Anda di halaman 1dari 2

Bismillahirahmannirrahim

Assalamualaikum Wr. Wb,


Alhamdullillahirabil’alamin wa shola tuwasala mu ngala asrafil anbiyai walmursallin
Muhammadi wa ‘ala alihi washohbihi ajma’ngin amaa bagdu.
Khadrotil muhtaromin, dumateng para alim poro ulama, poro kyai, ustad ustadzahingkang
kawulo hormati, wabil khusus dumateng panjenganipun Almukarom Romo KH. Muhammad
Sholihun saking Geger, Tegalrejo, Magelang, ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo2
punopo ingkang dados fatwa soho nasihatipun.
Dumateng panjenenganipun Bpk. Ky Toha Mahasin selaku ketua syuriah Kecamatan Pakis
ingkang kawulo hormati
Dumateng sedoyo pengurus pimpinan anak cabang NU kaliyan banomipun wonten ing
kecamatan pakis ingkang kawulo hormati.
Dumateng panjenenganipun Bapak Mujiono selaku ketua Tanfidziyah NU Ranting
gondangsari kaliyan pengurus Banomipun ingkang kawulo hormati ugi.
Dumateng panjenganipun Bapak Pawit Widodo selaku Kepala Desa Gondangsari kaliyan
jajaranipun ingkang kawulo hormati.
Jama’ah selapanan NU kaliyan BANOM ranting Desa Gondangsari ingkang kawulo hormati
ugi.

Sepindah monggo kito tansah ngraosaken puji dalah sukur dumateng Allah SWT, ingkang
sampun maringi pinten pinten kenimkatan dumateng kito, salah satunggalipun nikmat iman
lan islam. Sehinggo kito tasih saget bertatap muka, bermuwajahah, bersilaturakhim wonten
kegiatan selapanan rutin NU kaliyan BANOMipun ranting desa Gondangsari ingkang mboten
wonten alangan setunggal punopo, kanthi ngucap biqaulina tahmid Alhamdulillahirabbil
‘alamin.
Kaping kalih, sholawat dalah salam kunjuk dumateng junjungan kita Nabi Agung, Nabi
Muhammad SAW, ingkang kito tengo2 syafaatipun benjang wonten yaumul kiyamah
Allahiuma Aamiin.
Jama’ah selapanan NU kaliyan BANOMipun ingkang kawulo hormati,
Sakderengipun kawulo matur katah, kulo mingko pranata adicara badhe maosaken sususnan
adicara ingkang badhe kalampah wonten siang puniko.
Adicoro ingkang sepindah, pembukaan
Adicoro ingkang kaping kalih, waosan tahlil
Menggah adicoro ingkang angka tigo inggih puniko sambutan sambutan
Adicoro igkangkang angka sekawan, waosan maulid
Adicoro inkang angka gangsal inggih meniko Maulidoh hasanah saha doanipun
Adicoro ingkang terakhir inggih meniko penutup
Ngengeti wekdal sampun sonten monggo kito buka acara penika kanthi waosan ummul kitab
Liridho lillah wabi syafaati rasulillah lahumul Al-Fatihah
Matur suwun mugi-2 kanthi waosan ummul kitab puniko saget dadosaken lancaripun acara
puniko amin ya robbal alamin.
Menggah adicara ingkang angka kalih inggih puniko waosan tahlil kagem panjenganipun
Bpk Ky. Nurdi wekdal saha panggenan kawulo aturaken.
Dumateng panjenganipun Bpk. Ky Nurdi kawulo aturaken matur nuwun.
Menggah adicara ingkang angka tigo inggih punika sambutan sambutan, sambutan ingkang
sepindah imggih puniko sambutan panitia kagem panjenganipun Bpk. Ahmad Sudrajad
wekdal saha panggenan kawulo aturaken
Dumateng panjenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Sambutan ingkang angka kalih inggih puniko sambutan kepala desa Gondangsari dumateng
panjenganipun Bpk. Pawit Widodo Wekdal Saha panggenan kawulo aturaken.
Dumateng panjenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Sambutan ingkang anggka tigo inggih puniko sambutan ketua syuriah PAC Kecamatan
Pakis , dumateng panjenganipun Bpk. Ky. Toha Mahasin wekdal saha panggenan kawulo
aturaken.
Dumateng panjenganipun Bpk. Ky Toha Mahasin kawulo aturaken matursuwun.
Menggah adicara ingkang angka sekawan inggih puniko waosan maulid ingkang badhe
kaasto dumateng panjenganipun Bpk…………….…… wekdal saha panggenan kawulo
aturaken.
Dumateng panjenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Jama’ah selapanan NU kaliyan BANOM Ranting Gonangsari ingkang berbahagia
Menggah adicoro ingkang angka gangsal inggih puniko maulidhah hasanah saha doanipun
ingkang badhe kaasto dumateng panjenganipun almukarom Romo KH. Muhammad
Sholihun saking geger tegalrejo magelang.
Sakderengipun acara puniko dipunlajengaken, kulo sak rencang pinongko pranoto adicara
nyuwun agunging pangaksami mbok bilih kawulo sakrencang wonten kalepatan anggenipun
mbetakaken runtuting adicoro wonten siang punko. Pungkasing pamatur
Wallahumuwafiq ila aqwamithariq
Wassalamualaikum Wr. Wb
Dumateng Panjenganipun Almukarom Romo KH. Muhammad Sholihun wekdal saha
panggenan kawulo aturaken.

Anda mungkin juga menyukai