggo adicoro wonten ri kalenggahan
siang / ndalu puniko kito wiwiwiti kanti pambuko ………………………………………………………… alfaatihah

Kulo aturaken agunge panuwun. Mugi lumantar waosan ummul kitab adicoro wonten ing ndalu /
siang puniko tinebihno saking wernine rubedo.

Kalejeng aken adicoro ingkang ongko kalih injih atur pasrah calon temanten kakung mas bagus
………………….. putro saking Bp……………………… ingkang bade dipun sarirani dining bopo
…………………………. Dumateng ingkang kajibah wekdal kulo aturaken.

Kulo aturaken agunge panuwun

Kalajeng aken adicoro ingkang ongko tigo, atur penampi calon temanten kakung ugi pambagyo harjo
saking keluwargo Bp………………………………………… ingkang bade dipun aturaken Bp………………………….
Dumateng Bp …………………….. wekdal kulo aturaken.

Dumateng panjenangan ipun kulo aturaken agunging panuwun . kalajeng aken adicoro ingkang
pungkasan injih dungo pamuji kanti pangajab mugi keluwargo ageng Bp…………………………….. dalah Bp
…………………………. Anggen ipun hanetepi darmaning asepah purwo madyo wusono tansah manggihi
kawilujengan kalis nir sambikolo tinebehna saking wernine rubedo. Kanti meniko dungo pamuji kulo
suwun aken dumateng bopo……………………………….. ananging sak dereng ipun, saking kulo anggen ipu
nderek aken lampahing adicoro, purwo madyo wusono nglenggono katah pamatur kulo ingkang
kirang nuju prono kulo nyuwun gunge samudro pangaksomo puputing atur

Wassalam

Dumateng poro pilenggah sedoyo sumonggo panjenengan dipun aturi angrahabi pasugatan ingkang
sampun sumekto wonten ngarsanipun panjenengan sedoyo kanti mardu mardikaning penggalih.

Nyuwun pangapunten dumateng poro pilenggah sedoyo ing reh denten bopo …………………………….
Sampun nyawis aken pasugatan arupi dedaharan pramilo sumonggo panjenengan sedoyo dipun
aturi jumeneng sak wentawis saking papan pilenggahan tumuju sasono boga ingkang supado kembul
bujono daharan. Sumonggo

Assalamu ‘alaikum

Sakdereng ipun nyuwun gunge samdro pangaksomo.

Kulo matur gempil kamardikaning panjenengan sedoyo. Den kulo minongko sesulih atur saking
bopo………………………… sepindah ngaturaken gunge panuwun ingkang tanpo pepindan katur
panjenengan sami ingkang sampun ngludang ake wekdal kangge ngrawuhi uleman ipun
bopo…………………….. wigatosing gati bopo …………………………….. ngaturi rawuh panjenengan sami, ing
reh denten dinten……………………….. bopo …………………………… bade hanetepi darmaning asepah. Injih
bade ngitan aken putro nipun ingkang sesilih adik…………………………… kanti meniko rawuh
panjenengan sami kasuwun donga pangestu nipun mugi purwo madyo wusono bopo
……………………………. Anggen ipun ngawonten aken pahargyan meniko tansan manggih karahayon,
kawilujengan kalis nir sambikolo tinebehno saking wernine rubedo. Kanti meniko kulo nyuwun
dumateng bopo……………………………… ingkang supados mratitis aken punopo ingkang sejo nipun
bopo………………………… kirang langkung mekaten pamatur kulo purwo madyo wusono nyuwun
gunging pangapunten . wassalam

Wekdal kulo aturaken dumateng bopo……………………………………..

Anda mungkin juga menyukai