Anda di halaman 1dari 1

Sesorah Perpisahan Kelas IX

Assalamu'alaikum wr. wb.


 
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang
satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.Monggo kito
sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun
maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito
sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.

Bapak , Ibu guru ingkang kula hormati


 
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun
ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak , Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah
kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Bapak , Ibu guru ingkang kula tresnani


 
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu
kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu
rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak , Ibu guru amargi
wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang
mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi -
mugi Bapak , Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang -
rencang.
 
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan
menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo.
Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten
ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas
nilaraken pawiyatan menika.
 
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten
kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
 
Wasslamu'alaikum wr. wb.

Nama : Abian Hilmi H.


Kelas : IX F
No.Absen : 01

Anda mungkin juga menyukai