Anda di halaman 1dari 5

Nama:

Astryd Oktty K (11)


Bagas Maulana S (12)
Dian Fajarwati (15)
XII IPA 7

SMA Negeri 1 Klaten


Tahun Pelajaran 2012/2013
ATUR PAMBAGYA HARJA PENGANTEN

Assalamualaykum Wr.Wb.

Dhumateng panjenengan para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula


bekteni. Sagunging para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu ing
karahayon. Sarta para kadang werda muda ingkang tuhu pantes sinudarsana.
Sakderengupin kula matur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken
monjuk puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih
awit peparing nikmat, taufik hidayah, sarta inayahipun, kula panjenengan sami
saged kempal wonten adicara punika kanthi widada nir ing sambekala.
Wonten ing kalodhangan menika, keparenga kawula sawetawis paripaksa
nggempil kamardikan panjenengan sami ingkang ketemben lelenggahan saha
wawan pangandikan. Karana mestuti dhawuh kersanipun ........................., kinen
matur pinangka talanging basa sulih sarira.
Ing madyaning pepanggihan menika, ......................... lumantar kula ngaturaken
sugeng rawuh dhumateng para tamu sedaya. Sugeng rawuh, sugeng lenggah.
Mugi para rawuh kersa lenggah kanthi mardikaning penggalih.
Ugi ......................... saestu ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit
panjenengan sedaya kersa nglonggaraken wekdal kangge rawuh wonten adicara
menika.
Inggih karana manunggaling cipta, rasa, karsa lan karyanipun, .........................
ing kalodhangan menika netepi dharmaning asepuh, malakramakaken putra
putrinipun ingkang sesilih Nak ................., kadhaup kaliyan Nak ......................,
putra kakungipun ................. Dene ijab qobul sampun kalampahan kalawau
enjang, wanci tabuh 08.00 kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.
Karawuhanipun para lenggah sedaya, panjenenganipun .........................
nyuwun donga pangestu saha peseksen dumateng para lenggah sedaya. Mugi-
mugi temanten kekalih anggenipun bibar nggebyur bebrayan enggal dadoso
kaluwarga ingkang Sakinah Mawadah Warahmah, enggalo pikanthuk tangsuling
katresnan. Ingkang tembenipun saged migunani dumateng agami, tiyang sepuh,
saha nagari.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kula bektosi,
penejenenganipun ......................... nyuwun mugio para lenggah sedaya kerso
nyrantos pawiwahan punika wiwit purwa, madya, dumugi wasana.
Panjeneganipun nyumanggaaken mugio para lenggah sedaya kersa ngedapi
pasugatan ingkang cumawis, sak kawontenanipun.
Dumateng para rawuh sedaya, ......................... nyuwun pangapunten menawi
wonten kekiranganipun aruh, lungguh, suguh. Saha mbok bilih anggen kawula
pribadi matur wonten galap gangsulipun atur karana kirang sesserepan saha
andhaping pawiyatan, kula nyuwun lumunturing sih agunging samudro
pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


A t u r P a s r a h Te m a n t e n

Assalamualaykum wr.wb

Kula nuwun

Para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.


Panjenenganipun Bp. , ingkang satuhu kula bekteni. Kula
ingkang minangka talanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bp/Ibu.

Ingkang sepisan, Bp. kekalih ngaturaken salam


taklimipun konjuk dhumateng Bp. Kekalih, kanthi pepuji mugi-
mugi Bp/Ibu. tansah pinaringan berkah rahmating pangeran
suka rahayu ingkang sami pinanggih.

Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah hamasrahaken sri penganten


kakung ingkang sesilih Bg. ingkang badhe kadhaupaken Rr.
putra-putrinipun Bp. Ingkang punika Bp.
kekalih ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupi sandhangan
penganten sependherek. (contonipun , , )

Menggah sedaya kala wau kaaturaken kanthi renaning penggalih,


nadyan ta mboten wonten ajinipun, pramila sampun kaukur kanthi bobot lan
bebeting barang, mugi katampia minangka talining katresnan kangge
ngraketaken anggenipun bebesanan.

Ingkang punika, mbok bilih sedaya ingkang magepokan kaliyan tata cara
ijab qobul sampun satata, keparenga ijabing penganten lajeng katindakna.

Bp/ibu. Ndherek nyenyuwun dhateng gusthi Allah SWT,


mugi paringa berkas pangestu wilujeng dhumateng ijabing penganten, sageda
kasembadan kanthi wilujeng nir baya nir sangsaya mboten alangan satunggal
punapa sumrambah ing sedayanipun.

Kula ingkang minangka caraka ingkang ngaturaken pasrahan temanten,


mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur lan mbok bilih wonten
kiranging suba sita, tandang tanduk tuwin tata krami, kula dalah para caraka
ingkang nglumantaraken srah-srahan sedaya nyuwun agunging samodra
pangaksama.

Wassalamualaykum wr.wb

Kula nuwun.
Atur Panampi Pasrahan
Assalamialaykum wr.wb

Kula nuwun,

Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu para


tamu kakung sumawa putri, kadang muda-mudi ingkang satuhu kula tresnani,
maliginipun Bp. Sakulawangsa mangka duta saraya saking
kadang besan sutresna, ingkang dahat sinudarsana.

Saderengipun kula nyuwun sih pangapunten ingkang agung hawit kula


jumeneng wonten ngarsa panjenengan sami, mboten nami ngilangi tata
trapsila, hawit hangengeti papan saha kawontenan ingkang mekaten, kapeksa
kula jumeneng wonten ngarsa panjenengan.

Panjenengan Bp. kula minangka sulih sarira Bp.


sekaliyan ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Bp.
sekaliyan nembe ngraosaken bombong mongkong ing penggalih, suka
pari suka pikantuk sungsung tetalining katresnan ingkang tanpa pepindhan.

Langkung rumiyin Bp. sekaliyan ngaturaken puja-puji


syukur dhateng ngarsanipun gusti ingkang maha Agung ingkang sampun
paring kanugrahan dhateng Bp. sekaliyan, katitik ing wekdal
punika Bp. sekaliyan bangkit ngajangi pawiwahan upacara srah-
srahan.

Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bp. sekaliyan ngaturaken


pambagya rahayu wilujeng nglarapaken sarat sarana palakrama saking dalem
dumuning wisma punika.

Kaping tiganipun, sampun dipun tampi atur taklimipun Bp.


sekaliyan ingkang lumantar panjenenganipun Bp. . semanten ugi
Bp. sekaliyan ugi ngaturaken salam taklim mugi katur wonten
ngarsanipun Bp/ibu. kanthi pepuji mugi-mugi tansaha
pibaringan sih kanugrahaning pangeran, cinelakna ing suka rahayu lan
tinemba ing godha rencana.

Kaping sekawan, Bp. sekaliyan ngaturaken gunging


panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Bp. sekaliyan
kersa hangenthengaken bot karepotipun Bp. ingkang
punika pasrahing temanten kakung dipun tampi kanthi suka renaning
penggalih. Mbok bilih sadayanipun sampun samekta ing gati sri temanten
kekalih tumunten badhe kadhaupaken.

Mawantu-wantu panyuwuning Bp. sekaliyan mugi


panjenenganipun dalah para pangaraking temanten sadaya kasuwun kanthi
sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan
kanthi mirunggan ngantos paripurnaning gati.

Minangka puputing atur mbok bilih anggen kula ngaturaken panampi


punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani anggen
kula matur. Awit cupet ing nalar kuthunging pemanggih. Kula tansah mawantu-
wantu nyuwun lumebering samodra pangaksami.

Wassalamualaykum wr.wb
Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai