Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr.

Wbm
Alhamdulillahirobil’alamin
Assholatul wasalamu’ala asrofil ambya-I walmursalin wa’ala alihi wa ashabihi ajma’in.
Ama ba’du

Sedaya puji lan syukur kunjuk dalem Allah SWT ingkang manerani sedaya alam.
Sholawat lan salam mugi tansah Allah tetepaken dateng junjungan kita nabi agung
Muhammad SAW, para keluarga, para sahabat lan para panderekipun, kalebet
panjenengan lan sedaya ingkang tansah miderek sunah-sunahipun. Aamiin.

Para bapak/ibu/sederek ingkang kula urmati nyuwun pangapunten kula ngadeg marak
sowan ing ngarsa panjenengan sami, amargi mundi dawuh timbalan bapak/ibu
pambiyawara ingkang supados ndereaken panjenengan sedaya ngaturaken ikrar halal
bihalal ing wekdal punika.

Para rawuh sedaya temtu ikrar punika dereng cekap kanti lisan kemawon, ananging
sagedto tandes trusing manah kula panjenengan sedaya. Samangke kula ingkang
matur panjenengan sedaya kersa anirokaken, kawiwitan kanthi waosan basmalah
sesarengan, monggo kita waiti.

IKRAR SYAWALAN 1443 H

Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Asyhadu alla ilaaha illallah.
Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Kepareng matur, dumateng Ibu/Bapak sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula
ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsa panjenengan.

Dumateng ibu/bapak sederek sedaya ingkang langkung enem lan sesami-sami, kula
ngaturaken salam taklim mugi katur ing ngarsa penjenengan.

Ing dinten riyaya Idul Fitri 1443 H punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu
minna wa minkum.

Mugi Gusti Allah nampi sedaya amal ibadah lan amal kesaenan kita ing wulan
Ramadan.

Ing kasempatan niki, kula ngaturaken sedaya kalepatan kula, lahir trusing bathos, kanti
tandesing manah, saestu nyuwun pangapunten mugiya panjenengan paring
pangapunten dumateng kula.
Mekaten ugi, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi
ikhlasing manah kula nyaosakaen pangapunten dumateng panjenengan sedaya.

Mugi-mugi Gusti Allah ngijabahi saha paring maghfirah dumateng kita sedaya.
Amin, amin, Ya robbal ‘alamin.

Mekaten ikrar Syawalan ingkang kita aturaken. Katah lepat saha kirang mranani
ing penggalih, kula nyuwun agungin pangaksama.

Wabilahittaufiq wal hidayah

Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

Anda mungkin juga menyukai