Anda di halaman 1dari 2

Nama : Kusnul Khotimah Kelas : IX C No : 18

Pidato Bahasa Jawi

Migunaaken Bahasa Jawi Saben Dinten Kagem Nglestarekaken Budaya Jawi

Assalamualaikum Wr. Wb. Kulo aturaken matur panuwun dhumateng sederek-sederek sedaya ingkang kersa nyisihaken wekdalipun ngrawuhi pidato menika. Matur nuwun dumateng dimas pranoto hadicara ingkang sampun paring wekdal dhumateng kulo. Saderenginpun monggo kito sami manekung pujo dhumateng ngarsa dalem gusti ingkang sampun paring kanugrahan dumateng kita sedaya sainggo kita saged makempal wonten papan menika. Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir menika kathah wargo ingkang kirang menghargai negeri nasionalipun inggih puniko, negeri tercinta Indonesia. Babagan Kala wau sanget ngrisauaken menawi dipun terus-terusaken saged dados masalah ingkang serius. Babagan migunaaken basa Jawi ingggih mekaten, Kedah dipun biasaken. Amargi Sinten maleh ingkang saged nglestareaken Basa Jawi menika menawi mboten kita sami. Dhumateng ngarsanipun para sedherek ingkang kula hormati, keparenga kula ngudhar pemanggih babagan anggenipun tiyang sami ngginaaken basa Jawi wonten ing pagesangan sidinten-dinten. Sinaosa langkung saking 75.000.000,- warga Indonesia ngginaaken basa Jawi minangka basa pasrawungan, mboten ateges basa Jawi saged ngrembaka lan dipunkembangaken anggenipun ngginaaken kanthi sae. Wonten pemanggih saking para sarjana lan sujana ingkang paring kawigatosan dhumateng basa Jawi, bilih basa Jawi menika saestu langkung angel katimbang basa-basa sanesipun.

Basa sanesipun awis-awis ingkang ngecakaken langkung saking setunggal standar. Wonten ing basa Jawi standar basa menika wonten tiga, inggih menika Ngoko, Krama Madya lan Krama inggil. Kajawi menika para sarjana lan sujana ingkang kajibah damel rantaman kurikulum pawiyatan, kathah-kathah ugi sampun mboten kesengsem malih nglebetaken basa Jawi wonten kurikulum, kanthi alesan basa jawi menika simbol feodalisme lan adamel wates pacelathon antawisipun kaneman lan kasepuhan, kathah pemanggih ingkang mboten saged dumugi awit radin-radin para nem-neman sami ajrih matur dhumateng tiyang sepuh, menawi magertosi piyambakipun mboten saged ngginaaken Krama Inggil kanthi sae. Mekaten sekedhik atur kula babagan basa Jawi wonten ing pagesangan sadinten-dinten, cekap semanten atur kula, mugi-mugi saged kagem sumbang saran supados nglestarekaken budaya Jawi. Kulo raos meniko ingkang saged kulo sampekaken. mugi-mugi ndhatengaken perubahan lan supados saged nglestarekaken budaya Jawi ugi nguataken roso nasionalisme kita sedanten. Matur nuwun kulo aturaken Menawi wonten tata basa ingkang mboten mrenani ing pengalih, kula nyuwun pangapunten saageng-agengipun. Cekap semaanten atur kula. Nuwun. Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai