Anda di halaman 1dari 2

Alhamdulillah hamdan syaakirin, hamdan naa’imiin hamdan yuwaafii niamahu wa yukaafiu maziidah.

Yaa robbanaa lakal hamdu kamaa yanbaghii lijalaali wajhikal kariimi wa ‘adhiimi sulthoonik.
Allahumma sholli wa sallim ‘alaa sayyidinaa wa ‘alaa aalihiii wa sohbihi ajma’iin.

Dumateng poro sesepuh pini sepuh ingkang tansah kawulo utamiaken

Mboten kesupen sedoyo poro rawuh, sanak kadang sederek keluarga besar trah Mbah H. Anwar wabil
khusus Bapak Singorejo ingkang dados tuan rumah ingkang tansah kawulo hormati.

Sepindah, monggo kito tansah ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang
sampun maringi pinten-pinten kanikmatan, rahmat, taufiq hidayah soho inyahipun. Sehinggo wonten
wekdal pertemuan keluarga kito tasih saget ndumugeni acara sillaturrahmi kanthi keadaan sehat
walafiat ugi mbten wonten alangan setunggalipun punopo.

Mugi-mugi acara siang puniko saget manfaati kagem keturunanipun Mbah H. Anwar, manfaat dunyo ugi
manfaat akhirat amin ya robbal alamin.

Nomor kalih, sholawat ugi salam salam kunjuk dumateng Nabi agung Muhammad Rasulillah SAW.
Ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman Islamiyah sainggo saget kita raosaken
sak meniko.

Mugi-mugi sakmangkih wonten yaumil Qiyamah, kita pinaringan syafaat ingkang agung, syafat ingkang
kita antu-antu ingkang kaarupi syafaatul udhma amin ya robbal alamin.

Wonten mriki kawulo minangkani pranoto hadicoro badhe maosaken susunan acara engkang kalampah
sak mangke:

 Nomer setunggal Pembukaan

 Nomer kalih sholawatan

 Nomer tigo Sambutan

 Nomer sekawan waosan yasin tahlil

 Nomer gangsal inggih puniko istirahat

 Soho nomer terakhir inggih puniko Penutup

Wangsul dumatang adicoro nomer sepindah inggih puniko pembukaan.

Manggo acara kempalan keluarga ing siang puniko kita bikak kanti waosan Ummul kitab, ‘ala hadiniyyah
al-fatihah…

Matursuwun dumateng poro keluarga. Kito lajengaken adicoro saklajeningpun inggeh puniko
sholawatan ingkang dipandegani kaliyan Bapak Misbahul munir. Dumateng panjenenganipun, Wekdal
soho panggonan kawulo sumanggaakaen…

Meniko kala wau waosan sholawat mugi-mugi saget mbarokahi kagem kita sedaya. Amin
Acoro ingkang kaping tiga enggeh puniko sambutan-sambutan. Sepindah Sambutan saking ketua
Paguyuban trah Mbah H. Anwar, dumateng panjenenganipun bapak Syahri, wekdal panggenan kawula
aturi sumonggo………………………..

Mekaten kolo wau sambutan saking bapak Syahri.

Sambutan nomer kalih, nuninggih sambutan saking tuan rumah, dhumateng bopo Maskuri kulo aturi
sumanggo.

Acara nomer sekawan, nuninggih waosan yasin tahlil ingkang dipun pandegani Bopo Abu, wekdal
panggenan sak cekapipun kawulo sumanggaaken.

Acoro pungkasan inggih puniko penutup, monggo acara waonten siang puniko kita tutup kanti waosan
hamdalah ugi Alfatihah…..

Mekaten saking kawulo, menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh
panjenengan sedoyo, kula nyuwun agung ing pangapunten.

Wassalamualaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai