Anda di halaman 1dari 3

Sanggya para lenggah ingkang tansah hanampi berkah.

Ibu tuwin Rama, sumrambah besan sekalian Wus samapta ing gati, siaga ing dhiri, hanganthi sungkem
pinanganten sarimbit. Kairing puja pamuji, mugi-mugi tansah manggih rahayu.....
( backsound : Ldr. MUGI RAHAYU sl.man )
Rawat-rawat kepireng ungeling ladrang Mugi rahayu, asung panjurung lampahing pangabekten risang temanten
kekalih wonten ngarsanipun rama tuwin ibu. Kekalihipun sampun ngrucat cenela lampah dhodhok......
Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang garwa gya humarak ngarsa mring Ibu
miwah rama.
Jroning ndriya muhung arsa sungkem lan ngabekti dhumateng ingkeng ibu saha ingkeng bapa sinartan paminta idi
pangestu anggenira palakrama pinaringana yuwana, kinalisna ing rubeda, bagya mulya salaminya...
Sungkem dhateng ingkeng ibu lan rama mengku werdi ngaturaken agenging panuwun mring Rama-Ibu ingkang
sampun sembada ngukir jiwa raga miwah hanggulawenthah wiwit alit ngantya akir diwasa.
Lampah dhodhok sesedhokan, temanten kekalih repepeh-repepeh angeka pada. Tumuli hanjengku mring
padaning ingkeng rama lan ingkeng ibu.
Reeeepppp.............tidhem premanem.
Tan ana sabawane walang salisik, labet kaperbawan suasana ing sasana rinengga, ing ngriku sri atmaja temanten
sekalian ndaweg karerantan ing ndriya.
Brooollll................wijining kanang waspa, tumibeng ing pangkone ingkeng rama lan ibu.
Ceeesss......anyes pepadanipun ibu rama, keladuking atur bebasan banjir luh sarah waspa sajroning sasana
rinengga.
Tumuli tumetes waspanipun rama ibu kadya reroncening mutiyara, dupi hanampi sungkemipun putra kekalih. Den
arasi palarapanipun miwah pangarasan kanan kerin, kang ana sayekti hamung rasa tresna – asih...
muhung sawiji kang kaesthi, paring pangastuti mring dwisiwi.
( bisa diselingi dengan tembang yang sesuai / jumbuh )
Satunggal mbaka satunggal ibu rama sampun purna paring puja astawa. Pengantin kekalih nuli amberat raosing
galih. Lumengser saking ngarsanipun rama ibu lenggah malih ing sasana rinengga.....

Dupi priksa lamun para pepundhen catur sampun kepareng lenggah, pinanganten sarimbit daya-daya jengkar
saking palenggahan gya hangaturaken sungkem mring rama ibu. Candrane tansah kairing puja mugi tansah
rahayu.
Nalika samana, sampun jengkar rising pinanganten sarimbit repepeh-repepeh pindha sata matarangan,
ngabyantara ing ngarsa rama saha ibu. Wadana tumungkul yayah konjem ing bantala, tangkeping asta
sumembah, sinartan eninging cipta nyadhong pangastawa saking rama ibu.
Gilir gumanti pinanganten sarimbit hangaturaken sungkem mring pepundhen catur. Sanadyan lir sinendhal
mayang penggaliipun rama ibu dupi hanampi sungkemipun ingkang putra, parandene para pepundhen catur
samya paring donga pangestu dhumateng pinanganten sarimbi. Mugi-mugi nggennya badhe amangun
balewisma ing madyaning bebrayan agung, tansah tansah manggih cepaka mulya sawakul gedhene, liripun
sageda tansah sembada kang sidedya, jumbuh ingkang ginayuh lan dumugi ingkang kaesthi. Lestari
pinesthining jodho, atutruntut bagya lan mulya, tebih saking gora godha lan rencana.
Sampun paripurna adicara sungkeman, salajengipun pinanganten sarimbit arsa tedhak citra utawi foto
sesarengan rama saha ibu, kinarya pepenget tumapakaking prastawa gati ing wanci punika.
Kanthi upacara tedhka citra, pratandha paripurna upacara adat panggihing pinanganten sarimbit. Daya-daya
hangancik adicara salajengipun. Nuwun.
Poro rawuh kakung putri miwah saguning poro sepuh ingkang mahambeg dharmo, dupi sampun paripurno titi laksono
adicoro panggih miwah tonpo koyo, kaparengo ngrumpoko dhumateng adicoro sungkeman. Dhuwung kalolos dening
panjenenganipun bapak…………awit badhe atur pangabekten dhumateng pinisepuh milo datan prayogi lamun asikep
gegaman. Arih tindakiro sri pinanganten sarimbit lumarap marak sowan ing ngarsanipun romo saha ibu, kekelihipun
kanthi kapratitisaken deneng panjenenganipun bapak – ibu….

“ Hung wilaheng ngawi genam emas punomo sidhem,,

Penganten kakung wus jengkar saking dampar dento kursi rinenggo, anganti ingkang garwo lumarap ngabyantoro myang
kang poro pinundhi, nenggih romo dalasan ingkang ibu, lampah jengku bebasan soto matarangan, esthining penggalih
amung sumedyo sumungkem dhateng padanipun ingkang romo ibu, sigro tumungkul yayah konjem pertiwi wadanane
temanten sarimbit,

Tangkepeng asto sarwo sumembah ing jengku ering kanan, sinartan eninging cipto rumasuk ing sanubari, anyuwun
rumentahing pudyo hastowo saking romo miwah ibu, mring esthining driyo deniro bebrayan, tansah manggih kanugrahan,
kabagyan lan kamulyan saking Gusti kang Moho Welas lan Asih.

Dupi sinungkeman ing pepadaniro ingkang romo miwah ibu, datan biso ngunandhiko, kadyo sinendhal mayang bathine,
sumedhot ing galih, dhene putro sing linairake saiki wus dewoso arep mangun bale wismo, datan karoso trenyuhing nolo
akaryo tumetesing waspo lamun kacondro kadyo mutyoro rinonce, ingelus – elus pamidhangane ingkang putro, ingusap –
usap rekmane, ingaras kebak ing raos tresno asih.

Punopo tho menggah darunane…..?

Jro sumungkem anguswo pepadane ingkang rama ibu, penganten anggung enget marang purwaning dumadi duk rikolo
linairake aneng jagad pepadhang, ginadhang gadhang kinudhang kudhang wiwit alit sahinggo dewoso,

Enget marang romo ingkang wus sembodo angukir jiwa ragane miwah dadyo lantaraning tumuwuh.

Enget marang ibu ingkang wus kuwowo dadyo papaning yugo broto salebeting nawa candra dasa ari, sarto anglelinthing
anggulowentah wiwit kalane ing ngguwo garbo nganti tumekeng akhir dewoso, rumaos menawi ageng sanget
anggenipun katah dwusanipun dateng romo ibu lan kapetangan budhi. enget kapan saged atur piwales.

Eling – eling risang panganten wiwit timur mulo anggung ginunggung mring pepoyaning kautamen, amilo namung
sakedhep netro wus bangkit angusadani onenging nolo, nadyan anandhang sungkowo cekap ing samudono.

Waspodo ing semu dupi anguningani bilih ingkang putro deniro karantang galih, kadyo kawijil pengendikane aris kang
kebak ing wasito adi, makaten tho umpamiyo kawijil ing lesan . :

“ Duh anaakku ngger temanten sakloron….

“ Duk kalane isih cilik siro dak kekudang yen tho dewosomu biso winengku dening satriyo tomo / wanito tomo, ingkang
sembodo hangayomi jiwo raganiro ing mengko tumekeng delahan, ing kalungguhan iki, sepiro tho lego bungahing atiku
dene kekudanganku jebul wus dadi kasunyatan, kang menkono lelungsen dak bebekali, kanthi dak suwunake
kamurahaning Gusti ingkang Moho Agung, Pangestune romo ibu marang siro sakloron bebasan tansah anglur selur
pindho ilineng narmodo, mugo nggeniro polokromo biso tuwuh hangremboko, nganthi tumekaning kaki nini, alandesan
dharmaning roso tresno kang hangremboko, binarung lan pangestune romo ibu kang wus satruju dumurungi marang
polokaramamu , biso atut saruntut kadi mimi lan mintuno, mugyo tansah manggih kabagyan miwah kamulyan, tebih ing
sukerto lan godho rencono, sarto dak sesuwun ing rino pantaran ratri, mugi enggal antuk talining brayat , yoiku wujuding
pratimo ingkang bangkit biso toto jalmo, ingkang datan liyo momongan minongko rengganing bale wismo lan talining
bebrayan “.

Dupi wus paripurno anggenipun sungkem pangabekten dateng padanipun romo-ibu, temanten lajeng kanthi kebak toto
lan kasusilan, subositaning putro dateng tiyang sepuh, jumangkah lon-lonan arso nglenggahi dhampar rinenggo ingkang
kasosro sarwo sarwi edipeni.

Opo tho rerengganing dhampar…..?


Rerenggan tarub kajawi janur kuning ingkang karenggo adi, ugi kawistoro sawenehing tetuwuhan miwah puspo rinonce ,
kadi tho tetuwuhan wulung cengkir gadhing dwegan wilis, gedang mas sarakit, sinonggo pisang rojo ron kemuning, pari
wulen sak angkan pinoro kalih, jagung otek, godhong moyo, godhong opo-opo, miwah sekar kenongo, mawar melati
ingkang ajrah jroning babut permadani, kongas ngambar arum gandane ginondho gondho jebat kasturi, punopo tho
werdining tebu kang kadayang saking antebing kalbu, tiyang sepuhipun kekalih, sampun sumedyo agolong agulung,
sumedyo bebesanan ingkang sinambet kaliyan raos kencenging pikir,

Ingkang pangajab panganten tuwuh tumuwuh, tumangkar gampil anggenipun nguladi guno koyo, manggiyo
kalanggengan ing sugengipun, satemah ngambar arum ing asmo pindho sekar kemuning, lan saged dados
pangayomaning poro sanak sederek, kadang pawong sumitro, raharjo kalis ing saporo-poro, tebih ing sesuker talak
panyendhu.

Yayah suryo kembar candrane, penganten sarimbit milo cingaking poro-poro ingkang samyo humiyat, pindho bathoro
komojoyo ngejowantah ingkang sarimbit kaliyang ingkang garwo bathari kumoratih, gesang reruntungan wiwit saking
madyo podo ngantos dumugyo alam janaloko, rukun sayuk pindho gesangipun mimi lan mintuno, menawi kacondro ing
jaman purwo, kadyo brayanipun risang pamadyaning pandowo risang harjuno kaliyan putri dewi woro ireng yo woro
sembodro, kasanepo ing jaman madyo kadyo dhaupipun risang panji asmoro bangun kaliyan dewi sekar taji, putri ing
beboyo ing kediri

Kacondro ing jaman mojopahit, kacondro kadyo prastyanipun raden damarwulan lan ingkang garwo dewi anjasmoro,

Kathah pangrumpoko lan penyondro ingkang pantes kagem penganten ingkang sayekto sampun satraju, kawiwoho
kapahargyo lenggah wonten ing pasewakan, pramilo dateng pinisepuh, poro sutresno lan poro priyagung, penganten
amung nyuwun sih pariwirmo, kaparingo pandungo pengesti, miwah sakatahing wursitoworo, kangge sangu miwah
dedamar gesangipun penganten, anggenipun arso lelangen ing bebrayan agung, mugyo kekalihipun saged awatak
momong, momot, momor, mursid lan murakabi, momong mengku pamrih sageto tansah ing ngarso sung tulodho, ing
madyo mangun karso, tut wuri handayani, momot tan gampil serik lamun cinacat, ugi mboten gampil bombong menawi
kaalembono, momor gampil ing pasrawungan, mursid landep panggraitane, mboten cengkah kaliyan jejering kautamen,
murakabi lir ipun mboten kalajeng nyekapi betahing priyonggo kemawon, nanging ugi sageto yrumambahi ing asanes,

Jumbuh kaliyan wewaton dhasaring negari, nun ninggih ponco silo ingkang satuhu luhur.

Wasono cekap semanten agrumpoko, janturan kagem jejering penganten ingkng nembe kawiwoho, wiwit panggih, kacar
kucur ngantos dumugineng sungkeman, pangalembono miwah panyaruwe kasumangga aken dhumteng poro tamu,
damar mancung cinukep semanten, lan jenang selo wader kali sesonderan, apuranto yen wonten lepat kawulo,

Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai