Anda di halaman 1dari 2

Pranata Adicara

Ardan Arkana XII MIPA 3

Assalamualaikum wr.wb
Ingkang dahat kinurmatan bapak rw 02 Beji Wates Kulon Progo inggih
menika Bapak Puji Hartono, ingkang kinurmatan bapak RT 01 RT 02 Rt
03 saha para rawuh ingkang kinurmatan. Puji syukur dhumateng Gusti
Allah Swt ingkang sampun paring kasarasan saengga kulo lan
panjenengan saget kempal wonten adicara Tanggap Warsa Dusun Beji
kaping 75 tahun meniko, Langkung rumiyin kul minangka pranatacara
badhe ngaturaken reroncening adicara wonten wekdal menika.
1. Pembuka
2. Pembagyaharja saking ketua karang taruna “RELA BAKTI” Beji wates
Kulon Progo
3. Atur pangandikan saking bapak RW 02 Beji wates Kulon Progo
4. Atur pangandikan saking bapak Rt 01 Beji Wates Kulon Progo
5. Atur pangandikan saking bapak RT 02 Beji wates Kulon Progo
6. Atur pangandikan saking bapak rt 03 beji wates kulon progo
7. penutup
Menika adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal menika. Adicara
ingkang sepisan inggih menika pambuka. Sumonggo adicara ing titi
wanci menika dipun wiwiti kanthi dedongo minurut kapitadosanipun
piyambak, dedongo kawiwitan.
Matur Nuwun, adicara ingkang angka kalih inggih menika
pambagyaraharja saking ketua karang taruna rela bakti beji wates
kulon progo, dhumateng sedulur Nur Kolis kulo sumanggaaken.
Maturnuwun dhumateng sedulur Nur Kholis, adicara ingkang angka
tiga inggih menika atur pangandikan saking bapak ketua rw 02 beji
wates kuon progo, dhumateng bapak puji hartono kulo
sumanggaaken.
Matur nuwun dhumateng bapak Puji Haartono, adicara ingkang angka
sekawan inggih menika atur pangandikan saking bapak ketua rt 01 beji
watdes kulon progo, dhumateng bapak suyatman kulo
sumanggaaken.
Maturnuwun, adicara ingkang angka gangsal inggih menika atur
pangandikan saking bapak ketua rt 02 beji wates kulon progo,
dhumateng bapak djuwardi kulo sumanggaaken.
Maturnuwun, adicara kaping enem inggih menika atur pangandikan
saking bapak ketua rt 03 dhumateng bapak Priyanta kulo
sumanggaaken.
Maturnuwun adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Kulo
minangka pranatacara ing adicara meniko bilih wonten kalepatan kulo
nyuwun agunging pangaksama, sumonggo pepanggihan menika kita
pungkasi sesarengan kanthi ndedongo miturut kapitadosanipun
piyambak piyambak, ndedongo kawiwitan, matursuwun sugeng siyang
wassalamualaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai