Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr.

Wb
Bismillahirohmannirohim, Alhamdulillahirobilalamin, Wabihinastainu ala
umuridun ya wadin Asolatu wasalamu ala arsofil ambiya i wal mursalin
syayidina wa maulana muhammadin wa ala alihi wa ashabihi ajmain
Poro pepunden, pini sepuh, sesepuh engkang satuhu kinabekten
Bapak soho Ibu Kepala Dusun Pedes engkang satuhu luhuring budi
Bapak soho Ibu RT 01 dumugi 08 engkang satuhu kawulo hormati
Bapak bapak Ibu Ibu sagung poro rawuh engkang satuhu kawulo hormati
Sumrambahipun sedoyo keluargo ageng KPPP lan keluargo ageng Ibu Ibu PKK
Dusun Pedes engkang satuhu kawulo tresnani
 Langkung rumiyin sumonggo kito tansah ngonjukaken raos puji syukur
dumateng Ngarso Dalem Gusti Alloh SWT engkang sampun paring
mapinten pinten kanikmatan awujud kawilujengan kesarasan lan
karohmatan sahenggo kulo lan panjenengan sami taksih saget
pepanggihan malih wonten ing adicoro syawalan keluargo ageng KPPP
lan keluargo ageng Ibu Ibu PKK Dusun Pedes wonten ing Pendopo
Pedusunan Pedes meniko kanti wilujeng kalis nir ing sambikolo
 Mboten kesupen Sholawat soho salam mugi konjuk dumateng
Junjungan kito Nabi Muhammad SAW sumrambahipun dumateng
Garwo Putro lan penderekipun engkang tansah kito antu antu
syofaatipun wonten ing akhir jaman samangke .
 Sak lajengipun kawulo kadapuk kadawuhan matur ngaturaken ikrar
syawalan minongko wakil saking keluargo ageng Ibu Ibu PKK Dusun
Pedes .
 Angko 1 kawulo Ibu Ibu PKK Dusun Pedes ngaturaken Sugeng Riyadi
Fitri 1436 Hijriyah katur dumateng poro pepunden, pini sepuh ,
sesepuh ugi sedoyo wargo Pedusunan Pedes mriki.
 Kaping kalih kawulo Ibu Ibu PKK Dusun Pedes ngaturaken sembah
pangabekti katur dumateng poro pepunden pinisepuh lan sesepuh lan
ngaturaken salam taklim dumateng sesami sami lan engkang
dumawah enem
 Kaping tiganipun kawulo Ibu Ibu PKK Dusun Pedes linambaran manah
engkang ikhlas Nyuwun pangapunten sedoyo kalepatan kulo ing mbok
bilih anggenipun sami sesrawungan sak lebetipun setaun sae atur
seklimah lan ugi lampah setindak engkang kirang nuju prono soho
kalepatan engkang dipun sengojo lan engkang mboten dipun sengojo
sageto lebur wonten ing dinten riyadi meniko Mugi-mugi Gusti Alloh
paring pangapunten sedoyo kalepatan kulo lan panjenengan soho
nampi sedoyo amal kesaenan kulo lan panjenengan sami Amin
 Mekaten ikrar engkang saget kawulo aturaken minongko wakil saking
keluargo ageng Ibu Ibu PKK Dusun Pedes
 Minongko pungkasaning atur kawulo keluargo ageng Ibu Ibu PKK
Dusun Pedes
tansah nyuwun tambahing donga pangestu dumateng poro pepunden
pini sepuh lan sesepuh mugi mugi sak paripurnaning adicoro syawalan
meniko tansah kaparingan katetepan Iman lan taqwanipun dumateng
Gusti Alloh Subhanahuwatangala soho anggenipun sami pasederekan
tansoyo rinaket, anggenipun sami bebrayan momong putro wayah
tansah manggih karahayon, kabahagyan kamulyan lan kapirangan
rejeki engkang gangsar lan barokah soho gegayuhan engkang dereng
saget kagayuh wonten ing warso kepengker sageto enggal
kasembadan wonten ing warso meniko Amin.
 Cekap semanten atur kulo mbok bilih anggen kawulo matur katah
kalepatan soho kathah engkang nalisir saking angger ugering boso
langkung langkung ing babagan paromo sastro injih karono kiranging
pengertosan kawulo kanti meniko kawulo tansah cumadong
lumunturing sih pangapunten
 Kawulo pungkasi Wabilahi taufik wal hidayah
 Wassalamualaikum WR Wb

Anda mungkin juga menyukai