Anda di halaman 1dari 2

Lamat lamat kapiyarsa ungeling larasing

gending ....... nalika samana sampun binuka


wiwaraning panti busana. Tan para dangu katingal
sri atmaja pangantin sarimbit gya manjing sasana
pahargyan
Pinangantin sarimbit kang wus hangrasuk busana
kang sarwa endah. Pranyata wasis paraga ingkang
hamranata busananing pinangantin, sayekti datan
wonten ingkang kuciwa. Sinten ingkang pininji
pinangka rias penganten? Tan sanes nenggih
panjenengannipun
ibu
(
)
saking
sanggar
rias
pengantin
ingkang mapan ing
Saya wimbuh bagus pasuryane pinanganten
kakung, saya wimbuh sulistya citrane
pinanganten putri. Lamun sinawang yayah satiya
jenggala R.Panji Asmara Bangun kaliyan putri
Kediri sang dyah ayu Galuh Candra Kirana.
Jrone lumaksana kekalihira tansah kekanthen astha
prasasat tan bisa pisah, pindane renggang gula
kemepyur gulali. Kekalihira satuhu wis trep pindha
curiga manjing warangka. Sanadyan kang sajuga
jejer priya kang sawiji putri parandene kekalihira
Kakung
Tanggap ing sasmita pinanganten kakung , dupi
pirsa lamun wis rinengga dening garwa
pepudayanipun,
daya-daya
jengkar
saking
palereman, arsa manjing sasana wiwiahan. Tan
pantara dangu, saking gapuraning sasana wiwahan,
sampun katingal gumebyaring cahya pindha teja
kinuwung prabawa.saya dangu saya cetha, saya
caket saya ngalela. Sayekti punika tejane rising
pinanganten kakung, inayab dining para kadang
sentanane. Penganten kakung kawuryan ngagem

wis manunggal ing cipta rasa myang karsane,


paraning sedya arsa lelayaran ing samodraning
agesang bebrayan. Sajuga
kang sinedya ngayuh kulawarga kang bagya lan
mulya.
Putri

ngawe-awe kekasihe. Ukel tekuk kapenet ing


sesekaran pinilih, lamun kadulu tuhu wimbuh
amantesi. Lamun cinandra ksulistyaning penganten
putri, sayekti luwih warna kurang candra. Dhasar
sedheng dedege, mantesi genging sarira, sesolahe
milangoni lelewane tansah hanuju perang,
anggambaraken lamun pinanganten putri tuhu
wanodya ingkang pinter bekti marang kakunge.

Binarung swaraning pradangga munya hangrangin,


ambabar gendhing ktw. Sekarteja laras slendro
pathet manyura katingal ana wanodya sulistya ing
warni mijil saking panti busana, kakanthi manjing
sasana rinengga

Ing mangke nggenya lumaksana pinanganten putrid


wus ngancik unggyan kang tinuju. Dening juru
sumbaga gya kaaturaken lenggah ing dhampar
pinasri

Sampating
busana
hangemba
busananing
prameswari nata, tinon saking mandrawa kawuryan
abyor mompyor pating glebyar pating calorot pidha
kartika gumingsir papan.

Nalika samana pinangan ten putrid wus lenggah


anggana raras, tegese lenggah piyambakan. Jroning
ngalih hamung tansah hangantu rawuhipun ingkang
raka garwa, parandene datan kawijil pangandikane,
hamung semuning wadana sung sasmita mugi
pinanganten kakung daya-daya kaaturan rawuh

Meloking wadana, smunu agiler-gilar pindha


kencana binabar. Palarapane nyela cendani
sinungging pepaes awarna kresna. Rikma anianges
cecundhuk pinetha wulan tumanggal, den apit
centhung kanan miwah kiring lir peksi jiwa-jiwa.
Cendhuk mental pinasang tata pinatut, katiyubing
maruta mandha pindha satane wong ayu kang lagi

Pramila mbalung jagung saumpama, pinunggel


semanten
rumiyin,
pangrumpaka
adicara
lenggahipun pinanganten putrid ing sasana
rinengga, tumuli hangancik adicara salajengipun.

busana ingkang hangemba busananing narendra,


lamun kadulu king andrawa katon agung, mrabu
miwah mrabawa

tamtama, sayekti sembada wira tama prawira


jayeng palugon, tatang tangguh tanggon tanggung
jawab prapteng ngendon

Agung tegese kebak ing kaendahan kang sanyata


adiluhung. Mrabu pindha jejering narendra kang
kebak ing kawibawan luhur. Wondene mrabawa,
sayekti sinung prabawa, edi endah milangoni

Ing mangke wus ngancik wiwaraning sasana


wiwahan, pinanganten kakung miwah sanggya para
kadang pangayab tumuli samya kandeg ngenira
lumaksana, dupi hanyarengi tumapaking titilaksana
pasrah panampi.

Dasar penganten kakung bagus pasuryane, mkolehi


piadege, katon lamun bawa laksana bebudene.
Saumpam.

Pnggih
Wus dungkap wahyaning mangsa kala, tumapaking
prastawa gati nenggih upacara adat panggihing
pinanganten sarimbit, nalika samana, pinanganten
kakung lumaksana hanuju mring sasana piniji,
makaten ugi pinanganten putrid wus jengkar saking
palenggahan harssa hamapag rawuhipun ingkang
raka garwa. Lon-lonan ngenira lumaksana
pinangganten
kekalih,
pratandha
suka
hanengenaken mring rasa pangati-atidha suka
hanengen
Balangan gantal
Dupi wis samya caket nggenira lumaksana,
pinanganten kekalih samya apagut tingal, tumuli
kemlawe astane samya abebalangan gantal, kinarya
pralambang manunggaling sih katresnan jati
pinanganten kekalih, pindane suruh sanadyan
dinulu beda lumah lawan kurebe, parandene lamun
ginikit padha rasane.
Pecah Tigan
Ing mangke pinananten kakung gya marepegi
ponang antiga, tumuli tinapak ing pada, pecah
sanalika, sayekti kinarya pralambang antebing
tekade,
anggenya
badhe
mecah
panggulawentahipun rama ibu, arsa madeg
balewisma mandireng pribadi, kinarya sarana
tumangkaring wiji murih lestarining tumuwuh.

Pinanganten putri daya-daya anjengku sarwi


sumembah, tumuli amijiki samparanipun aingkang
raka garwa. Kinarya pralampita prasetyanipun
pinganten putrid, ngenya badhe setya bekti mring
guru nadi sing salami-lami

Sesinduran
Nalika samana pinangnten kekalih sampun
jumeneng jajar akekanthen asta, dening rama gya
ginendong sindur kekanthi manjing sasana
adimulya, kalenggahakeng ing dampar pelamnan.
Paran to werdine dene pinanganten jroning
lumaksana kanthi ginendhong sindur, sayekti
kinarya pralampita, bilih bebrayanipun pinangantin
sarimbit tansah tinuntun dening reh darmaning
kautaman, tinangsulan dening reh darmaning reh
darmaning palakrami, jumbuh paugeraning nagari
miwah agami ingkang rinasuk. Sanadyan lon-lonan
ngenya lumaksana , parandene ing mangke
pinanganten sarimbit wus ngancik unggyang kan
tinuju , neggih sasana adimulya, pramila katur
sagung para tamu sumangga kula dereaken lenggah
malih kanthi mardika ing penggalih.
Sindur gya linolos, ibu juru sembaga tumuli
hamratitisaken adicara bobot timbang . bp......
gya lenggah ing dampar pinasri, pinanganten
sarimbit pinangku dening rama . kawijil
pangandikane ibu .............., mundut pirsa
dhumateng ingkang garwa- awrat pundi bapakne?

Kanthi aris Bp ....... paring wangsulan Podho


bobote. Anggambaraken lamun wis timbang bobot
katresnane pinanganten kekalih, saha kekalihira
rinrngkuh sami, mboten badhe emban cindhe
emban siladan, hananging kekalihira rinengkuh
kadi putra pribadi.
Paripurna adicara babat timbang tumuli hangadani
upacara tanem. Liripun pinanganten sarimbit
kawisudha lenggah ing dampar pelaminan,
candrane panda raja myan prameswari. Upacara
punika kinarya pralambang bilih wiwit kala mangsa
punika pinangantin sarimbit sampun madeg
balewisma mandireng pribadi , uwal saking
panggula wentahipun rama ibu
Salajengipun badhe lumampah adicara kacarkucur, upacar punika anggambaraken bilih jejering
kakung wajib paring guna kaskaya dhumateng
ingkang garwa. Sedaya asiling pakaryan kedah
keparingaken datan wonten ingkang kasingidaken.
Pinanganten putri anggadahi wajib hanampi guna
kaya peparingig kakung kanthi nastiti ngatiati, den
caaken kanthi prematimurih raharjaning kulawarga
Upacara kacar-kucur sampun paripurna gya
hangadani adicara dhahar walimah. Pinanganten
kekalih samya dhahar kembul dulang dinulanng,
kinarya pralambang prasetyanipun pinanganten
kekalih ngenya nedya sebaya papa sebaya mulya.
Pahit getiring agesang bebrayan nedya karaosaken
sesarengan.

Anda mungkin juga menyukai