Anda di halaman 1dari 2

Panoto adicoro temanten

Assalamu'allaikum wr.wb

 Lumintuning pudyastowo saking gusti ingkang maha welas asih, mbabar doyo pangaribowo
ingkang tumanduk dhumateng kawulo dasih kachino ing kalenggahan meniko jengandiko lan
kulo pinarengaken kempal manunggal kanthi lelumban ing samudraning kayuwanan
 Nuwun poro pepunden poro pini sepuh sasepuh aji sepuh ingkang satuhu gambuh ing
kaweruh lebdo ing saniskoro ingkang satuhu pantes pinundi-pundi
 Poro pangarso agami ingkang sampun pono dhumateng wahyuning kasupan, Langkung -
langkung poro Alim ,poro Kyai ,poro sarjono sujananing budi ingkang hambeg ing budi.
 Poro pangembating projo satrianaing negeri pinongko song songing kawulo dasih ingkang
satuhu pantes sinudarsono.
 Poro trahing sutrisno budoyo adi luhung ingkang agunggung memardi mardawaning budoyo
tulus ingkang tansah sinubong ung tata krami.
 Poro rawuh kakung semawono putri ingkang tansah karoban robing yuwono basuki

Minongko purwaning atur sumonggo sesarengan manungku puja konjuk dumateng gusti gung
ingguh sumber gung ingkang ayumberi sedaya sumbering gesang ingkang sampun matedha'aken
nugroho awis ajinipun nenggih kebagas warasan lan kawilujengan kacihno ing kalenggahan meniko
njengandiko lan kulo pirnarengaken kempal manunggal kanthi panti pahargiyankanthi ginajar
kawilujengan.

Boten katalupen sholawat miwah salam mugi konjuk sekar mustikaning bawono nun inggih kanjeng
Rosul Nabi Muhammad SAW.Ingkāng tansah karantu syafaat ipun pinongko pepayunghamiwiti
gesang ing loko pono prapteng loko book

Poro rawuh kakung sumawono putri ingkang tansah sinubo ing pakurmatan.... Mugi tinebihno ing
deduko tulak sarik tan salwiring sesedhu, labet kulo kumawani anggempil

kamardikan panjenengan jengandikosami wawan sabdo inggih angen kulo sumanggen dhawuh
pangerdikanipun bp......../ibu....... miwah sedoyo brayat.

ingkang wonten kalenggahan meniko rineseban Ari Anggoro kasih........... Surya kaping .........Wulan
warso.......panjenenganipun kapereng hamengku gati mahargyo putro boyong pengantin sarimbit,
nun inggih atmojo kakungipun ingkang kekasih Bagus.........ingkangsampun andhap satungaling
kenyo panujuning manah selisih Roro........Putrinipun Bp....... /Ibu......ingkang pidalem
ing.......wondene kulo sinaroyo minongko pambiworo keparengo ngaturaken rantamaning adicara
ingkang badhe katur ing wekdal meniko

Kados dnene padhatan kawiwitan atur pambuko.

 Adicoro ingkang ongko kalih meniko kumandaning waosan ayat Suci Al-Quran ingkang badhe
dipon beberaken dening Bpk.....
 Wondhene adicoro urut tigo wedharing atur pambagiyoharjo
 Adicoro ingkang anglenggahi ongko sekawan pasrahing pengantin sarimbit
 Atur panampi pasrah adicoro urut kaping gangsal ,purnaning lung tinampih nun inggih
madharing sabdotemo.
 wondnene pathining adicoro panti pujo hastungkoro utawi dungo panutup
Sagunge poro tamu ingkang tansah siniram tirtaning kasebran ,mekaten adicoro
ingkang badhe katur sumonggo kasuwun ndherekaken anut lampahing adicoro
kanthi mardikaning penggalih
Nuwun poro priyo gung tamu kakung miwah putri ingkang sulistiyo ing budi,wekdal
sampun dungkap tabuh kaping ...... Wekdal Nuswantoro Imbang Pracimo jumbuh
kallan rantamaning adicoro,pramilo laksitaning adicoro tumuli badhe kawiwitan
,awit saking meniko poro rawuh kasuwun ikhlasing penggalih maos Basmallah
/Ummul kitap minongko pambuko kulo derekaken.......
Sangyaning adi lenggah ingkang tansah sinubo ing tata krami ,ngancik adicoro
candhakipon kumandhanging waosan Ayat Suci Al-Quran ingkang
kebeberaken dening Bpk.....Dhateng panjenengan ipon sasono miwah wekdal kulo
Mekaten poro rawuh kanthi kumandhaning Wahyuning ilahi mugi ndadosno
sumanggakaken keberkahan pengantin sarimbit lumeberipun pilenggah sami.
Sagune poro rawuh ingkang dahat kalinggo murdaning akrami tumampak
adicoro candhakiponwerdaning atur pambagiyo harjo saking Bpk........ingkang badhe
kasariro juruh sabdanipon nun inggih ingkang kinormatan Bpk.......Awit saking meniko
katur Bpk..... Kulo sumanggakaken. Nuwun...
Bpk/lbu ingkang pinuji rahayu lumarep adicoro nun inggih lung tinampi .duto
caroko utusan ipun Bpk.... Badhe ngaturaken pasrahing pengantin sarimbit katur
Bpk....Mrih kasernbadaning sedyo katur Bpk... ..Sasono pengandiko sak cekap ipun
kulo sumangga'aken.
Sampun purno pasrahing pengantin sarimbit lumantar Bpk..... kanthi wijang
lan pratitis doyo-doyo badhe katampi dening Bpk......umantar sulih saliranipun nun
inggih Bpk.......dateng panjenenganipun kulo sumanggaken.
Poro langgah ingkang minulyo ing budi.pengantin sarimbit katinggal
anggenipun tansah nyeyadong kali damar mrih kasembadaning sedyo milo wonten
kalodhangan meniko Bpk.....hamintosroto dumateng Bpk......kinen peparing wasito
adi sabdo tomo dhateng pengantin kekalih.dhateng panjenenganipun kulo
sumangga'aken
Sangyaning poro tamu warganing pasamuan ingkang satuhu kinormatan sampun
ngarncik pathiting adicoro lumaraping santi pujo hastungkoro ,babring do'a panutup
ingkang badhe dipun imami Bpk.......katur panjenenganipun wekdal sak cekapipun
kulo sumangga'aken
Nuwun poro rawuh lampahing adicoro purwo madyo sarnpun ndungkap
wasono mbok bilih anggen kulo nglarapaken adicoro wonten duno dungkap tandak
tanduk muno muni ingkang kirang mranani, menopo den sisip sembiring boso lan
kirang renggeping wicoro mbok bilih alit damel kuciwo anggenipun mboten
nujuprono kepareng tadha deduko nyadong tetesing pangaksomo
Peputonong atur rahayu ingkang pinanggih

Wassalamu’alaikum WR. WB

Anda mungkin juga menyukai