Anda di halaman 1dari 4

Nama : Linda Listyana

No
: 16
Kelas : X TKJ 1
Pranatacara Penerimaan Siswa Baru SMK Bina Patria 1 Sukoharjo
Assalamu alaikum Wr. Wb.
Mugiya kawilujengan lan kasarasan saking ngarsa dalem Gusti Alloh tansah
rumentah kajiwa kasalira dhumateng kula lan panjenengan sami. Aamiin.
Bapak Kepala Sekolah ingkang dhahat kinormatan,
Bapak, Ibu Guru saha karyawan-karyawati SMK Bina Patria 1 Sukoharjo ingkang
pantes kacaosan raos ing pakurmatan.
Rencang-rencang siswa enggal kelas 10 ingkang kula tresnani.
Nuwun sewu keparenga, kula wonten ing mriki supados ndherekaken lampahipun
titilaksana Penerimaan Siswa Baru Kelas 10 SMK Bina Patria 1 Sukoharjo
ingkang mapan wonten aula SMK Bina Patria 1 Sukoharjo
Namung saderengipun kula nglajengaken atur kula sumangga kula lan
panjenengan sami ngaturaken puji syukur dhateng ngarsa dalem Gusti Alloh
ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan saha hidayah, ing satemah
kula panjenengan sami saged makempal wonten mriki kanthi kebak ing
kawilujengan.
Ing salajengipun keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning titilaksana
ingkang badhe kalampah.
Ingkang sepisan Pambuka
Angka kalih talanging atur saking kelas 11
Kaping tiga talanging atur saking kelas 12
Kaping sekawan pambagya saking kepala sekolah
Kaping gangsal serba-serbi
Ingkang pungkasan Panutup
Sumangga kita lumebet titilaksana ingkang sepisan inggih menika Pambuka,
sumangga kanthi wosan basmalah kula dherekaken Bismillahirrohmanirrohim
Kalajengaken titilaksana angka kalih inggih menika :
talanging atur saking kelas 11, dhateng panjenenganipun ......................
kasumanggakaken.

Mekaten titilaksana angka kalih sampun paripurna, ngaturaken gunging panuwun


dhateng .......................
Lumebet Titilaksana ingkang angka tiga inggih menika: talanging atur saking
kelas 12
dhateng penjenenganipun ................... kasumanggakaken.
Mekaten titilaksana angka tiga sampun paripurna, ngaturaken gunging panuwun
dhateng .......................
Titilaksana kaping sekawan pambagya saking Bapak kepala sekolah, dhumateng
panjenenganipun bapak ................................ kasumanggakaken.
Mekaten menggah wedharing atur saking panjenenganipun ...............................,
ingkang menika ngaturaken gunging panuwun.
Sumangga dipunlajengaken titilaksana kaping gangsal inggih punika serba-serbi.
Sagung para lenggah, menapa dene wasana sampun lumampah kanthi rancak,
sumangga kantun titilaksana pungkasan inggih menika Panutup.
Mangga pepanggihan menika lajeng dipun tutup kanthi waosan hamdalahkula
dherekaken Alhamdulillahirrobbil alamin
Semanten lan mekaten anggen kula ndherekaken runtuting titilaksana menika ,
kathah lepat nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr.Wb.

Nama : Indah Refan C


No
: 12
Kelas : X TKJ 1
Assalamualaikum.wr.wb
Kepareng dhumateng Bapak Kepala SMK Bina Patria 1 Sukoharjo ingkang dahat
kinabekten. Bapak/Ibu Guru, karyawan ingkang kinurmatan. Para siswa enggal
tahun ajaran 2016/2017 ingkang kula tresnani.
Sumangga ingkang kapisan kula lan panjenengan sedaya tansah manungku
puji miwah puji syukur dhumateng Allah SWT awit sampun maringaken berkah
pengestu dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga saged kempal
manunggal wonten ing papan menika.
Salajengipun kepareng kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang
sampun rinonce :
1. Purwaka
2. Atur Pambagyaharja
3. Atur Pangandikan saking Ketua Osis
4. Atur Pangandikan saking Kepala Sekolah
5. Ndonga sesarengan
6. Wasana
Mekaten menggah rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan,
salajengipun kesekecakaken lenggah dumugi paripurnaning adicara.
Ingkang kapisan, mangga kita panjenengan sedaya purwakani adicara
menika dening waosan basmalah. Kula ndherekaken.
Matur nuwun, dhumateng panjenengan sedaya amargi sampin kersa
purwakani adicara menika dening waosan basmalah.
Salajengipun atur pambagyaharja saking Kesiswaan Bapak ..
Bapak . kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak
ingkang sampun kersa atur pambagyaharja.
Salajengipun, atur pangandikan saking . minangka Ketua
OSIS. . kula sumanggakaken. Matur nuwun dening .
ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.
Salajengipun, atur pangandikan saking Bapak .. minangka
Kepala Sekolah. Bapak Joko kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng
Bapak ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.

Salajengipun, mangga kita lan panjenengan sedaya ndonga sesarengan


ingkang badhe dipundhereaken dening Bapak . Bapak ,
kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak ., amargi
sampun ndherekaken ndonga sesarengan menika.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika wasana. Kula minangka
pranatacara nyuwun agunging pangapunten dhumateng panjenengan sedaya
menawi kula kathah kalepatan.
Sumangga kita pungkasi adicara menika dening waosan hamdallah. Kula
ndherekaken. Matur nuwun.
Wassalamualaikum.wr.wb

Anda mungkin juga menyukai