Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr.

Wb

- Dhumateng panjenengan para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni
- Sagunging para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu ing karahayon
- Sarta para kadang werda muda ingkang tuhu pantes sinudarsana

Sakderengupin kula matur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken monjuk


puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih awit peparing
nikmat, taufik hidayah, sarta inayahipun, kula panjenengan sami saged kempal wonten
adicara punika kanthi widada nir ing sambekala.

Wonten ing kalodhangan menika, keparenga kawula sawetawis paripaksa nggempil


kamardikan panjenengan sami ingkang ketemben lelenggahan saha wawan pangandikan.
Karana mestuti dhawuh kersanipun Bapa Aji Budi Harto, kinen matur pinangka talanging
basa sulih sarira.

Ing madyaning pepanggihan menika, Bapa Aji Budi Harto lumantar kula ngaturaken
sugeng rawuh dhumateng para tamu sedaya. Sudeng rawuh, sugeng lenggah. Mugi para
rawuh kersa lenggah kanthi mardikaning penggalih. Ugi Bapa Aji Budi Harto saestu
ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit panjenengan sedaya kersa nglonggaraken
wekdal kangge rawuh wonten adicara menika.

Inggih karana manunggaling cipta, rasa, karsa lan karyanipun, Bapa Aji Budi Harto ing
kalodhangan menika netepi dharmaning asepuh, malakramakaken putra putrinipun
ingkang sesilih Nak Ayu Fatimah, kadhaup

kaliyan Nak Bagus Radhitya, putra kakungipun Bapa Riswanto. Dene ijab qobul
sampun kalampahan kalawau enjang, wanci tabuh 08.00 kanthi mboten wonten alangan
setunggal punapa.

Karawuhanipun para lenggah sedaya, panjenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun
donga pangestu saha peseksen dumateng para lenggah sedaya. Mugi-mugi temanten
kekalih anggenipun bibar nggebyur bebrayan enggal dadoso kaluwarga ingkang Sakinah
Mawadah Warahmah, enggalo pikanthuk tangsuling katresnan. Ingkang tembenipun
saged migunani dumateng agami, tiyang sepuh, saha nagari.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kula bektosi, penejenenganipun
Bapa Aji Budi Harto nyuwun mugio para lenggah sedaya kerso nyrantos pawiwahan
punika wiwit purwa, madya, dumugi wasana. Panjeneganipun nyumanggaaken mugio
para lenggah sedaya kersa ngedapi pasugatan ingkang cumawis, sak kawontenanipun.

Dumateng para rawuh sedaya, Bapa Aji Budi Harto nyuwun pangapunten menawi
wonten kekiranganipun aruh, lungguh, suguh. Saha mbok bilih anggen kawula pribadi
matur wonten galap gangsulipun atur karana kirang sesserepan saha andhaping
pawiyatan, kula nyuwun lumunturing sih agunging samudro pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Assalamu’alaikum Wr.Wb

Panjenenganipun para pinisepuh ingkang kinurmatan, para tamu kakung sumawana putri,
miwah para kadang wredha-mudha ingkang pantes sinubagya harja.

Langkung rumiyin sumangga kita dherekaken ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun
Gusti Ingkang Murbeng Agesang awit sedaya kanugrahan, karahayon, miwah kabagyan ingkang
sampun kita tampi.

Keparengan ing mriki, kula ingkang kapiji dening panjenenganipun bapak Sulistiyanto
kadhawuhan matur wonten ngarsanipunpara tamu kakung sumawana putrid. Ingkang sepisan,
bapak Sulistiyanto ngaturaken sugeng rawuh dalah agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan
awit karawuhan panjenengan sekaliyan. Salajengipun ing mangke kasuwun pinarak lenggah
kanthi mardikaning panggalih.

Dene wigatining perlu ing siyang punika, bapak Sulistiyanto ngaturaken syukur dhumateng
ngarsanipun Gusti amit sampun mentas netepi darmaning tiyang sepuh ngadaupaken putra
putrinipun ingkang sesilih Raden Ayu Sulistiyawati kaliyan Raden Bagus Sulistiyana rikala
dinten Minggu Wage Surya Kaping 16 Maret 2011 ing Purwodadi lumampah kanthi rancak
boten wonten alangan punapa kemawon.

Pramila bapak Sulistiyanto ngrawuhaken para tamu sekaliyan saperlu kasuwun paring donga
dhumateng anak kula raden ayu Sulistiyawati kaliyan raden bagus Sulistiyana mugi anggenipun
mbangun bali wisma pikantuk berkah saking gusti ingkang Murbeng Dumadi dadosa keluarga
ingkang sakinah mawadah warahmah. Amin.

Bapak Sulistiyanto boten saged amales kesaenan panjenengan sekaliyan, namung kasuwunaken
dhateng ngarsaning Gusti mugi pikantuk lintu ingkang satimbang.
Panyuwunipun bapak Sulistiyanto, mugiya para tamu sekaliyan sekeca pinarak lelenggahan
sinambi angrahapi pasugatan ingkang sampun kaaturaken.

Ananging bapak Sulistiyanto nglenggana bilih anggenipun anampi kerawuhan panjenengan,


miwah ngaturaken pasugatan ing sadayanipun tasih kathah kekirangan. Awit saking punika,
bapak Sulistiyanto nyuwun agunging samudra pangaksami.

Mekaten ingkang saged kawula aturaken, menawi wonten kirangipun, nedha kupatjanganipun
santen, menawi wonten lepat tansah nyuwun panganpunten.
Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai