Anda di halaman 1dari 2

Reep tidhem permanem , datan ana sabawa sajroning walang salisik , bebasan ron-ronan tan ebah

awit samirana datan lumampah, kang kapyarsa hamung swara pradangga lokananta kang
ngumandang ing saindenging sasana wiwaha ,wus kena daya pangaribawa ingkang samya binoja
krama, wus dumugi wahyaning mangsakala, dhumawahing kodrat saking panguwaosing Gusti
ingkang hamurbeng Rat, nalika semono ono titahing Gusti ingkang asipat Jalu miwah wanita ingkang
arsa hanetepi jejering ngagesang ,ngancil alaming madya hamastuti ila-ila ujaring para kina ingkang
pinundhi – pundhi sarta angleluri laksita harja nulad edi endahing budaya luhung , nalika semana
pinanganten kakung lumaksana hanuju mring sasana piniji, mekaten ugi pinanganen putri jengkar
saking sasono palenggahan arsa hamapag rawuhipun ingkang raka garwa.

Lon-lonanan anggenira lumaksana pinanganten kekalih pratanda suka hanengenaken mring rasa
pangati-ati, dupi wus samya caket anggenira lumaksana, temanten kekalih samya apagut
tingal,tempuking catur netra handayani rasa pangaribawa ingkang mahanani manunggaling cipta
rasa miwah karsa , tumuli kumlawe astane samya abebalang gantal , gantal ingkang binalangaken
temanten kakung winastan gondang tutur, parandene gantal ingkang binalangaken pinanganten
putri winastan gondang kasih. Gantal kinarya bebalangan dumados saking sedhah lininting
tinagsulan lawe wenang awarna seta, mengku werdi sinandhi suruh senadyan dinulu beda lumah
lawan kurebe parandene lamun ginigit podho rasane, sanadyan sajuga priya sawiji putri lamun wus
manunggal tekade bisa manunggal cipta rasa miwah karsane, tinagsulan lawe wenang awarta seta
werdinipun sasampunipun tinangsulan ing akrami dadya paningset anggenira babrayan, datan nalisir
saking angger ugering kautamen, pinilih suruh kang matemu rose mengku werdi sinadhi mugi
temanten sarimbit manunggal lair trusing batos, widada kang sinedya lestari kang kaesthi , jumbuh
kang ginayuh.

Pinanganten kekalih tumuli hanyaketi antiga caketing bokor kencana minangka wadhaning sekar
setaman, sigraaa.. antiga tinapaking padaning temanten kakung pecah sanalika, kinarya pratandha
anggenya badhe mecah saking panggulawentahing rama miwah ibu, arsa madheg balewisma
mandhireng pribadi kinarya sarana tumangkaring wiji murih lestarining tumuwuh.

Temanten putri daya-daya hanjengku sarwi sumembah tumuli amijiki samparanipun ingkang raka
garwa , lah menika ta pratanda prasetyanipun temanten putri anggenya badhe setya bekti marang
guru nadi, asih mring sesami sarta reresik lair trusing batos datan lerwa tansah sumembah mring
gusti kang maha suci,
Nalika semana pinangantyan kekalih jumeneng jajar akakanthen asta tumuli sinengkeban sindur
dening ingkang ibu parandhene ingkang rama wonten ngarsa hangasta poncoting sindur gya kakanti
tumuju mring sasana rinengga ya kursi palakrama.

Kawistingal lon-lonan lan kebaking rasa pangati-ati , bapa ( suyono ) hanganti temanten sarimbit
hanuju mring sasana rinenggo sayekti kinarya pralampita bilih beberayanipun pinanganten sarimbit
tansah dipun tuntun dening reh darmaning palakrami jumbuh paugeraning agami nigari miwah adat
tradisi , wus prapteng unggyan kang tinuju hanuju mring sasana rinengga , sindur gya linolos

Juru sembaganing temanten tumuli hamratitisaken adicoro bobot timbang , Bapa Suyono gyah
lenggah wonten dhampar pinasri , pinanganten sarimbit pinangku dening ingkang bapa, minangka
kawijiling lesan ibu ( ayu ) nyuwun perso dumateng ingkang garwa , “ Pripun bapakne abot endi anak
saklorone , “ walah bune podho bobote ora ono bedane , imbal wacana Bapa Suyono dalah ibu ayu
menika anggambaraken bilih katresnanipun dumaten temanten kekalih mboten wonten
bedhanipun, badhe dipun rengkuh sami mboten mban cinde mban ciladan , karengkuh lir putra
pribadi.

Paripurna adicara bobot timbang tumuli kalajengaken adicara tanem utawi tandur , pinanganten
kekalih kalenggahaken wonten dhampar pinasri, cantrane pindha ratu tuwin prameswari, menika
mengku sasmita bilih kalamun nandur kebecikan bakal nukulaken kebecikan , parandene nanem
ingkang awon ugi bakal ngunduh ingkang awon.

Paripurna tanem utawi tandur kalajengaken adicara kacar kucur, kawistingal sri temanten kakung
sampun hangasta klasa bangka minangka wedhahing uborampe kacar kucur , ubarampe kacar-kucur
dumados saking uwos jene, kedele petak , kedele cemeng, kacang ose lan tholo , kemiri gephak lan
arta receh, sedaya ubarampe kacar-kucur kasuntak ing pangkonipun pinanganten putri ingkang
sampun siyaga hanampi kanthi linambaran mori, upacara menika paring wewarah dhumateng
agesang bilih jejering kakung kedah dados guruning balewisma , paring gunakaya nyekapi kebetahan
balewisma , parandene pinanganten putri hanampi peparingipun ingkang garwa , mugi saget dados
garwa ingkang saget ngrigenaken guna kaya , gemi nastiti lan ngati ati.

Adicara kacar-kucur sampun paripurna tumunten kalajengaken adicara dhahar kembul bujana,
pinanganten kekalih samya dulang dinulang, pinanganten kekalih samya dhahar kembul , dhulang
dinulang pralambang prasetyanipun , tubiyantu, mad sinambadan kekalihipun nedya sebaya papa
sebaya mulya, pait gethiripun agesang badhe karaosaken sesarengan.

Purna anggenya kanindaaken dhahar kembul bujana tumunten badhe kalajengaken adicara ngunjuk
tirta wening, tirta kang den arani banyu , wening kang den arani tanpa warna, pinanganten kekalih
samya nguncuk tirta wening , menika mengku sasmita bilih mugi anggenipun mangun balewisma
tansah lelumban ing madyaning bebrayan, sadengah tindhak-tandhuk muna muni tansah linambaran
ati kang wening, sinartan paminta dumatheng Gusti Allah kang maha suci , gusti kang peparing asih
mring sesami, mugi pinanganten sarimbit tansah anggen mangun balewisma lelumban ing
madyaning bebrayan linambaran ati kang wening mugi tansah sakinah mawaddah warohmah.

Anda mungkin juga menyukai