Anda di halaman 1dari 7

01 06

02 07
04 08
05 09
TUGAS BAHASA JAWA
SIRAMAN

KELOMPOK A

Adinda Rifqi F/01 (Dodol Dawet)


Adinda Shinta D/02 (Mbah Putri)
Akbar Widodo/04 (Mbah Kakung)
Andhini Putri S/05 ( Ibuk )
Apsa Pandu W/06 ( Bapak )
Atha Naufaldy M/07 (Perias)
Bella Indah P/08 ( Pranatacara)
Bintang Narenda B/09 ( Pengantin )

XI MIPA 9
Assalamualaikum wr.wb

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh


ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi
saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat
kalingga murdaning akrami.
Nyuwun panagapunten, dene kula cumanthaka sowan mangarsa,  hanggempil
kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka
pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha,
saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri
kalenggahan punika.
Mugi pangayoman, miwah berkah Dalem Gusti ingkang Maha Mirah miwah Maha Asih,
tansah rumentaha tumrap panjenenganipun para tamu samenika sarta ing salajengipun.
Nuwun, panjenenganipun para pinisepuh, ingkang dahat pinundhi, para tamu ingkang
satuhu kinurmatan. Keparenga langkung rumiyin kula ngunjuaken puji sokur ing Ngarsa Dalem
Pangeran, Allah SWT, dene awit saking lumbering berkah Dalem, kula saha panjenengan sedaya
sami kepareng lenggah ing papan menika kanthi widada, nir ing sambekala. Inggih saged
hangestreni tumapaking gati adicara siraman calon pinanganten mas Bintang putranipun bapak
Apsa sekalian.

Doa
Sumangga kula derekaken sesarengan manungkul puja-puji-santhi wonten ngarsaning
Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam
agesang wonten madyaning bebrayan agung.  Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa
kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken
penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan,  rawuh kempal manunggal ing pawiwahan
punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Apsa sakulawangsa
anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya,  hamiwaha putra
mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah angunjukaken puja puji syukur wonten
ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit saking rahmat saha hidayahipun saengga ing ari
punika kita saged pinanggih kanthi wilujeng kalising sambekala, mugiya tansah rahayu ing
salami laminipun, kalebet kula, panjenengan sedaya. Amin-amin ya rabbal alamin.
Sagung para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,

Ngabekten     
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang
sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa. Katuran dumateng Bapa dalah
biyung kinasih lenggah ing damper ingkang sampun katata kanti laksana. Bapa lenggah ing
sakiwa tengening penganten.
Sakderengipun jinamas ing warih, Ni mas Calon temanten putra ing ngarsanipun Bapa
dalah biyung kinasih nyuwun idi pangestu dalah nyuwun agunging pangaksama mring ingkang
rama miwah biyung kinasih. Awit calon temanten putra badhe lumebet ing bebrayan enggal.
Sanadyano mboten namung meniko ingkang putra sumungkem ing pepadanira ingkang
rama dalah biyung. Nanging raosing penggalih ingkang rama dalah biyung satuhu beda.  Tatkala
sinembah pepadane, kadya sinendhal mayang bathine. Trenyuh jroning wardaya. Trenyuhing
nala ingkang datan sinayudan, satemah rama dalah biyung kuwawa ngamaph tumetesing waspa.
Luh marawayan, tumetes tinampi kanthi lumahing asta mring kang putra. Minangka pratandha
tumuruning nugraha, bilih ingkang rama dalah biyung ingkang sampun paring idi palilaah,
miwah pangestu dhumateng kang putra henggenira arsa dhaup palakrama.
Paripurna ngabekti ing pepdanira ingkang rama kakung dalah biyung kinasih, Kang Putra
calon temanten mring ingkang rama dalah biyung lumampah tumuju sasana jamas pasiraman.

Ngracik Toya
Kawuryan rising rahayu sampun lenggah ing sasana jamas pasiraman. Tumuli Bapak Ibu
Apsa ngracik toya suci perwita kang minangka sarana jamas pasiraman calon pinanganten.
Ingkang rinacik ingkang sepisan, Bapak Apsa mundhut toya saking kraton sinuntak ing
bokor, salajengipun ugi toya saking lepen tempuran. Warih saking kraton, her saking lepen
tempuran, miwah toya saking dalem riki sampun manunggal dadya sawiji. Mugi rising ahayu
samangke kasawaban saking wibawaning kraton sarta saged manjing ajur-ajer warih ing lepen
tempuran.
Ingkang kaping kalih, Bapak Apsa nglebetaken klapa sepuh sagandheng. Mugi menika
dadya pralampita gegandhenganipun tiyang sepuh, nun inggih besan kekalih, awit saking
manunggaling putri calon pinanganten sarimbit. Wohing klapa, sangsaya tuwa sangsaya
wicaksana. Mugi kekalih besan, samya agegadhengan asta, nyawiji paring pangestu miwah
pitutur sejati mrih ingkang putra calon pinanganten saged manggih kamulyaning gesang.
Ingkang kaping tiga, Bapak Apsa kabyantu Ibu Dhini manunggalaken sekar sritaman
nyawiji kalian toya lan klapa, Sri ateges ratu, taman nenggih gumelaring puspa. Sritaman ateges
retuning sekar, wujude mawar, mlathi, kanthil, miwah kenanga. Pralampita apa kang binawar
saking kedaling lathi para wredha sageda tansah kumanthil-kanthil ing wardaya, kumenang
kenang ing tung-tunging nala. Amrih arum gandanipun sekar sri taman, den sedya mrih
gesangipun rising calon penanganten saged angambar arum gandane kadya gandane sekar sri
taman.

Ngintun Toya
Sampun rinacik toya suci perwita adi dening Bapak Ibu Apsa. Salajengipun mring
karsaning kang hamengku gati, nun inggih Bapak-Ibu Apsa kinen ngaturaken toya suci adi
perwira adi dhumateng Bapak Ibu Sudirman nenggih calon besan. Toya suci perwita minangka
sarana jamas pasiraman rising calon peninganten kakung. Sampun mangarsa Bapak Ibu Apsa.
Makatenta pangandikanya ingkang handuta.
Sampun bidhal ingkang dinuta, daya-daya nggenira lumaksana, parasing sedya hamung
kumudu-mudu hangentasi karya, prapta ing dalemipun Bapak Ibu Apsa.

Siraman
Amrih samekta miwah gangsar samudayanipun, keparenga kula aturi uninga bilih
ingkang badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika, para pepundhen, para pini
sepuh,

Para pepundhen dalah pinisepuh ingkang kula aturaken kala wau inggih menika :
1.     Bapak Apsa
2.      Ibu Dhini
3.      Eyang Akbar
4.      Eyang Dinda

Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring


jamas pasiraman dhumateng risang calon pinananganten putri.
1.      Ingkang sepisan paring jamas pasiraman nun inggih Bapak Apsa kanthi kebak ing pangati-ati,
sarwa sarwi binarung donga suci lumebering toya waradung saranduning sarira risang ahayu.
Ancles kadya siniram tirta sawindu, mahanani, ayem,temtrem sajroning kala.
2.      Ing kaping kalehipun, kasuwun ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci, age-age marepegi
ingkang putra. Kebak ing sutresna, jinamas ing warih risang calaon pianganten putra. Waradin
ing sarira saking pucuking rikma dumugi samparaning ahayu.
3.      Salajengipun keparenga ingkang Eyang, nun inggih Eyang Akbar paring pangestu dhumateng
wayah, kanthi pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi. Ketang
tresnaning eyang marang wayah, sakderengipun angguyur toya paring puji pandonga rahayu.
Kanthi pianringan toya perwita sari mugiya calon pinanganten putri hayem, tentrem, kadya
pinaringan pangayoman risang ahayu mring ingkang eyang dupi piaringan pamuji donga miwah
siniram ing warih suci.
4.      Katuran dumateng Eyang Dinda
Mugi risang ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan. Satemah ing tembe
saged kasil ing babagan pakaryan

Mugi-mugi suci lahir lan bathine risang ahayu satemah mdhep mantep anggenipun calon
pinanganten ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung inggih punika
adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu Apsa ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah ingkang badhe males luhuring budi
panjenengan sadaya. Amin.

Sesuci Mecah Kedhi


Saklajengipun Bapak Apsa paring toya sesuci ingkang mijil saking telengih kendhi pratala.
Kendhi wus ngarani wadhah, pratala ateges lemah. Ilining toya boten pedhot mratandahani.
Sempulur ing karahayon, sempulur anggenipun kagungan kersa, sempulur ing sandang, bogam,
donya brana. Kanthi sesucen menika, mugi-mugi risang ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib,
kalis ing godha rencana, kalis ing sambikala, hamung rahayu kang bakal tinemu
.
Pangkas Rikma
Titi laksana salajengipun nun inggih Bapak Apsa arsa mangkas rikmane ingkang putri.
”Niat ingsun ngethok rikmamu angger putraku, muga-muga dadiya pratandha sempuluring
tuwuhmu, wilujeng, rahayu, wiwit saiki putraku wis dewasa uwal saka pangkoning rama lan
ibu”
Pangkasan rikma winadhah ing bokor, tinampi dening ingkang ibu. Mugi risang putra
nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu kadidene sasmita pangkas rikma nun
inggih wiwit samenika risang bagus samekta bawa priangga kalamun sampun kulawarga mangun
gesang tembayatan kaliyan ingkang garwa
,
Pondhongan
Rama kakung tumindak bopong pungkasan, ingkang paring sasmita hambok bilih  ing dinten
menika rama kakung saged mbopong putrinipun ingkang pungkasan.
”Niat ingsun mbopong putraku, iki dadiya bopong kang pungkasan, sabanjure putraku bisa bawa 
priyangga urip tembayatan karo garwamu, kacukupan ing sandhang boga, bisaa nemu mulya lan
raharja ”.

Tanem Rikma
Kawuryan Bapak Ibu Apsa sampun mijil saking wisma arsa tumuju wonten ing pundi
dumununging papan ingkang kangge hananem rikma. Pundi dununging papan minangka
hananem rikma, nunggih wonten ing palataran wiwaraning gapura ingkang sisih kiwa. Kawuryan
sampun sawega, ingkang ibu sarwi ngunandika,
Goteking kandha, ujaring bakul sinambe wara, bilih papan ingkang minangka sasana paneming
rikma bisa kanggo tamba kangen. Benjing kalamun ingkang sampun palakrama temtu badhe
uwal saking pangkoning bapa miwah ibu, bawa priyangga mandhireng pribadi, mpan wonten ing
wisma priang gesang mulya kalyan ingkang garwa.
Pepisahan mekaten sawanci-wanci saged nuwuhaken raos kapang ing wardaya. Nalika raos
kapang datan bisa sinayudan, ingkang bapak miwah ibu cekap mriksani papan ingkang kangge
nanem rikmane calon penganten, satemah raos kapang saged ical musna, anane mung rasa suka
lan bombong mring uripe putrane.
 ”Niat ingsun nanem rikmane putraku, kabeh lelakon kang kepungkur wis kapendhem, hamung
thukula kabecikan tumraping bebrayan, rahayu, widada, nir ing sambi kala ”.

Pecok Tumpeng
            Paripurna Bapak Ibu Suraji metak rikma ingkang putra, daya daya tumuju wonten pundi
dumuning papan amangkas tumpeng. Para kadang kula saking paket pengantin sampun sawega
hanyawisaken. Nalika samana Bapak Ibu Apsa sampun sumandhing ing tumpeng. Sarwa sarwi
kebak ing pangati-ati 1.  Bapak Apsa mangkas tumpeng, tumuli kaparingaken dhumateng garwa
nenggih Ibu Dhini. Sampun katampi pucuking tumpeng, gandheng renteng renteng Bapak Ibu
Apsa tumuju wonten panti busana, nenggih panti risang calon pinanganten putra kang nembe
sinumbaga mring juru sumbaga.
Pangkasaning tumpeng minangka sarana dulang pungkasan. Mratandhani kalamun Bapak Ibu
Apsa paring wasiat dhumateng ingkang putra supados tansah asih mring Permaisuri, datan supen
mring jatining panembah, tansah mudhi dhawuhipun Gusti, sarta nyingkiri ing pepacuhipun.

Dulang Pungkasan
Sade Dhawet
Kawuryan Bpk/Ibu Apsa sampun miyos saking panti. Ibu Dhini ngindhit wakul minangka
wadhahing arta asiling sade dhawet. Dene ingkang garwa nenggih Bapak Apsa ngasta songsong,
kang wus sawega paring pepayung mring kang garwa. Ateges dadi wong tinitah kakung mono
kudu bisa paring pengayoman mring ingkang garwa amrih ingkang tinitah wadon ayem, tentrem,
kalis saking was sumelang .
Sarwa-sarwi Ibu Dhini mundhut dhawet, dhawet kaaturaken Bapak Apsa
” Bapakne, piye rasane ? ”
” Enak tenan , Bune ”
Rame anggenaira antri samya mundhut dhawet,  dadya pratandha kalamun ing dinten benjing,
rawuhipun para tamu antri dalidir kadya kang samya mundhut dhawet.
Sarwa-sarwi mirah, hanggenira Ibu Rifqi sade dhawet, dhawete ayu, manis ing rasa, mila samya
suka pari suka ingkang samya antri badhe mundhut dhawet. Mboten wonten ingkang kuciwa ing
rasa, samya suka ing nala.
Kajawi punika, sadayan dhawet ugi dados pratandha bilih bpk/ibu Apsa suka dene mring sesami.
Satemene sapa wonge murah mring sasama, bakal pinaringan murah mring Gusti kang Maha
Kuwasa.
Makaten napa ingkang saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika, mboten kesupen
kula ing ngriki minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, ngambali atur sugeng rawuh
sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang rehning panjenengan para tamu sampun
minangkani pamundhutipun Bpk/Ibu Apsa

Panutup
Makaten napa ingkang saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika, mboten kesupen
kula ing ngriki minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, ngambali atur sugeng rawuh
sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang rehning panjenengan para tamu sampun
minangkani pamundhutipun Bpk/Ibu Apsa

Para rawuh para lenggah,


Dening kula nindakaken urut reroncenipun adicara, milai purwa dumugi paripurna tartamtu
kathah kekirangananipun ugi kekilafan kula, mila menika kula namung nyenyadhong
lumunturing sih samodra pangaksama dumateng ingkang hamengku gati ugi panjenengan
sedaya, labed budi daya kula manungsa. Nuwun.

Wassalamualaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai