Anda di halaman 1dari 3

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sugeng Enjing
Ingkang kula hormati Kepala Madrasah MI Roudlotuzzahidin Tegalarum
Ingkang kula hormati Bapak soho ibu guru
Ingkang kula tresnani sedoyo konco-konco seperjuangan

Wonten ing dalem suasana ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo raos syukur
dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun, sehinggo wakdal
niki kito sedoyo saget kempal lan ngerawuhi acara niki kanti boten wonten alangan setunggalin
punopo-punopo. Mugiyo rawuh kulo lan panjenengan sedoyo wonten gino lan manfaati-pun.

Shalawat lan salam mugiyo tetep dipun paringaken dumateng nabi kito Muhammad saw. ingkang
sampun maringi pitedah lan bimbingan dateng umat menungso sehinggo sumerap lelampahan ingkang
sahe ingkang kedah dipun lampahi lan lelampahan ingkang awon ingkang kedah dipun tebihi ing dalem
gesang saben dinten. Mugiyo kito sedoyo kalebet umat beliau ingkang estu-estu ngamalaken ajaran
Islam.

Hadirin ingkang kulo hormati


Keparengo kulo matur ing mriki badhe nyampekaken sesorah tentang Hari Pahlawan utawi peringatan
dinten Pahlawan ingkang kito peringati setiap tanggal 10 November.
Nopo pernah kito mbayangaken? Bilih kito saged menikmati kehidupan bebas meniko ugi berkat
perjuangan para pahlawan kemerdekaan. Poro pahlawan meniko sampun memperjuangaken
kemerdekaan, ngusir penjajah saking bumi pertiwi meniko kelawan perawang ingkang katah sanget
ngarugiaken bangsa Indonesia. Katah tiyang podo meninggal demi kemerdekaan Indonesia. Kito kedah
bersyukur marang Gusti Allah, lan kedah matur nuwun dumateng para pahlawan ingkang sampun
gugur nderek perang melawan penjajah.

Hadirin ingkang kulo tresnani


Kangge rencang-rencang pelajar, kito sebagai penerus kedah saget metik hikmah saking peristiwa
kemerdekaan. Kito sebagai generasi pelajar kedah semangat anggene belajar, anggene ngucali ilmu
supados benjang saget dados tiyang ingkang manfaat dumateng bangsa lan negara. Kito kedah saling
rukun, bersatu kangge kemajuan bangsa Indonesia.

Mekaten ingkang saged kula aturaken wonten ing sesorah babagan dinten pahlawan menika. Menawi
anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani panggalih panjenengan
sedaya, kathah atur saha kirang trapsilanipun kula nyuwun pangapunten. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
Assalamualaikum Wr.Wb.

Ingkang kula urmati kepala sekolah ....


Ibu lan Bapak Guru ingkang kula bakteni
Rencang-rencang lan adik-adik kelas ingkang kula tresnani.

Puja-puji syukur dhumateng gusti Allah SWT, ingkang sampun angluberaken rahmat saha hidayahipun
dene kula lan panjenengan sami saged makempal wonten ing papan menika kanthi rahayu nir ing
sambekala.

Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa angrawuhi
adicara ing enjang puniki.

Para rawuh sedaya, sampun kula lan panjenengan mangertosi bilih dinten pahlawan punika ing tanggal
10 November.

Dinten pahlawan kedah kula lan panjengan pangeti. Dinten pahlawan menika dipun pangeti minangka
mengeti perjuanganipun para pahlawan.

Para pahlawan sampun ngangkat drajatipun bangsa Indonesia ngantos saged mardhika saking para
penjajah saengga kula lan panjenengan saged gesang kanthi tentrem lan ayem.
Pramila, mangga kula lan panjenengan sedaya engat lan mangertosi prastawa lan kedadosa zaman
punika. Inggeh menika ageng sanget kepahlawanan bangsa Indonesia. Ugi kathah ingkang seda nalika
mbela bangsa Indonesia.

Sedaya puniku dipun lampahi keranten raos remen lan tresnanipun dhumateng negari Indonesia.
Semangat para pahlawan ingkang ageng sanget saestu patut kula lan panjenengan sedaya teladani.
Kula lan panjenengan ugi kedah bersyukur dhateng Allah SWT awit saking kamurahanipun, bangsa
Indonesia dados nagari ingkang mardhika kados wekdal samenika.
Para rawuh ingkang bagya mulya, mugi-mugi nagari Indonesia menika salajeng dipun paring
kamerdekaan ugi kamanunggalan dumugi akhir zaman.
Mekaten ingkang saged kula aturaken wonten ing sesorah babagan dinten pahlawan menika. Menawi
anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani panggalih panjenengan
sedaya, kathah atur saha kirang trapsilanipun kula nyuwun pangapunten. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai