Anda di halaman 1dari 9

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Ngaturaken wilujeng siyang, mugi kasantosan, karaharjan, tuwin kanugrahan saking Gusti ingkang Akarya Jagad
tansah kajiwa, kasarira dhumateng kula dalah panjenengan.
Audzubillahiminassyaitonirrajim. Bismillahirahmannirrahim. Alhamdulillahirrabil ‘alamin. La haula wala quwwata
illah billah. Amma ba’du.
Sinuba saderenge pawiwahan, dhumateng para alim ‘ulama, para kyai, sesepuh tuwin pinisepuh, para kadang wredha
ingkang sinubya-subya, para kadang kinasih ingkang dhahat kinurmat dhahat sinudarsana. Mradapa awit saking
keparengipun ingkang hamengku gati, nun inggih Bapa Ruselan, kula ingkang kapitedhanan sinaraya hambuka
wiwaraning suka minangka jejering pambiwara. Tumapaking adicara panggih temanten kang dinane dinten Kemis, titi
wanci surya kaping wolu ing sasi Oktober warsa kalih ewu kalih dasa. Kinarya hamiwiti mboten wonten basa ingkang
sakawit aji, kajawi ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT., muga pinaringan karaharjan,
mboten wonten sambikala, lan bisa dipungkasi kanthi waosan Alhamdulillahirabbil ‘alamin. Shalawat saha salam mugi
konjuk wonten ngarsanipun Gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW., nabi ingkang paripurna ingkang kita rantos
syafa’atipun donya prapteng akherat kanthi waosan allahuma shali ala sayyidina Muhammad.
Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab suci putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Ika
Rusdiana Mutholifah, putra putri saking panjengenanipun Bapa Ruselan saha Almarhumah Ibu Sujinah, ingkang
sampun kajatukrama kaliyan Bagus Bahrul Ulum putra anjalu saking panjenenganipun Bapa Slamet saha Ibu Mujiyati
ingkang pilenggah wonten ing Karantanjung, Alian, Kebumen, Jawa Tengah. Atur uninga wonten ngarsanipun para
rawuh bilih ijab qobul temanten sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing sambikala, kala wau enjing dinten Kemis,
wanci tabuh 7 enjing.
Sampun ndungkap wahyaning mangsa kala / upacara adat panggih pengantin. Ing mangke pinanganten putri sampun
siyaga arsa miyos saking panti busana / manjing sasana wiwaha. Lumarabing pinanganten putri / kairing kanthi
Gendhing Ketawang Puspawarna.
Tatasing ratri gumanti rahina. Jumedhuling Sang Hyang Pratanggapati, ya Sang Hyang Bagaskara, ya Sang Hyang
Surya saking Bangwetan, anguk-angukaning kendhiting cakrawala / ndedel wiyadi madhangi sagung dumadi. Sanajan
to kalingan mega sarta gunung-gunung, parandene bisa madhangi jagad raya, sumamburat ngantos dumugi Dusun
Kaotan, Desa Jeding, Kabupaten Blitar.
Hanuju risajuga, ana titahing Gusti ingkang sinuba asma Bapa Ruselan ingkang sampun kalampahan hanetepi
darmaning asepuh, hamiwaha / hamardisiwi / hamalakramakaken putra-putrinipun kusumaning ayu dyah Ika Rusdiana
Mutholifah. Kalampahan dhaup kaliyan bagus Bahrul Ulum atmaja nun inggih Bapa Slamet saking Kebumen.
Sampating busana ingkang hangemba busananing prameswari nata, tinon saking mandrawa kawuryan / abor-
mompyor pating gelebyar pating clorot pindha kartika gumingsir papan. Eloking wadana samono agilar-gilar pindha
kencana binabar. Lamun cinandra, kasulistyaning pengantin putri sayekti luwih warna kurang candra. Dhasar sedheng
dedege, mantesi genging sarira, sasolahe milangoni lelewane tansah hanuju ati, hanggambaraken lamun pinanganten
putri, tuhu wanodya ingkang pinter, bekti marang kakunge.
Ing mangke nggennya lumaksana pinanganten putri, wus ngancik unggyan kang tinuju. Dening juru sumbaga gya
kaaturaken lenggah ing dhampar pinasri.
Nalika samana, pinanganten putri wus lenggah hanggana raras, lenggah hanggana raras tegese lenggah piyambakan.
Jroning galih hamung tansah hangantu rawuhipun ingkang raka garwa, parandene datan kawijil pangandikane, hamung
semuning wadana sung sasmita, mugi pinanganten kakung daya-daya kaaturan rawuh.
Kang suka teja mulya hla nggih tetejane penganten putri, aresepi sang dyah kusumaning ayu Ika Rusdiana
Mutholifah, wanita tetundhoning wanita utama, yen sinawang pindha midodareni, ngejawantah mandhap saking
kahywangan. Yen jumangkah lenggah lir sinangka, mangegem busana pindha busanane prameswari napa, mring
ginelung lir bokor kencana kang mangun, saha cundhuk kang tumanggal pinaesing sesotya. Rerenggane mustaka ana
cundhuk mentul kang mandul-mandul, cacahe ana kaca wilangan rerenggane mustaka inggih sinebat cundhuk mentul.
Yen cinandra kembang dewa ndaru, mring paring karengga sekar melathi kang rinonce kinarya tiga dhadha. Sekar
melathi kalembak-lembak kinarya lumaksana, sarwi kembang melathi ngantiya dugi palenggahane para tamu. Kembang
melathi saka tembung kembange lathi, ginadhang-gadhang, kinudang-kudang muga penganten pawestri pantes dadya
kembanging lathi, dadya rerasan ingkang sae tumraping bebrayan agung. Mangagem kembang landhung lananging
tresna sinuwan benang kencana, kasoroting cahya pating glarap-glarap, pating cumlorot, pindha talabur wase ing
pernah. Talabur niku nami lintang, sing pernah kuwi alihan. Pating cumlorot kaya lintang alihan ing wanci dalu, dhasare
wanci panglong. Para tindak munggah ing palundhakan, matur ing bojomas kembang kaloka inggih bumi kang sawur.
Prapteng sasana palenggahan risang dyah kusumaning ayu penganten pawestri, lenggah anggara kasih madyane sasana
laya, seserahan dhapuk permadani sira barang sari-sari. Wus samapta risang dyah kusumaning ayu prapteng sasana
palenggahan.
Tanggap ing sasmita, risang pinanganten kakung dupi pirsa lamun wus tinengga dening garwa pepudyanipun. Daya-
daya jengkar saking palereman, arsa manjing sasana wiwahan saprelu hangadani adicara panggih. Tan watara dangu,
saking gapuraning sasana wiwahan, sampun katingal gumebyaring cahya pindha teja kinuwung prabawa. Saya dangu
saya cetha, saya caket saya ngalela. Sayekti punika ta tejane risang pinanganten kakung.
Nalika semana, pinanganten kakung lumaksana hanuju mring sasana piniji, mekaten ugi pinanganten putri sampun
jengkar saking papan palenggahan, harsa hamapag rawuhipun ingkang raka garwa.
Wus ndungkap wahyaning mangsa kala, tumapaking prastawa gati nenggih / upacara adat panggihing pinanganten
sarimbit. Dupi wus samya caket anggenira lumaksana, pinanganten kekalih samya apagut tingal, tumuli kumlawe astane
/ samya hambebalangan gantal / ingkang winastan gondhang kasih dalasan gondhang tutur. Gantalan dumadi kang
sedah, ingkang lininting matemu rose, tinangsulan lawe wenang seta, kinarya pralambang manunggaling sih katresnan
jati pinanganten kekalih.
Tindak risang pinanganten putri mandhap saking palenggahan. Kinapit dening satriya kang kembar busana
penganten priya anggenya tindak. Satimbale lawan panganten putri anggene mandhap saking palenggahan, kinapit
dening prawan suci hangasta ponang sekar adimancawarna, ya kembar mayang. Rerenggane upacara sinebat kembar
mayang, kembar tegese padha, mayang kembange jambe. Kembar nanging ora karo manggare. Muga manten sarimbit
tansah gandheng renteng-renteng, runtung-runtung wiwit donya prapteng akhir. Diarani mancawarna dumadi saking
saptawarna ubarampe kembar mayang, angka siji saka gedebog ya wite gedhang raja pindha bantala, ubarampen
sarimbit awatak kaya watake lemah kang sabar, diguwaki reged malah subur, dialani saged males apik, iku watake
lemah. Angka kalih dumadi saka thukulaning gedhang raja, tresnane manten kalih pindha thukulaning gedhang raja,
senadyan dipunponcok sedina kaping pitu, tansah thukul tansah tuwuh. Angka telu dumadi saka janur kuning ya janur
lengkung.
Ing mangke pinanganten kakung lukar ageman canela gya marepegi ponang antiga, ponang antiga tinapak ing pada,
pecah sanalika. Sayekti kinarya pralambang antebing tekade, nggenya badhe mecah saking panggulawenthahing rama
ibu. Pinanganten putri daya-daya anjengku sarwi sumembah, tumuli hamijiki samparanipun ingkang raka garwa.
Pinanganten putri harsa tumuli linanting jumeneng, punika hanggambaraken njunjung drajade wanita. Awit jroning
bebrayan, kakung saha putri senadyan beda kewajibane, nanging sami kalungguhane.
Nalika semana, pinanganten kekalih sampun jumeneng njajaraken asta, dene rama ibu gya sinengeban sindur,
kakanthi manjing sasana adimulya, kalenggahaken ing dhampar sasana. Paran ta werdine dene pinanganten jroning
lumaksana kanthi sinengeban sindur, sayekti kinarya pralampita, bilih bebrayanipun pinanganten sarimbit tansah
tinuntun dening reh darmaning kautaman, tinangsulan dening reh darmaning palakrami, jumbuh paugeraning agami
ingkang rinasuk.
Pinanganten kakung kawuryan ngagem busana ingkang hangemba busananing narendra, lamun kadulu saking
mandrawa katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adiluhung, mrabu
pindha jejering narendra kang kebang ing kawibawan luhur, wondene mrabawa sayekti sinung prabawa, edi, endah
milangoni. Dhasar penganten kakung bagus pasuryane, mikolehi piyadege, katon lamun bawa leksana bebudhene.
Saupama tamtama, sayekti sembada wiratama pawira jayeng palugon. Tatag, tangguh, tanggon, tanggung jawab
prapteng ngendhon. Senadyan lon-lonan anggenira lumaksana, paradene ing mangke pinanganten sarimbit wus ngancik
unggyan kang tinuju, nun inggih sasana adimulya.
Sindur gya linolos, ibu juru sumbaga tumuli hamratitisaken adicara bobot timbang. Kawijil pangandikane mundhut
pirsa dhumateng ingkang garwa, “Pak, pakne. Awrat pundhi, Pak?”
Kanthi aris, Bapa Ruselan paring wangsulan, “Wah, jan padha bobote, Bune!”. Menika anggambaraken lamun wus
timbang bobot katresnane, saha kekalihira harsa rinengkuh sami, mboten badhe emban cindhe embang siladan,
hananging kakalihira arsa rinengkuh putra pribadi.
Paripurna upacara bobot timbang, tumuli hangadani upacara tanem. Liripun, pinanganten sarimbit kawisudha
lenggah ing dhampar sasana, candrane pindha raja myang prameswari. Upacara punika kinarya pralambang, bilih wiwit
kala mangsa punika pinanganten sarimbit sampun madeg bale wisma mandireng pribadi, uwal saking
panggulawenthahing rama lan ibu. Upacara tanem menika ugi minangka pandonga paminta dhumateng Gusti ingkang
Maha Yekti, mugi kulawarga ingkang winangun dening pinanganten / sageda bakuh, kukuh, pengkuh, lan prakosa
mboten gampil kasempyak ing aradan.
Salajengipun badhe kalampahaken upacara kacar-kucur. Wondene patrape ing mangke, pinanganten kakung ngasta
ubarampe dumadi saking winih pinilih miwah arta receh / arsa kasuntak ing pangkone pinanganten putri kang wus
ngasta sindur. Upacara menika hanggambaraken bilih jejering kakung wajib paring guna kaskaya / dhumateng ingkang
garwa. Sedaya asiling pakaryan kedah kaparingaken datan wonten ingkang siningit wonten satunggaling papan.
Pinanganten putri ugi hanggadhahi wajib hanampi guna kaya peparinging kakung / kanthi nastiti, ngati-ati, den cak-
cakaken kanthi premati murih raharjaning kulawarga. Mila hanggambaraken gemi nastitinipun pinanganten putri, ing
mangke ubarampening upacara gya kaaturaken dhumateng ingkang ibu / mrih kasimpen ing pedaringan suci.
Upacara kacar-kucur sampun paripurna, salajengipun gya hangadani upacara dhahar klimah. Pinanganten kekalih
samya dhahar dulang-dinulang, kinarya pralambang prasetyanipun pinanganten kekalih / nggennya nedya sabaya papa,
sabaya mulya. Pahit getiring agesang bebrayan / nedya karaosaken sesarengan, bebasan bungah, susah, nedya den
temah, rekasa padha disangga, mukti padha dinikmati.
Salajengipun tumuli ngunjuk tirta wening. Ngunjuk tirta wening sayekti hanggambaraken / bilih sedaya pakarti kang
arsa linampahan / kanthi linambaran weninging kalbu, satemah hayu / hayu rahayu kang tinemu kulawarga / ingkang
winangun dening pinanganten.
Salajengipun badhe kalampahan adicara sungkeman. Dupi pirsa lamun para pepundhen catur sampun kepareng
lenggah, pinanganten sarimbit daya-daya jengkar saking palenggahan gya hangaturaken sungkem mring rama ibu.
Candrane tansah kairing puja mugi tansah rahayu.
Nalika semana, sampung jengkar risang pinanganten sarimbit, ngabyantara ing ngarsa rama saha ibu. Nalika semana,
pinanganten putri wus hanjengku sarwi sumembah / tumungkul yayah konjem ing bantala wadanane ngaturaken
sungkem dhateng ingkang rama, saha nyuwun tambahing pangestu.
Penganten wadon : Rama, kula ngaturaken sungkem pangabekti katur dhumateng Rama. Nyuwun
pangapunten duk rikala kula taksih alit tansah ndamel ribetipun rama.
Bapake penganten wadon : Ndhuk anakku cah ayu, aja mbok bacutake aturmu. Pancen mangkono kuwajibane wong
tuwa marang anak.
Purna ngaturaken sungkem pangabekti dhumateng ingkang rama, gumanti dhumateng ingkang ibu. Tut wuri
sawingkingipun nun inggih pinanganten kakung.
Purna nggennya ngaturaken sungkem dhateng rama tuwin ibu saking pinanganten putri, ing mangke tanpa beda
patrape, pinanganten sarimbit hangaturaken sungkem katur dhumateng rama tuwin ibu saking pinanganten kakung.
Penganten lanang : Ibu, kula ngaturaken sungkem pangabekti katur dhumateng ibu. Lan kula ugi nyuwun
pangestu, Ibu.
Ibune penganten lanang : Iya ngger anakku, dak pangestoni. Anakku lanang ngger, wiwit ana kandutane ibu tak
kudang dadya manungsa kang utama, saiki sliramu jejering kakung, sliramu pemimpin
tumraping wanita, nduweni kuwajiban qu anfusahum wa ahlikum naraw, njaga awakmu
lan kulawargamu saka siksane neraka. Tak dongakake ngger, katekan gegayuhanmu dadya
kulawarga kang sakinah, mawaddah, warahmah.
Bapak saha ibu kados mekaten upacara panggih temanten wus paripurna, sinengkuyung dening Hellen Gallery
saking Karangbendo, Ponggok, kinarya tata rias penganten saha dhekorasi penganten.
Nyandhak wonten adicara salajengipun, inggih punika adicara pamaosan ayat suci Al-Qur’an ingkang badhe
kawaosaken dening Arman Dwi Sofyan. Dhumateng ingkang kajibah, wekdal saha panggenan kula sumanggakaken…
Inggih kados mekaten pamaosan ayat suci Al-Qur’an saking Arman Dwi Sofyan.
Kalajengaken atur pambagyaharja saking ingkang hamengku gati, inggih punika Bapa Ruselan. Dhumateng ingkang
kajibah utawi sesulihipun, wekdal saha panggenan kula sumanggakaken…
Inggih kados mekaten atur pambagyaharja saking ……… minangka sesulih Bapa Ruselan.
Salajengipun atur pambagya harja saking tiyang sepuhipun pinanganten kakung ingkang dinten kala wau madosi
putranipun. Dene pranyata putranipun, inggih punika Kangmas Bahrul Ulum tinemokaken dening Bapa Ruselan.
Dhumateng ingkang kajibah utawi sesulihipun, wekdal saha panggenan kula sumanggakaken…
Inggih kados mekaten atur pambagyaharja saking ……… minangka sesulih tiyang sepuhipun pinanganten kakung,
Bapa Slamet.
Sang hyaning para rawuh ingkang tansah kinurmatan. Paripurna titi laksana pawiwahan ageng wonten ing siyang
punika. Saking kulawarga ageng Bapa Ruselan ngaturaken agunging panuwun awit rawuhipun ugi donga pangestu
dhumateng risang pinanganten kekalih. Purwa, madya, wasana, titi laksitaning adicara pawiwahan, hambok bilih
anggen kula nderekaken, mratitisaken tata adicara wonten ing kalenggahan siyang punika saking purwa, madya, wasana
kathah kalepatan subasita kula ingkang kirang mranani penggalih. Saestu, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng ngarsanipun Hellen Gallery, tata rias manten saha dhekorasi, ugi sedaya
kemawon ingkang nyengkuyung titi laksitaning adicara wonten ing siyang punika saking purwa, madya, wasana. Matur
nuwun awit panyengkuyungipun saengga titi laksana lancar, mboten wonten alangan satunggal punapa.
Kanthi panutuping atur, wabilahitaufik wal hidayah, wassalamu’alaikum wr. Wb.
Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Anda mungkin juga menyukai