Anda di halaman 1dari 3

BAHASA JAWA

Tugas

1. Acara kumpulan RT
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawula hormati Bapak RT, Bapak Kadus

Sepindah, sumangga sareng-sareng ngaturaken puji syukur dumateng Gusti


Allah, kanthi rahmat hiduayatipung kito saget makempal wonten acara kempalan
RT menika, ing dalemipun Bapak RT

Salajengipun, salawat ugi salam dumateng nabi Muhammad SAW ingkang dados
uswatun hasanah, mugi-mugi, kito pikantuk syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Kawula badhe maosaken acara arisan pertemuan RT menika.

1. Sepindah, pembukaan.

2. Kaping kalih, sambutan tuan rumah.

3. Nomer tugo, Sambutan Bapak Ketua RT.

4. Nomer sekawan, saran, usul, ugi tanggapan.

5. Kaping gangsal, pengumuman laporan keuangan.

6. Banjur penutup.

Monggo, kito bukak acara punika kanthi waosan alfatihah.

Salajengipun, inggih punika sambutan tuan rumah, dumateng Bapak RT, wekdal
ugi panggenan sakcekapipun.

Menika sambutan tuan rumah.


Salajengipun, sambutan ugi informasi saking Bapak ketua RT, dumateng Bapak
RT, wekdal kasumanggaaken

Monggo, kito lanjut acara ingkang nomer sekawan inggih punika saran ugi usulan
saking warga.

Dumateng wargo ingkang gadah usul lan saran kangge lingkungan RT,
kasumanggaaken.

Acara saran, usul, ugi tanggapan sampun kalampahan, mbok bilih wonten usulan
ingkang dereng saget kaputusaken, kito sambung ing pertemuan wulan ngajeng.

Acara saklajengipun inggih punika laporan keuangan, dumateng poro punggawa


ingkang kagungan jejibahan, sumonggo wekdal kasumanggaaken.

Inggih mekaten acara wonten ing dalu puiko, mugi-mugi saget ndadosaken
lungungan kito sansoyo sae.

Acara pingkasan puniko inggih penutup.

Mbok bilih anggen kulo matur lan mandu wonten ingkang kurang pas, mboten
mrarani penggalih kulo nyuwun angunging pangarsami.

Sumonggo, bareng-bareng kito tutup acara pertemuan RT ing dalu puniko kanthi
waosan hamdalah.

Alhamdulillah hirabbilalamin.

Wassalamu’alaiakum warahmatullahi wabarakatuh


2. Sambutan tuan rumah

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sugeng enjing para sedherek ingkang kawula tresnani

Ingkang kinurmat para sesepuh, pini sepuh, aji sesepuh ingkang tansah kinabekten.

Para bapak, para ibu, sarta para sedherek ingkang kawula khurmati.

Kawula minangka sesulih saking ketua RT (….), badhe ngaturaken sugeng rawuh
lan matur nuwun ingkang ageng dhumateng para bapak, ibu, lan para sedherek
sedaya, ingkang sampun kersa ngrawuhi adicara rapat RT wulanan ing wekdal dalu
punika.

Mugi-mugi tindakipun panjenengan saking ndalem dumugi papan punika klebet


ngibadah ingkang ing tembe bakal pikantuk ganjaran saking ngarsa dalem Allah
SWT.

Salajengipun, menawi anggenipun panitia gupuh suguh ugi aruh dhumateng


panjenengan, kula minangka sesulihipun ingkang kagungan kersa nyuwun
agungipun pangaksami.

Para bapak, ibu, dalah para sedherek sedaya.

Cekap semanten atur kawula minangka menawi wonten atur utawi tumindak kula
ingkang kirang trep utawi kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan, kula
sacara pribadhi nyuwun agunge pangaksami.

Waalaikum salam warahmatullahi wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai