Anda di halaman 1dari 1

Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Asyhadu alla ilaaha illallah.

Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Kepareng matur, dumateng Ibu/Bapak lan sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula

ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsa panjenengan.

Dumateng ibu/bapak sederek sedaya ingkang langkung enem lan sesami-sami, kula

ngaturaken salam taklim mugi katur ing ngarsa penjenengan.

Ing dinten riyaya Idul Fitri punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna

wa minkum. Mugi Gusti Allah nampi sedaya amal kesaenan kita ing wulan Ramadhan.

Salajengipun kula ngaturaken sedaya kalepatan kula, lahir trusing bathos, kanti

tandesing manah, saestu nyuwun pangapunten mugiya panjenengan paring

pangapunten dumateng kula.

Mekaten ugi, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi

ikhlasing manah kula nyaosakaen pangapunten dumateng panjenengan sedaya.

Mugi-mugi Gusti Alloh ngijabahi saha paring maghfirah dumateng kita sedaya.

Amin, amin, Ya robbal ‘alamin.

Mekaten lan semanten ikrar syawalan ingkang kita aturaken. Katah lepat saha kirang

mranani ing penggalih, kula nyuwun agungin pangaksama.

Wabilahittaufiq wal hidayah

Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

Anda mungkin juga menyukai