Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum wr.

Wb

Kawula matur dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh
ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, kiblating panembah ingkang pantes
pinundi saha kinabekten.

Panjenenganipun para sarjana, sujananing budi, para priyagung pangemban pangembating praja,
para satriyaning negari, minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang pantes katuran
sagunging pakurmatan.

Para kadhang mudha mitra werda mudha ingkang pantes sinudarsana, sumrambahipun
dhumateng panjenenganipun para tamu kakung sumana putri ingkang dahat kalingga murdaning
akrami. Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, mugi
pinarengna kawula hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha kanti
cumantaka marak mangarsa hanggempil kamardikan penjenengan ingkang katemben wawan
pangandikan, inggih awit mradapa keparengipun ingkang hamengku gati nun inggih
panjenenganipun Bapa/Ibu …..

Kawula piniji hangembani wuwus minangka talanging basa, kinen ngaturaken menggah wudharing
gantha, babaring sedya, wigatosing gati ing siyang kalenggahan punika. Inggih kabekta saking
mongkoking manah saha karoban ing sih panjenengan sami, saengga boten kuwawi matur
piyambak, jrih menawi boten saged kawiyosing lathi, naming kandheg wonten ing jangga, mila
lajeng anyaraya dhumateng kawula.

Nanging sakderengipun kawula hamurwani lekas wekasing karti gatining sedya, supados purwa
madya wasana tansah manggih rahayu kali sing rubeda nir ing sambekala, kepareng langkung
rumiyin kawula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT,
ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumetaring alam agesang wonten madyaning
bebrayan agung, katitik Rahayu sagung dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula lan
panjenengan sedaya, saengga saged hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha
keperluan, rawuh ngawiji wonten dalem pawiwahan mriki kanthi pangajab saha manunggal rasa
hangestreni saha paring berkah pangestu dhumateng panjenenganipun Bapa/Ibu …. Anggenipun
ngrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi tetepa winengku ing suka basuki.

Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, madyaning pawiwahan prasaja ing siyang
kelenggahan punika , panjenenganipun Bapa/Ibu …. Ngambali ngaturaken sugeng rawuh,
sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah ngantos boten saged
rinumpaka ing ukara. Menggah karawuhan panjenengan sami. Ing saklajengipun mugi
kasekecakaken pinarak ing palenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih ngantos dumugi
paripurnaning pahargyan.
Wondene mengga wigatosing gati panjenenganipun Bapa/Ibu ….. hangaturi rawuh panjenengan
kados dene ingkang sampun kacetha wonten ing serat sedhahan bilih panjenenganipun Bapa/Ibu
…. Hanetepi dharmaning asepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus Kenya putrinipun
ingkang sesilih rara ayu …. Jinatu karma/ dhaup kaliyan Bagus ….. putra kakungipun Bapa/Ibu ….
Ingkang pidalem ing ….. Ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning agami lan negari,
panggih miturut satataning adat widhi widana ingkang sampun lumampah ing mriki, kanthi wilujeng
kali sing rubeda, nir ing sambekala. Ingkang punika panjenenganipun Bapa/Ibu …. Mawantu wantu
panyuwunanipun wonten ngarsa panjenengan sedaya mugi wontena suka lilaling penggalih, paring
jurung puja hastawa, puji hastuti dhumateng penganten sarimbit, anggenipun badhe lelumban
wonten madyaning bebrayan, tansah antut runtut manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu
ingkang tinemu, basuki inking kaesti, enggal kaparingan pituwasing patembayatan, momong putra
kanthi prajanjen brayat rinancang

Kaleksananing pahargyan ing kalenggahana punika saged kalampahan karana sih


pambiyantunipun sanak kadang pamong mitra tangga tepalih saha para tamu ingkang sampun
paring pisumbang awujud punapa kemawon ingkang sanyata saged hangenthengaken
sesanggeman, ingkang punika panjenenganipun Bapa/Ibu …………….. ngaturaken gunging
panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal
kesaenan saengga pikantuk lelinthu ingkang murwat

Minangka puputing atur, menawi wonten kuciwaning bojokromo ingkang boten saged anuju prana,
mbok bilih wonten aruh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, suguh ingkang
kirang lawuh anggen kulo hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami mugi lumeberna sih
samodra pangaksami.

Semanten ugi kula minangka talanging atur, tutur kelantur saha wonten kiranging subasita ingkang
singlar ing reh tata karma jenang selo wadhe pari sesondheran, apuranta menawi lepat atur
kawula.

Anda mungkin juga menyukai