Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahi robbil alamin, washolatu wassalamu ‘ala asrofil ambiya’i wal mursalin, sayyidina wa wa
maulana Muhammadin, wa ‘ala alihi wasohbihi ajma’in. Amma ba’du.

Para sesepuh, pinisepuh, ajisepuh saha para pepunden ingkang buntas ing pamawas, lerda ing pitutur,
ingkang sinubo ing pakurmatan.

Bapak RT 3 ingkang kula hormati, Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sedaya warga RT 3 ingkang kula hormati,
Para kadang wreda kadang taruna RT 3 ingkang kula tresnani.

Sumangga sareng-sareng kita ngunjuaken puja puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang
murbeng dumadi, ingkang sampun maringi karohmatan, kanikmatan saha kebagaswarasan dhumateng
kula lan panjenengan sami.

Mboten kesupen ugi salam sarta salawat tansah konjuk dhumateng junjungan nabi kita, Nabi Agung
Muhammad SAW, dhumateng garwa, putra saha sakpanderekipun dumugi yaumul akhir zaman.

Para bapak, para ibu ingkang kula hormati, Keparenga kula kumowani madeg wonten ngajengipun
panjengan sedaya, awit kula kanthi panitia supados ndherekaken acara syawalan, wondene acara
ingkang sampun karonce :

1. Pambuka
2. Atur Pangandikan Ketua RT (Bp. Paimin)
3. Ikrar Syawalan (Sdr. Gandhi)
4. Atur Panampi (Bp. Suyadi / Bp. Sukardi)
5. Doa (Bp. H. Saryudi / Bp. Mario)
6. Panutup

Mekaten menggahing acara ingkang sampun karonce. Rehning sampun wekdalipun kawiwitan,
sumonggo acara syawalan ing enjang punika kita bukak kanthi waosan basmalah Sesarengan.

Bismillahirahmanirrahim

Ndungkap Acara ongko kalih,


Dhumateng Bapak RT, Nun Injih Bapak Paimin, sasana wicara kasumanggaaken.

Ndungkap Acara ongko ......... (inggih punika .......)


Dhumateng Bapak/Sdr .........., sasana wicara kasumanggaaken.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, minggahing para sesepuh ingkang kula hormati, Acara syawalan sampun
lumampah kanthi sae, kantun acara ingkang pungkasan punika panutup.

Sumonggo acara punika kita syukuri kanthi maos tahmid sesarengan

Alhamdulillahirobbil alamin

Saking Kula pribadi, kula nyuwun pangapunten anggenipun kula ndherekaken acara syawalan punika
kathah kirangipun nyuwun pangapunten, panutuping atur, Akhirul kalam.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Assalamualaikum Wr. Wb.

Kepareng matur dhumateng Bapak-bapak, Ibu-ibu lan sedaya warga RT 3 ingkang kula hormati.

Keparenga kula ing mriki minangka talanging atur saking pemuda lan pemudi Wirajati RT 3, badhe
ngaturaken :

 Ingkang Sepisan, Ngaturaken salam ta’lim saha sungkeming pangabekti kula dhumaten bapak
saha ibu.
 Ingkang ongko kalih, Kula ngaturaken minal aidzin wal faidzin, mohon maaf lahir dan batin.
 Ingkang ongko tiga, Kula sakanca ngaturaken kalepatan geneo anggen sesrawungan saklami
setahun mriki kathah kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten dipun sengaja. Mugi ing
dinten riyadhi menika saged kalebur.
 Ingkang Pungkasan, Kula sakanca nyuwun donga saha pangestu mugi menapa ingkang dados
panjangkanipun para kanca sedaya saged kalaksanan kanthi kalis nir ing sambekala

Cekap semanten atur kula, kathah kirangipuin kula nyuwun pangapunten, Akhirul kalam

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai