Anda di halaman 1dari 3

Assalamualaikum Wr Wb

Allhamdulilahilladi nahmaduhu,

wanastanginuhu, wanastagfiruhu,

wana’udhubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’malina

may-yahdihil laahu falaa mudhillalah

wa-mayyudlil fala haadiyalah

aashadualailahaillallah wah dahula syarikala,

wa ashadu anna muhamadan ab’duhu warosulu

allahummasoli wa salim ngala muhammadin wa’ala alihi wa as habihi aj’mangin.

Ama ba’du.

Innailahi wa inailaihi rojiun 3x.

Sampun murut dhumateng kasedan jati suwargi nyai ngadiah sedyo pawiro kolo wingi ing
dinten sabtu pahing tabuh 11.15 ndalu wonten ing griyo duhkito awit lantaran nandang gera
sepuh sakwetawis wekdal. saksampunipun pangruktining layon sampun paripurna,
Kaparengipun kaluwarga ingkang nandhang duhkito ing dinten kalenggahan puniko dipun
wontenaken toto upocoro sakwetawis ingkang bade lumampah.

Katur dumateng pepunden sesepuh pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti mring
pepoyaning kautaman ingkang tuhu kinabekten.

Anggota dprd kab. Bantul nun inijih bapak pambudi mulya ingkang kito hormati.

Para pangemban pangembating projo satrianing nagari minongko dados pandam pandoming
para kawulo dasih ingkang tuhu pantes sinudarsana. Linangkung panjenenganipun bopo lurah
donotirto inggih meniko bopo H. Juraimi soho jajaranipun ingkang kawulo hormati.

Para pambela sungkawa kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

Sakderengipun kulo ngaturaken lekasing sedya, sumonggo nun dhumateng poro pambela
sungkawa kakung miwah putri tansah kulo derekaken hangluhuraken asmaning gusti ingkang
murbeng dhumadi, karahana rohmat saha sih welasanipun ingkang sampun lumentah
dhumateng panjenengan sedoyo, dalasan kulo, sahinggo taksih saged nderek bela sungkawa
kanthi pinaringan karaharjan tebih ing sambikala.

Shalawat saha salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados
panutan lan patuladhan kulo dalasan panjenengan sedoyo, nun inggih junjungan kito nabi
agung Muhammad SAW. Mugio kito tansah pikantuk syafaatipun mbenjang wonten ing yaumul
qiyamah. Amin, Allahuma amin.

Para pambela sungkawa kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

Wahyaning mangsakala upocoro hangkating layon kaleksanaaken . kalilokno kulo ngaturaken


urut reroncening adicoro ingkang sampun rinakit deneng kaluwarga :

Adicoro ingkang sepisan nun injih pambuko

Kalajengaken adicoro ingkng kaping kaleh nun injih atur pambagya harjo saking keluwarga
ingkang dandang duhkito.

Kalajengaken adicoro ingkang kaping 3 nun injih doan soho bidaling layon.

Adicoro ingkang kaping 4 nun injih panutup.

Mekaten menggah reroncening adicara kasripahan ingkang bade lumampah.

Dungkap acoro ingkang kaping sepisan inggih meniko pambuko, monggo kito bikak kanti
waosan basmalah kito dereaken..bismilahirohmanhirohim.

Nuwun, dungkap adicoro ingkang kaping kalih nun injih pambagyo harjo saking kluarga,
dumateng panjenenganipun bapak lurah donotirto bapak haji jurahimi wekdal soho papan kito
sumanggaaken.

Mekaten pambagyo harjo saking kluargo ingkang dipun sulih sarira dumateng bapak lurah haji
juraimi, dumateng ngarsanipun bapak lurah haji juraimi dipun aturaken agunging panuwun.

Dungkap adicoro ingkang kaping tigo nun injih doa soho bidaling layon, dumateng ngarsanipun
bapak fauzan wekdal soho papan kito sumanggaaken.

Mekaten acoro bidaling layon wonten Ing siang puniko sampun lumampah, ing mbok bilih
anggenipun kito dereaken acoro bidaling layon katah kalepatan saestu nyuwun lumunturing sih
samudro pangatsami. Monggo kito tutup acoro bidaling layon wonten ing siang puniko kanti
lafal hamdalah.. allhamdulilah.. assalumalaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai