Anda di halaman 1dari 1

PIDATO SAMBUTAN KETUA PANITIA HUT RI

Assallamualaikum Wr. Wb.


Para sesepuh/pinisepuh ingkang satuhu kinurmatan,
Bapak Dukuh/Bpk RT 01/Bpk. RT 02 lan Para hadirin sedoyo ingkang kawula hormati
Para rencang pemuda/pemudi BANGUNHARJO ingkang bahagia
Langkung rumiyen manga kita sedaya tangsah ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun
Gusti Allah SWT, dene wonten ing ndalu punika kita pinaringan kawilujengan, karaharjan, ing
sahengga saged ngrawuhi wontenipun acara malam tirakatan pengetan 17 Agustus 2016
Saklajengipun

kula

minangka

salah

satunggaling

wakil

saking

pemuda-pemudi

BANGUNHARJO, lan ketua panitia

Ingkang sepisan, ngaturaken sugeng rawuh, saha sugeng lenggah, dateng Bapak-Bapak/Ibuibu, awit saking rawuhipun kula lan panitia ngaturaken agunging panitia ngaturaken
angungin panuwun.

Ingkang saklajengipun kula lan panitia nyuwun pangapunten ingkang kathah mbok bilih
anggenipun nanggepi Bapak-Bapak/Ibu-ibu, pinanggih mapinten-pinten kekirangan.

Ingkag saklajengipun, Kita panitia ngaturaken agunging panuwun Dumateng BapakBapak/Ibu-Ibu, ingkang sampun ambiatu awujud menapa kemawon, bondho lan iguh
pratikel, ing sahengga saged mbiantu kaleksananipun ndalu tirakatan wonten saat menika

Kita saking panitia anggadahi pangajab, mugi-mugi kanthi pengetan/utawi malam tirakatan
ing ndalu menika, kita sedaya saged nambahi raos rela berkorban, saha raos kekeluargaan
ing sahengga wonten kita gesang menika tangsah guyup rukun lan saged nerusaken citacitanipun para pahlawan ingkang gugur wonten madyanipun peperangan

Kita saking para pemuda lan pemudi BANGUNHARJO ugi tangsah nyuwun tambahing donga
pangestu, mugi-mugi anggen kita ngisi kamardikan, kanthi nindaaken sinau wonten ing
sekolahan saged pikantuk hasil ingkang saestu memuaskan ing, saengga saged nerusaken
perjuanganipun para pahlawan.

Wonten ing tahun menika pemuda-pemudi BANGUNHARJO, nggadahi program kangge


mengeti dina kamardikan inggih menika

o Sepisan
: lomba anak-anak, ingkang sampun kaleksanan dinten minggu kapengker
o Ndalu tirakatan : wonten ndalu punika
o
Ingkang saklajengipun mbok bilih kula pribadi agen kita matur katahh tumpang suhing atur,

sasar-susur nyuwun agunging pangapunten, cekap semanten atur kula, awit saking kawigatosanipun
kula lan panitia ngaturaken angunging panuwun.
Wassalamualaikum, wr wb.

Anda mungkin juga menyukai