Anda di halaman 1dari 2

TEKS PRANATACARA ACARA PERTEMUAN RT

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kawula hormati Bapak Ketua Rt 5

Ingkang ugi kawula hormati, bapak/ibu warga RT 5

Sepindah, sumangga sareng-sareng ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Allah,


kanthi rahmat hidayahipun kito saget makempal wonten acara pertemuan rutin arisan
RT menika, ing dalemipun Bapak Agus

Salajengipun, salawat ugi salam dumateng nabi Muhammad SAW ingkang dados
uswatun hasanah, mugi-mugi, kito pikantuk syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Kawula badhe maosaken acara arisan pertemuan RT menika.

1. Sepindah, pembukaan.

2. Kaping kalih, sambutan tuan rumah.

3. Nomer tigo, Sambutan Bapak Ketua RT.

4. Nomer sekawan, saran, usul, ugi tanggapan.

5. Kaping gangsal, pengumuman laporan keuangan.

6. Banjur penutup

Monggo, kito bukak acara punika kanthi waosan alfatihah.

Salajengipun, inggih punika sambutan tuan rumah, dumateng Bapak Agus wekdal ugi
panggenan sakcekapipun.

Menika sambutan tuan rumah.

Salajengipun, sambutan ugi informasi saking Bapak ketua RT, dumateng Bapak Ahmad
wekdal kasumanggaaken.

Mangga, kito lanjut acara ingkang nomer sekawan inggih punika saran ugi usulan
saking warga.

Dumateng wargo ingkang gadah usul lan saran kangge lingkungan RT,
kasumanggaaken.
Acara saran, usul, ugi tanggapan sampun kalampahan, mbok bilih wonten usulan
ingkang dereng saget kaputusaken, kito sambung ing pertemuan wulan ngajeng.

Acara saklajengipun inggih punika laporan keuangan, dumateng poro punggawa


ingkang kagungan jejibahan, sumonggo wekdal kasumanggaaken.

Inggih mekaten reroncening acara wonten ing dalu puniko, mugi-mugi saget
ndadosaken lingkungan kito sansoyo sae.

Acara pingkasan puniko inggih penutup.

Mbok bilih anggen kulo matur lan mandu wonten ingkang kurang pas, mboten mranani
penggalih kulo nyuwun angunging pangaksami.

Sumangga, bareng-bareng kito tutup acara pertemuan RT ing dalu puniko kanthi
waosan hamdalah.

Alhamdulillah hirabbilalamin.

Wassalamualaiakum warahmatullahi wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai