Anda di halaman 1dari 3

TEXT MC

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Alhamdulillah…

Alhamdulillahirobbil’alamin…

Wabihi nasta’inu ‘ala umuriddunya waddiin…

Washolatu wassalamu’ala asrofil anbiya I wal mursalin…

Muhammadin Wa’ala alihi wa shohbihi ajma’in…

Poro sesepuh pinisepuh ingkang dahad kinormatan,

poro bapak ibu ingkang satuhu kinabekten,

soho poro konco lan adek-adek ingkang saestu kawulo tresnani .

Kulo minongko pranoto adicoro Syawalan ing enjang puniko, wonteno keparengipun
langkung rumiyen ngunjukaken pujo lan puji syukur kito dhumateng ngarso dalem Allah
SWT, ingkang sampun paring mapinten kanikmatan khususipun iman, kawilujengan,
kasarasan, satemah wonten enjang puniko, kulo lan panjenengan sedoyo, saged rawoh
wonten ing papan puniko kanthi remening manah saperlu nindaki Syawalan .
Sholawat soho salam mugi tansah kunjuk dumateng junjungan kita Nabi Agung
Muhammad SAW lumeberno dhumateng kaluarga, sahabat, lan umatipun insya Allah
kalebet kulo panjenengan sami. Aamiin

Poro bapak ibu lenggah sedoyo ingkang dipun Rohmati Allah, wonteno keparengipun
kulo badhe ngaturaken rantamaning adicoro Syawalan ingkang badhe dipun lampahi ing
enjang puniko :

1. Ingkang sepisan inggih puniko Kalam Illahi


2. Jangkep ingkang ongko kalih inggih puniko pambuko
3. Ndungkap ingkang ongko tigo laporan pertanggungjawaban ramadhan 1439 H
( sewu kawan atus tigang ndoso songo Hijriah)
4. Adicoro ingkang ongko sekawan inggih puniko ikror :
a. Ikror ingkang sepisan saking wakil wiranem,
b. Ingkang kaping kalih ikror saking wakil ibu -ibu,
c. Ikror ingkang angka tigo saking wakil bapak-bapak
5. Adicoro ingkang pungkasan inggih menika panutup, kalajengakeng jabat asta
Mekaten poro bapak poro rawoh sedoyo menggah reroncening adicoro ingkang
badhe dipun lampahi ing enjang puniko .

Saklajengipun, kanthi tansah nyadong pangayomaning Gusti Allah SWT, mugi


tumapak ing laksono, madyo dumugi wasono, mboten manggihi rubedo .

Kepareng adicoro tumuli badhe kawiwitan :

1. Adicoro ingkang sepisan inggih puniko waosan ayat suci Al-Qur’an,


ingkang badhe dipun salirani sederek Fajar Ramadhan dhumateng sederek Fajar
Ramadhan kulo sumanggakaken .
SodakaAllahal’adzim,
mekaten wau pengaosan ayat suci dening sederek Fajar Ramadhan ka aturaken
agunging panuwun sinartan dongo
Jazakumullah khoiron katsiro .
Insya Allah kanthi waosan ayat suci kolo wau ing wusono tambahing iman lan taqwa
kito dhumateng Allah SWT . Amiin .
2. Jangkep adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko pambuko .
Amrih rancaking adicoro ing enjang puniko, pramilo monggo Syawalan wonten ing
enjang puniko dipun wiwiti kanthi waosan Basmallah sesarengan, kulo derekaken,
Bismillahirrohmanirrohim
Mugi kanthi waosan Basmallah puniko tumapaking adicoro samangkeh magyo suko
reno kalis ing rubedo . Amiin .
3. Bapak, ibu, soho poro lenggah ingkang dipun rahmati Allah,
Adicoro ingkang ongko tigo inggih puniko laporan pertanggungjawaban.
 Laporan pertanggungjawaban inggih puniko saking Ketua Panitia Ramadhan 1439
H ( sewu kawan atus tigang ndoso songo Hijriah) dumateng Sederek Rahmat
Ardhana , kulo sumanggaaken.

4. Saklajengipun adicoro ongko sekawan inggih puniko ikror,


 Ingkang sepisan ikror saking wakil wiranem, dhumateng sederek Kevin Ahmad
Anandy, wekdal sak cekapipun kulo sumanggakaken .
 Ikror ingkang kaping kalih saking wakil ibu-ibu, dhumateng Ibu Sulastri,
dumateng panjenenganipun Ibu Sulastri kulo sumanggakaken .
Mekaten wau ikror saking wakil ibu-ibu, dhumateng Ibu Sulastri, kaaturaken
agunging panuwun .
 Ingkang ongko tigo ikror saking wakil bapak-bapak, dhumateng Bapak Wawan
Rahayu dumateng panjenenganipun Bapak Wawan Rahayu kulo
sumanggakaken .
Mekaten wau ikror saking wakil bapak-bapak, dhumateng Bapak Wawan
Rahayu kaaturaken agunging panuwun .
5. Poro bapak poro ibu soho poro lenggah ingkang dipun Rahmati Allah SWT, adicoro
ingkang pungkasan inggih puniko panutup,
Sakderengipun adicoro puniko dipun tutup, kulo ingkang ka kersaaken
nderekaken lampahing adicoro Syawalan , mbok bilih wonten perkawis ingkang
kapenggalih, kirang anuju prono, soho jangkeping toto kromo, kulo namong nyadong
lumuturingsih pangapunten
Pungkasaning atur, sak sampunipun adicoro panutup puniko sakmangkeh,
kasuwon poro lenggah sedoyo sami jawat asto utawi salam-salaman.
Monggo adicoro wonten ing enjang puniko dipun syukuri kanthi waosan tahmid
sesarengan kulo derekaken :
Alhamdulillahirobbil’alamin
Billahi taufik wal hidayah

Wassalamu’alaikum Wr .Wb

Infaq Kulo lan panjenengan sami wonten ing enjang meniko makempal

Rp ....................................

Anda mungkin juga menyukai