Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr.

Wb

Alhamdulilah, puji syukur konjuk ing ngarsanipun gusti ingkang moho agung, ingkang sampun
paring rahmat, taufik hidayah sarta inayah, ugi ing wedal dalu punika mboten karaos kulo
panjenengan tansah pinaringan nikmat kesehatan.

Gegandengan wedal sampun winanci, pramila adicoro rapat rutin saben malem seloso kliwon
warga RT01/05 KEBONSO PULISEN boyolali lan halal bi halal ingkang diwontenaken
setunggal tahun sepindah,leresipun wonten dalemipun bapak H joko widodo. kaparengo kula
sumawelo atur soho ngigeg anggen panjenengan wawan pangandikan, punapa dene imbal
wacana,ingkang saperlu badhe ngaturaken urut reroncening adicara wonten ing dalu punika

Menggah rantamaning adicara rapat rutin malem sloso kliwon lan ugi Halal-bihalal wontening
dalu punika;
-Engkang sepidah pembukaan
-engkang kaping kalihipun sambutan tuan rumah
-engkang kaping tigo sambutan saking penasehat
-engkang kaping sekawan laporan keuangan.
-Engkang kaping gangsal tausih ugi doa
-engkang kaping enem pembahasan dll
- engkang kapeng pitu salam-salaman lan penutup
Mekaten runtuting adicara ingkang badhe kalampahaken wonten ing dalu punika…

-Bilih adicara ingkang sepindah Pambuko : sumangga adicora rapat rutin ugi halal bihalal
wonten ing dalu punika dipun bikak kanti waosan basmalah
sesarengan”.....bimilahirohmanirohim.

-Sampun paripurna adicara pambuka pramila adicara ingkang angka candak ipun nuwun inggih
sambutan saking tuan rumah njih meniko bp h.joko widodo wedal kawulo sumanggak aken

-rantamaning adicara selajengipun njih meniko sambutan saking penasehat njih


meniko,bp......................wedal kawulo sumanggakaken.

-Adicoro selajengipun njih meniko laporan keuangan


a.seksi inventaris bpak amari wedal kawulo sumanggakaken
b.seksi bendahara mas joko wedal kawulo sumanggakaken.
c.seksi dansos mas ipung wedal kawulo sumanggak aken.

-Adicoro seLajengipun njih meniko tausiah badhe dipun haturaken, panjenenganipun Bp H.joko
widodo lan ing pungkasaning pengaosan punika kaparengo katutup kanti wasilah doa.wedal
kawulo sumanggak aken.

-adicoro selajengipun pembahasan isirahat dll


(Dhumateng para rawuh, dene daharan saha unjukan sampon samudyo monggo kula aturaken
dipun rahabi kanthi sekecohing penggalih, sumonggo)
(rapat bulan depan di rumah??)
(pembacaan notulen)

-adicoro selajengipun njih meniko salam-salaman lan sholawatan sesarengan.


Dhumateng para pilenggah kakung saha putri ingkang dhat kinurmatan samangkeh poro wargo
sekalian kasuwun jumeneng engkang di pun lanjut bersalaman muter sinambi maos solawatan.

Sakderengipun adicoro salam2an kito wiwiti, kepareng kawulo matur Mbok bilih sampun
paripurna anggen kawula hangayahi jejibahan pinangka pranata acara rapat malem sloso kliwon
lan ugi halal bihalal wonten ing dalu punika, pramila bilih wonten kekirangan dalasan kaladuk
anggen kawula matur. Ugi hambok bilih wonten kelepataning atur kawula, engkang ndadosaken
kurang renaning penggalih wonten ngarsa panjenengan,kula tansah nyuwun agengeng
pangapunten.
Akhirul salam wabilahi taufik wal hidayah,Wassalamualaikum Wr.Wb

Sumonggo poro wargo sekalian kulo aturi jumeneng lan dipun lanjut salaman muter.
SUSUNAN ADICORO RAPAT WARGO RT01/05
KEBONSO PULISEN BOYOLALI

Assalamualaikum Wr.Wb

Alhamdulilah, puji syukur konjuk ing ngarsanipun gusti ingkang moho agung, ingkang sampun
paring rahmat, sahenggo kito saget makempal wontening acoro rapat rutin wargo rt 01/ 05
kebonso pulisen boyolali kanti pinaringan karaharjan.

Sakderengipun, kawulo bade ngaturaken susunan adicoro wontening dalu puniko.

Engkang sepindah pembukaan


Engkang kaping kaleh sambutan saking tn rumah
Engkang kaping tigo sambutan ketua RT
Engkang kaping sekawan sambutan saking penasehat
Engkang kapig gangsal laporan keuangan
Engkang kaping enem inti pembahasan istirahat dll
Engkang kaping pitu pembacaan notulen
Engkang kaping wolu penutup

Sakderengipun acoro kito wiwiti, kepareng kawulo hambali maleh hasil rapat wontening wulan
kapengker................

Mekaten hasil rapat wontening wulan kapengker,selajengipun mlebet wontening adicoro


engkang sepindah njih meniko pembukaan. Monggo sareng2 rapat wontening dalu puniko kito
bikak kanti waosan bsamalah sesarengan,,,,,,bismilahirohmanirohim

-Adicoro selajengipun njih puniko sambutan saking tn rumah, dumateng bapak..............wedal


kawulo sumanggakaken

-Adicoro selajengipun njih puniko sambutan saking ketua RT, dumateng bapak...........wedal
kawulo sumanggakaken

- Adicoro selajengipun njih puniko sambutan saking penasehat, dumateng bapak............wedal


kulo sumanggakaken

- Adicoro selajengipun njih puniko laporan keuangan


Engkang sepindah laporan saking seksi inventaris, dumateng bapak...........wedal kulo
sumanggakaken
Engkang kaping kaleh laporan kas RT dumateng mas ...........wedal kulo sumanggak aken
Engkang kaping tigo laporan seksi dansos dumateng mas.................wedal kulo sumanggak aken
Laporan Muda-mudi

- Adicoro selajengipun njih puniko pembahasan istirahat dll


(Dhumateng para rawuh, dene daharan saha unjukan sampon samudyo kula aturaken dipun
rahabi kanthi sekecohing penggalih.sumonggo)

- Adicoro selajengipun njih puniko pembacaaan hasil rapat


(rapat dirumah)

- Adicoro selajengipun njih puniko penutup


Sakderengipun acoro ing dalu puniko kito ttp, mboten kasupen kawulo mewakili warga rt 01/05
kebonso, ngaturaken maturnuwun sanget dumateng bapak........................ingkang sampun kerso
maringi papan panggonan soho daharan wonten ing dalu puniko.

Wasono cekap semanten atur kulo, menawi katah kalepatan atur soho bowo ingkang mboten
mranani penggalih, kulo nyuwung gunging pangak sami.

Monggo sesarengan rapat wonten ing dalu puniko kito ttp kati waosan hamdalah
sesarengan.alhamdulilahhirobilallamin.

Anda mungkin juga menyukai