Anda di halaman 1dari 2

Contoh Tembang Macapat Mijil Poma kaki padha dipun eling Ing pitutur ingong Sira uga satriya

arane Kudu anteng jatmika ing budi Ruruh sarta wasis Samubarang tanduk Sinom Nulada laku utama Tumraping wong tanah Jawi Wong Agung ing Ngeksianda Panembahan Senapati Kepati amarsudi Sudaning hawa lan nenpsu Pinesu tapa brata Tanapi ing siyang ratri Amemangun karyenak tyas ing sasama Kinanthi Saranane wong yun luhung Betah tapa kurang guling Elinga solah jatmika Yen wicara kudu manis Murih sengseming sasama Samaning manungsa sami Dhandanggula Lamun sira anggeguru kaki Amiliha manungsa kang nyata Ingkang becik martabate Sarta kang wruh ing hukum Kang ngibadah lan kang wirangi Sokur oleh wong tapa Ingkang wus amungkul Tan mikir pawewehing lyan Iku pantes sira guranana kaki Sartane kawruh ana Asmaradana Aja turu sore kaki Ana dewa nganglang jagal Nyangking bokor kencanane Isine donga tetulak Sandang kalawan pangan

Yaiku bageyanipun Wong melek sabar narima Gambuh Aja nganti kabanjur Barang polah kang nora jujur Yen kabanjur sayekti kojur tan becik Becik ngupayaa iku Pitutur ingkang sayektos Maskumambang Maratani mring anak putu ing wuri Den padha prayitna Ajana kang kuma wani Mring biyung tanapi bapa Durma Ingkang eling iku ngeling ana marang Sanak kadang kang lali Den nedya raharja Mangkono tindak ira Yen tan nggugu iya uwis Teka meneng amung aja sok ngrasani Pangkur Sekar pangkur kang winarna Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip Ala lan becik puniku Prayoga kawruh ana Adat waton punika dipun kadulu Miwah ingkang tata krama Den kaesthi siyang ratri Megatruh Para janma sajroning jaman pakewuh Kasudra nira andadi Dahurune saya ndarung Keh tyas mirong murang margi Kasetyan wus nora katon Pocung Ngelmu iku kalakone kanthi laku Lekase lawankas Tegese kas nyantosani Setya budya pangekese dur angkara

Anda mungkin juga menyukai