Anda di halaman 1dari 5

Pakem Pambiwara Adicara Paningset

PAMBUKA
Kula nuwun,
Panjenenganipun para sepuh saha pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas,
lebda ing pitutur, ingkang satuhu pantes kinabekten.
Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya.
Kasugengan, karahayon inggih awit sih nugrahaning Gusti ingkang Maha Kuwaos
mugi tansah hangrenggani dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, sumrambah ing
samudayanipun.
Hamurwani tumapaking karya sedyatama, inggih awit saking keparengipun Bapa
_____

kekalih [ingkang hamengku karsa] ing wanci kalenggahan punika, kula

pinangka pambiwara keparenga hambuka wenganing wicara, saperlu hangaturaken


menggah urut reroncening adicara paningset ing wanci kalenggahan punika.
Hamung kewala, saderengipun pambiwara hangaturaken menggah urut reroncening
adicara, jumbuh kaliyan kuncaraning bangsa kita, ingkang tansah hanengenaken ing
panembah dhumateng Gusti ingkang Maha Mirah, sumangga langkung rumiyin kula
dherekaken tansah cumadhong ing kamirahanipun. Mugi-mugi wiwit purwa madya ngantos
wusananing sedya, lumampah kanthi sepen ing rubeda.
Wondene minangka purwakaning sedya, inggih sowanipun badhe temanten putri
kawijilaken saking sasana busana, manjing ing sasana dhampar pinajang. Saksampunipun
satata lenggah, tumunten katindakaken adicara serah panampining badhe temanten kakung
dalah abon-abon uba rampe minangka jejangkeping apalakrama. Purna serah panampi
kalajengaken serah panampining redana aji.
Saparipurna serah panampining redana aji, kalajengaken liru kalpika aji, inggih
ngagemaken ali-ali dhumateng badhe temanten kekalih, nunten kalajengaken atur
pambagya harja, nunten kalajengaken atur pamitan saking kadang besan sutrisna.
Wondene paripurnaning sedya hambok bilih badhe temanten sarimbit sampun
kabedhol saha kajengkaraken saking sasana dhampar pinajang, tumuju wiwaraning
pahargyan jinajaran rama saha ibu, sinartan panutuping atur saking pambiwara.
Mekaten para lenggah kakung saha putri, menggah urut reroncening adicara
paningset ing wanci kalenggahan punika. Pramila awit saking punika, purwa madya
ngantos wusana, mugi para lenggah kakung saha putri, wontena suka lilaning penggalih
tansaha paring puji astuti ngantos dumugi purnaning gati. Nuwun, matur nuwun.

LAMPAHING ADICARA

TULADHA BADHE TEMANTEN MIJIL

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya. Kados-kados
badhe temanten putri hanggenya hanglulur sarira, miwah hangadi busana sampun
paripurna. Estining driya badhe mijil saking sasana busana arsa manjing ing sasana
dhampar rinengga.
Wondene ingkang kepareng hangembani nun inggih panjenenganipun ibu
saha ibu

. Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, mijilipun

badhe temanten putri mugi kapyarsakna ungeling Ketawang Puspa Warna. Sumangga
nun, nuwun.

TULADHA SERAH PANAMIPING BADHE TEMANTEN KAKUNG

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu pantes sinu darsana.
Saksampunipun badhe temanten putri wus satata lenggah ing sasana dhampar
pinajang, tumunten katindakaken adicara serah panampining badhe temanten kakung saha
abon-abon uba rampe minangka jejangkeping apalakrama.
Wondene ingkang kepareng hamasrahaken, panjenenganipun Bapa
wondene ingkang kepareng hanampi, panjenenganipun Bapa ____
Jumenengipun Bapa ____
Bapa ____

____,
.

[ingkang hanampi] kasumbul sakwingkingipun

sekaliyan [ingkang hamengku karsa].

Kados-kados samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sakwetahipun


kasumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji. Sumangga nun, nuwun.

TULADHA SAKSAMPUNIPUN PASRAH


BADHE TEMANTEN KAKUNG

Para tamu sinedhahan kakung putri, mekaten kala wau atur pangandika pasrah
saking panjenenganipun Bapa ____

sampun paripurna.

Ingkang saklajengipun badhe katampi panjenenganipun Bapa ____

minangka sulih salira saking ingkang hamengku karsa. Ingkang punika dhumateng
panjenenganipun Bapa ____

wekdal sakwetahipun kasumanggakaken. Nuwun.

TULADHA PASRAH BADHE TEMANTEN KAKUNG


SAMPUN PARIPURNA

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu luhuring budi. Menggah
mekaten kala wau atur serah panampining badhe temanten kakung sampun paripurna.
Ingkang saklajengipun keparenga para tamu kakung saha putri hanglajengaken
lelenggahan ngantos dumugi purnaning gati.
Nuwun, matur nuwun.

TULADHA LIRU KALPIKA AJI

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya. Keparenga
pambiwara hanglajengaken adicara candhakipun, nun inggih liru kalpika aji. Wondene
ingang kepareng hamratitisaken adicara liru kalpika aji, nun inggih panjenenganipun
Bapa/Ibu ____

Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sakwetahipun


kasumanggakaken dhumateng Bapa/Ibu ____

. Sumangga nun, nuwun.

TULADHA PANUTUPING LIRU KALPIKA AJI

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu pantes ingurmatan. Menggah
mekaten kala wau lampahing adicara liru kalpika aji sampun paripurna. Ingkang

saklajengipun keparenga para lenggah kakung putri hanglajengaken lelenggahan kanthi


suka renaning penggalih sinambi hanyrantos tumapaking adicara candhakipun. Nuwun.

TULADHA ATUR PAMBAGYA HARJA

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan. Ing wanci
kalenggahan punika, ingkang hamengku karsa badhe hangaturaken lekas wekasing sedya
wigatosing perlu, wonten ngarsanipun para tamu kakung saha putri.
Karana mongkoging penggalih, inggih awit karawuhan panjenengan sedaya, pramila
hamiji tetuangga ingkang pinilih, tanulyan mboten wonten malih kajawi panjenenganipun
Bapa ____

Wondene jumenengipun Bapa ____


inggih panjenenganipun Bapa ____

, kasumbul sakwingkingipun nun


saha Bapa ____

Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sakwetahipun


kasumanggakaken dhumateng Bapa ____

. Sumangga nun, nuwun.

PAMITAN
[adicara punika saged mboten dipun adani]

Para tamu sinedhahan kakung saha putri ingkang satuhu pantes sinu darsana.
Keparenga pambiwara hanglajengaken adicara saklajengipun, nun inggih adicara pamitan.
Wondene adicara pamitan badhe kasarira dhumateng panjenenganipun Bapa ____
Kados-kados samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sakwetahipun
kasumanggakaken dhumateng Bapa ____

. Sumangga nun, nuwun.

PANUTUP

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu luhuring budi. Purwa madya
ngantos wusana adicara paningset ing wanci kalenggahan punika sampun ndungkap
paripurna.
Ingkang punika dhumateng panjenenganipun Ibu ____
___

saha Ibu

keparenga hambedhol badhe temanten sarimbit saking sasana dhampar

pinajang tumuju wiwaraning pahargyan jinajaran rama saha ibu, saperlu tangkep asta
ndherekaken kunduripun para tamu.
Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sawetahipun
kasumanggakaken para-para ingkang piniji. Sumangga nun, nuwun.

TUTUPAN PAMBIWARA
[dipun adani nalika temanten sampun dumugi madyaning
lampah]

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya.


Kula pinangka pambiwara, wiwit purwa madya ngantos wusana hambok bilih
anggen kula mranata basa kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan sedaya, kula
nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama ingkang agung. Ing wasana, mangga
sesarengan asesanti: Jaya-jaya wijayanti, rahayu ingkang sarwi pinanggih. Nuwun, matur
nuwun.
Kunduripun ndherekaken wilujeng.

Anda mungkin juga menyukai