Anda di halaman 1dari 2

Panyandra Balang Gantal

 Gantalan :

Datan saronto risang penganten putri ambalang gantal, namung sakedeping netro risang
pinanganten kakung  mbales ambalang gantal, punopo tho menggah darunanipun gantal ingkang
dados bebalanganing putro tinemanten,,?

Gantal nun ninggih suruh ingkang matemu ros, ingkang minongko sarono ambuntel sarananing
ganten, suruh tinangsulan ing lawe seto satuhu ngemu pralmpito,

Suruh, jarwo dhosokipun kesusu kepingin weruh, suruh lamun tho pradopo bedo lumah lawan
kurepe, nanging lamun ginigit tunggal rasane, sanajan sajugo jejer priyo satunggal mijil wanito,
kalamun sampun gambuhing penggalih, manunggal roso cipto miwah karsane, temu ing raos,
tinangsulan ing raos tresno ingkang suci, bakal pinasthi dadyo jatu kramane, pinesthi dadi jodhone.

Pambalangiro penganten putri tumuju ing jaja miwah jengku, gantal ing jaja amrih sri panganten
kakung darbe raos asih mrih garwo, tumuju ing jengku, penganten putri tansah ngajeng – ajeng ing
pamengku, sageto penganten kakung mengku wanodyo dados pangayomaning brayat.

Pembalanging gantal penanganten kakung nering palaraban miwah jaja, tumuju ing palaraban
ngemu wasito panyuwun mrih wanodyo mulur ing cipto, dene ing jaja amrih mekaring roso, satemah
penganten puri saget menggalih kanthi weninging roso, saniskaraning tumindak miwah wicoro
mung  karenak tyasing sasomo.

Purno ambalang gantalan kanthi bombonging manah…..kebak raos ingkang tumenem ing sanubari,
kawuryan penganten kekalih wus jajar sumandhing aneng luhuring pasangan linambaran roning
pisang rojo, pasemone nyoto lamun daupiro wus pinesthi dadi pasanganiro, kang anggung kinudang
kudang, bangkit mandireng pribadi, winimbuh ing kawibawan, lir jejering narendrotomo.

Mandhap saking pasangan, ingkang sarimbit gyo marepeki antigo cinaket ing bokor kencono,
minongko wadahing sekar setaman, sakolo ponang antigo tinapak ing podo,,Pyar,,,pecah
sanaliko,,pramilo doyo-doyo penganten putri laju ajengku sarwi sumembah mring kakung, purno
deniro sumembah gya amijiki samparaning ingkang roko kang winastan ranupodo, ranu wus ngarani
toya, podo teges samparan, kang putri mijiki samparaning kang roko kanthi sedyo ngatonaken
darmo bekti mring garwo, amberat sawarnaning sukerto, satemah anggeniro lumebet ing alam
madyo gesang bebrayan, saged lulus raharjo manggih kamulyan.

Toya perwito kang minongko sarono pambasuhing podo, manunggal mring sekar triwarno,
nunninggih mawar , mlati miwah kenongo, gandhane sekar den pepuji amrih ing tembe ngambar
arum gandhane risang pinanganten, kuncoro asmane, biso dadi tepo palupining brayat mudho.

Paripurno winijikan samparaniro jinunjung lenggah risang pinanganten putri kebak ing raos tresno
asih, pralampitane, risang pinanganten minongko jejering priyo, kasdu ngangkat drajating wanodyo,
amrih saget jajar kaliyan drajating priyo
 Singep sindur :

Paripurnaning gati kang titi laksono adicoro panggih, lajeng jumeneng jajar putro tinemanten kekalih
sandhing kekanten asto, satuhu sajajar drajating priyo lan wanito, sanadyan wanodyo datan
nyingkur kodrating wanito minongko garwo, risang pinanganten asro lumampah tumuju ing sasana
rinenggo , aloke kang samyo humyat….

Gandheng renteng – renteng kekanthen asto risang pinanganten sarimbit datan ginggang sarambut
pinoro sosro, sarwi singep sindur ingkang awarni rekto miwah seto deneng romo ibu, kanthi
pangajab bebrayaning putro sarimbit  tinuntun ing rehing kautamen, pinanggiyo ing budi rahayu
linambar raos tresno, rhosa, tepo, sembodo lan kumawuluh, Wani ing bebener, ajrih ing kaduragan
lan kanistan,

Kadyo rojo myang prameswari arso tedhak siniwoko lenggah ing dhampar dento, sapungkurnyo
risang penganten inggih bapak-ibu………..suko reno ing wardoyo bapak – ibu…………dupi wus biso
ngentasi wajibing wredho molokrama aken putro pinanganten sarimbit nun inggih kang ahayu
roro………kaliyan sang abagus ………priyo kang mijil saking tlatah………satuhu putro kekudanganipun
bapak-ibu……, wus widagdo nambut guno talining akrami risang pinanganten, kanthi nopokhasmoni
pustoko pikukuhing polokromo tumapaking adicara ijab ing dinten…….suryo kaping mapan ing
………..ing wanci meniko mestuti tatacara adiluhung kanthi nindaaken adicara panggih.

Poro kadang samyo tutwuri mring tindakiro risang pinanganten, jumurung mring karsaniro risang
pinanganten, anggeniro darbe karso mangun bale wismo, mangun kulowargo, mugi ing tembe
enggal saged antuk kamulyan gesang, atut runtut reruntungan kadyo mimi lan mintuno, saking
dunyo dumugyo delahan.

Sampun tumuju ugyan kang tinuju nenggih risang pinanganten wonten ing sasana rinenggo , gunging
panuwun dhumateng poro tamu ingkang sampun suko pakurmatan tumapaking adicoro panggih,
kepareng lenggah ing sasana sakawit,

Kawuryan sri pinanganten sampun lenggah ing sasan mulyo , suko ing driyo risang pinangantyan
putri, ginontho ing wardoyo, kadyo puspo warnane.

Anda mungkin juga menyukai