Anda di halaman 1dari 2

TEMU MANTEN

Reeep tidhem premanem, datan ana sabawane walang salisik, bebasan gegodhongan tan ebah
awit samirana tan lumampah, kang kapyarsa amung swaranya pradangga lokananta ingkang
munya ing sasana wiwaha, senadyan hamung lumantar swaraning pita swara. Awit sedaya
kalawau kena pangaribawane kang samya binoja krama.

Tuhu wes pinesti ana titahing Gusti ingkang asipat jalu lan wanita ingkang nedya ngancik ing
ngalam madya hanenggih sambut silaning akrama

(Balang gantal) Nulya kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten
priya kang winastan Gondhang Kasih
Datan saranta temanten kakung gya amales hambalang gantal mring temanten putri kang
winastan Gondhang tutur.

(Midak tigan) Kawistara kanang antiga tinapak padha pecah sanalika dening temanten kakung.
Punika asung pralampita bilih temanten kakung calon dados lantaraning tuwuh/wiji ingkang
suci,pratima bangkit tata jalma,putra kinarya tetalining akrama.

(Wijikan/mencuci kaki) Tanggap temanten putri gita-gita hanjengku mring pepadhaning keng
raka,sarwi sumembah sarta hamiji pepadhaning ingkang garwa.

(Sinduran) Titipurna adicara panggih, tumuli lumadi adicara sinduran. Kawistara temanten
kekalih sinengepan sindur ingkang kaaturaken dening ingkang Ibu. tanggapin sasmita ingkang
Bapa gita-gita angasta poncoting sindur tumuli hanganthi putra temanten kekalih tumuju ing
kursi palakrami.

Aalon-alon tindake lan banget pangati-atine ingkang Bapa tuwin Ibu hanganthi putra temanten
sekaliyan. Punika asung pralambang dhumateng temanten, mugi -mugi anggenipun mangun
brayat anyar, tansah kebak ing pangati-ati, datan grusa-grusu, tan milik barang kang elok jalaran
keselak muluk.

Para rawuh saha para lenggah, ngancik adicara salajengipun, nun inggih Upacara Adat
Krobongan, anut satataning adat Widhiwidana ingkang sampun lumampah.

Ingkang sepisan inggih menika adicara bobot timbang.


Bobot timbang ugi ngemu pasemon mboten mbedak-bedakaken antawisipun putranipun
piyambak punapa putra mantu, sadaya kawengku kados putra pribadi. Lajeng penganten kekalih
kalanggehaken wonten rinengga sasana saka dening rama. Wondone asta ketumpangaken
wonten pamidhanganipun penganten kekalih ingkang hamengku teges: Ing kalenggahan punika
penganten kekalih sampun sinengkakaken ing aluhur kawisudha Raja sedina Ratu sedalu.

Adicara kalajengaken upacara kacar-kucur. Kacur-kacur, tuna sathak bathi sanak, wong liya
dadi sedulur, makarya lancar, rejeki mancur. Kacur-kacur paring pasemon bilih penganten
kakung paring guna kaya dhumateng penganten putri, isinipun beras kawak, dhele kawak
kacampuran arta recehan, kasuntak wonten pangkenipun penganten putri ingkang linambaran
sindu, selajengipun dipuntitipaken dhateng ibunipun penganten putri. Kacur-kacur, saiki wis
bisa kumpul bebasan kumpul sadulur.
Purna upacara kacar-kucur sigra kalajengaken upacara dhahar boga jenar manca warna. Boga
jenar warna wus ngarani, pinayungan songsong janur kuning minangka pepethahing
pangayoman.. Dulang-dulangan ugi amengku pasemon bilih penganten kakalih tansah sihsihan,
tresna-tresnanan nadyan mrangguli kawontenan ingkang meneka warni ing madyane bebrayan.
Paripurnane dhahar boga jenar warna penganten kekalih kaparingan unjukan toyo wening,
ingkang mengku pralambang mugi penganten kekalih anggenya nindakake pakarti tansah
linambaran weninging manah, miwah menebing kalbu ing tansah tinemu ayom, ayem miwah
tentrem

Adicara badhe kalajengaken kanthi sungkeman.


Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang garwa sumarak
wonten ing ngarsanipun ingkang Bapa tuwin Ibu, tumuli sumungkem lan ngabekti nyuwun idi
pangestu anggenipun palakrama mugi tansah manggih bagya mulya,saget langgeng dumugi
salami-laminya.

Bekti dhumateng ingkang Rama labet enget bilih ingkang rama wus sembada ngukir jiwa raga
dadya lantaraning tuwuh.
Parandene sumungkem dumateng ingkang ibu labet enget bilih ingkang Ibu wus kinarya
papaning yoga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta anggulawenthah wiwit alit dumugi
akir dewasa, bebasan cilik digedhek.ke, bodho kapinterake.

Anda mungkin juga menyukai