Anda di halaman 1dari 2

PASRAH NGANTEN |1

TULADHA PANGANDIKAN PASRAH PENGANTEN KAKUNG


Assalamu'alaikum wr wb.
Puji syukur konjuk dhumateng ngarsa dalem Gusti ingkang murbeng dumadi, inggih hawit
Barokah saha Rahmatipun, kula sapangombyong saget marak sowan wonten dalemipun
Bapak..........(ingkang mangku gati) ing..........ngriki, kanthi wilujeng nir ing sambekala .
Pamuji kula, nugraha ingkang sampun kula tampi sapangombyong punika, mugi lestari
kapatedhakaken dhumateng panjenengan sagunging para tamu, lumeber dhumateng
sagung dumadi.

Kula nuwun,
Bapak ..........(ingkang mangku gati) ingkang winantu ing pakurmatan.
Sowan kula wonten ing mriki hawit kautus Bapak..........sekalihan ( bpk ipun penganten
kakung ) saking............, kadhawuhan matur dhumateng penjenengan Bapak..........(ingkang
mangku gati).

Ingkang kapisan ngaturaken salam rahayu ingkang linambaran donga pamuji saking
Bapak..........(bpk ipun penganten kakung), mugi katur dhumateng penjenengan
Bapak..........(ingkang mangku gati) sumrambah dhumateng sedaya kulawarga.

Ingkang kaping kalih, masrahaken penganten kakung nama pun Bagus.......... , kinen
dhaupaken kalihan Rara..........putra pawestri penjenengan.
Sowanipun penganten kakung kinanthenan sanggan majemukan, nadyan wujudipun
namung sapala, boten mingsra kerta ajinipun. Kejawi saking menika ugi ngaturaken
sumbangsih ingkang wujud arta piningit ing dlancang, panyuwun kula keparenga nampi
kanthi suka renaning penggalih. Kanthi pangajab sageta ndadosaken sangsaya rapet raket
supeket anggenipun sami mangun bebesanan saha kekluwargan, antawisipun kulawarga
saking Bapak..........(ingkang mangku gati), kalihan kulawarga Bapak..........(bpk ipun
penganten kakung).

Salajengipun, ing reh penganten kakung sampun kula sowanaken, menggah kaleksananing
tata-cara dhaup sawetahipun, purba wasesa kula sumanggakaken wonten ngarsa
penjenengan kulawarga ageng Bapak..........(ingkang mangku gati).
Ingkang kaping tiga, benjang dinten.......... surya kaping..........tabuh.......... Sri atmaja
penganten sekalihan, keparenga kinanthi kasowanaken dhateng dalemipun Bapak..........
(bpk ipun penganten kakung)wonten ing.........., wigatos nedya dipun suwunaken donga
pamuji dhumateng para sesepuh pinisepuh, sanak sedherek tuwin mitra pitepangan.

Bapak..........(ingkang mangku gati)ingkang winantu ing pakurmatan. Mekaten menggah


wigatosing sowan kula, minangka utusanipun Bapak..........(bpk ipun penganten kakung)
sekalihan sampun kula aturaken. Wondene mangke purnaning pahargyan kula
sapangombyong keparenga lengser saking ngarsa penjenengan, nyuwun pamit wangsul
dhateng rompok kula sowang-sowang, namung kula nyuwun donga pamujinipun mugi
lampah kula sapangombyong kalis saking pringga-bayaning marga, lulus raharja nir ing
sambekala.
Tumrap kirang trep pangetraping subasita, menapa dene kirang jangkeping atur kula,
satemah boten mranani ing penggalih, mugi diagung ing pangaksama.
Pepet puput pepuntoning atur, mugi rahayu ingkang sami pinanggih,
PASRAH NGANTEN |2

billahi taufik wal hidayah, akhirul kalam Wasalamu'alaikum wr wb.

Anda mungkin juga menyukai