Anda di halaman 1dari 5

Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh..

Alhamdulillahirobbil ‘alamin, wabihi nasta’in ‘ala umuriddunyawaddin,


ashsholatuwassalamu’ala asrofil ambiyaa iwal mursalin wa’ala alihi washohbihi ajma’in.
Robbisrohlisodri, wayassrili amri, wahlul uqdatammilisani yafqohu qouli, amma ba’du

Wonten Pangarsanipun, sesepuh soho pinisepuh ingkang dahat kinurmatan,


Wonten Pangarsanipun, Poro alim, poro ulama, poro kyai, ingakng tansah rinten ndalu
sumanding kitab suci wahyuning ilahi, minangka kiblating panembah satuhu luhuring budi.
Wonten Pangarsanipun, para pangemban pangembating projo satrianing nigari minangka
pandam pandomaning kawulo dasih ingkang satuhu kinabekten.
Wonten Pangarsanipun, Panjenenganipun Bopo Samsudi soho Ibu Sutijah ingkang tansah
minulyo.
Wonten Pangarsanipun pangombong temanten kakung saking Bletuan, Kalinegoo, Mertoyudan,
Magelang ing tansah kinurmatan. Sumrambah dumateng adi lenggah kakung soho putri ingkang
dahat kalinggo murdaning akramai

Langkung rumiyin monggo kitotansah muji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang
sampun paring mapinten-pinten karohmatan, kanikmatan, dumatheng kito sedoyo, katitik kito
saget makemapal kanthi mboten wonten alangan sentunggal punopo.

Sholawat soho salamipun Allah tansah katetepno dumatheng junjungan kito Nabi Agung
Muhammad SAW. Ingkang kito tenggo-tenggo syafaatipun wonten alam dunyo meniko ngantos
dumugi akhirat. Amin Allahumma Amin

Sagung poro rawuh ingkang satuhu kinurmatan.


keparengo, kulo lumarap atur wonten ngarsa panjenengan sedoyo, mboten ngirangi tata trapsila
soho kamardikan panjenengan sedoyo awit nembe eco sekeco wawan pangandikan,

Kulo mundhi dhawuh saking panjenenganipun Bopo Suwardoyo ingkang kapiji nderekaken
lampahing adicara walimatu urus dinten menika, Sabtu 16 Oktober 2021, injih menika Roro Ayu
Titin Windarti daup dumahteng Bagus Arif Miftakhul Solikhin.
Dene reroncening adicara mekaten :
1. Pambuko
2. Waosan ayat suci Al-Quran
3. Atur Pambagya
4. Serah Tinampi
5.Doa
6. Panutup
Mekaten susunan acara walimatul urus dinten menika.
Magayudan sampun titi wancinipun, monggo acara ingkang sepindhah kita bika sareng-sreng
kanthi waosan umul kitab. Al-Fatihah.
Mugi-mugi kanthi waosan Al-Fatihah kolo wau, acara awal hinggo purna tansah ginanjar
wilujeng mboten wonten alangan setunggal punopo.

Dungkap acoro ongko 2 Waosan ayat Suci Al-Quran. Dumatheng panjenenganipun Bp.
Wekdal soho papan kulo aturaken.
Mugi-mugi kanthi waosan ayat Al-Quran wau kito sedoyo pikantuk ganjaran ugi saget dados
manfaat dumatheng kito sedoyo.

Dungkap acoro ongko 3 inggih meniko atur pambagya. Dumatheng panjenenganipun Bp.
Suwardoyo ingkang dipunslirani panjenanginpun Bp. Santoso. Wekdal soho papan kulo
aturaken.
Maturnuwun dumatheng panjenenganipun Bp. Santoso ingkang sampun kerso paring sambutan.

Acara ongko 4 inggih menika serah tinampi. Dumatheng duto saroyo saking Bletukan,
Kalinegoro, Mertoyudan, Magelang, kasuwun jengkar saking palenggahan pinuju pandaya
suwanten.

Maturnuwun dumatheng duto saroyo saking bletukan, kalinegoro, mertoyudan, magelang.


Kanthi tatas titis lan teges pasrahing temanten kakung katampi dening panjenenganipun Bp.
Robingu. Wekdal soho papan kulo aturaken.
Mekaten kolo wau acara serah tinampi pasrahing temanten kakung
Sakderengipun kulo lajengaken, acara kulo sigeg sawetawis. Dumatheng juru ladhi wekdal soho
papan kulo aturaken.
Mboten ngirangi toto trapsilo soho kamardikan panjenengan sedoyo awit nembe eco sekeco
wawan pangandikan, Meniko wonten acara kesenian wirayuda sumonggo kito pirsani kanthi
Wekdal soho papan kulo aturaken.
Sagung poro rawuh ingkang tansah kinurmatan. Mboten ngirangi toto trapsilo soho kamardikan
panjenengan sedoyo, acara kulo lajengaken.

Acoro ingkang ongko 5 inggih meniko Doa. Dumatheng panjenenganipun Bp. Muh Kandori,
wekdal soho papan kulo aturaken.
Maturnuwun dumatheng panjenenganipun Bp. Muh Kandori ingkang sampun kerso mimpin
Doa.

Dungkap acoro ongko 6 inggih meniko panutup. Monggo adicoro menika kita tutup sareng-
sareng kanthi waosan tahmid sesarengan. Alhamdulillahi Rabbil Alamin.
Mugi” pinanganten kekalih dadosna keluarga ingkang sakinah, mawadah, lan warohmah Aamin
Allahumma Amin.
Mekaten anggenipun kulo nderekaken lampahing adicoro wonen dinten meniko, kathah
kekirangan soho kalepatan, kulo nyuwun agunging pangapunten. Akhiru kalam
Wassalamualaikum Wr.Wb
Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.. Langkung rumiyin monggo kito tansah muji syukur
wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun
Alhamdulillahirobbil ‘alamin, wabihi nasta’in ‘ala paring mapinten-pinten karohmatan, kanikmatan,
umuriddunyawaddin, ashsholatuwassalamu’ala asrofil dumatheng kito sedoyo, katitik kito saget makemapal
ambiyaa iwal mursalin wa’ala alihi washohbihi kanthi mboten wonten alangan sentunggal punopo.
ajma’in. Robbisrohlisodri, wayassrili amri, wahlul
uqdatammilisani yafqohu qouli, amma ba’du Sholawat soho salamipun Allah tansah katetepno
dumatheng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
Wonten Pangarsanipun, sesepuh soho pinisepuh SAW. Ingkang kito tenggo-tenggo syafaatipun
ingkang dahat kinurmatan, Wonten Pangarsanipun, wonten alam dunyo meniko ngantos dumugi akhirat.
Poro alim, poro ulama, poro kyai, ingakng tansah Amin Allahumma Amin.
rinten ndalu sumanding kitab suci wahyuning ilahi,
minangka kiblating panembah satuhu luhuring budi. Sagung poro rawuh ingkang satuhu kinurmatan.
keparengo, kulo lumarap atur wonten ngarsa
Wonten Pangarsanipun, para pangemban panjenengan sedoyo, mboten ngirangi tata trapsila
pangembating projo satrianing nigari minangka soho kamardikan panjenengan sedoyo awit nembe
pandam pandomaning kawulo dasih ingkang satuhu eco sekeco wawan pangandikan,
kinabekten.
Wonten Pangarsanipun, Panjenenganipun Bopo Kulo mundhi dhawuh saking panjenenganipun Bopo
Samsudi soho Ibu Sutijah ingkang tansah minulyo. Suwardoyo ingkang kapiji nderekaken lampahing
adicara walimatu urus dinten menika, Sabtu 16
Wonten Pangarsanipun pangombyong temanten Oktober 2021, injih menika Roro Ayu Titin Windarti
kakung saking Bletuan, Kalinegoo, Mertoyudan, daup dumatheng Bagus Arif Miftakhul Solikhin.
Magelang ing tansah kinurmatan. Sumrambah
dumateng adi lenggah kakung soho putri ingkang
dahat kalinggo murdaning akrami

Dene reroncening adicara mekaten : Dungkap acoro ongko 3 inggih meniko atur
1. Pambuko pambagya. Dumatheng panjenenganipun Bp.
2. Waosan ayat suci Al-Quran Suwardoyo ingkang dipunslirani
3. Atur Pambagya panjenanginpun Bp. Santoso. Wekdal soho
4. Serah Tinampi papan kulo aturaken.
5.Doa
6. Panutup Maturnuwun dumatheng panjenenganipun Bp.
Mekaten susunan acara walimatul urus dinten menika. Santoso ingkang sampun kerso paring sambutan.
Magayudan sampun titi wancinipun, monggo acara Acara ongko 4 inggih menika serah tinampi.
ingkang sepindhah kita bika sareng-sreng kanthi Dumatheng duto saroyo saking Bletukan, Kalinegoro,
waosan umul kitab. Al-Fatihah. Mertoyudan, Magelang, kasuwun jengkar saking
Mugi-mugi kanthi waosan Al-Fatihah kolo wau, acara palenggahan pinuju pandaya suwanten.
awal hinggo purna tansah ginanjar wilujeng mboten Maturnuwun dumatheng duto saroyo saking bletukan,
wonten alangan setunggal punopo. kalinegoro, mertoyudan, magelang. Kanthi tatas titis
Dungkap acoro ongko 2 Waosan ayat Suci Al-Quran. lan teges pasrahing temanten kakung katampi dening
Dumatheng panjenenganipun Bp. panjenenganipun Bp. Robingu. Wekdal soho papan
Wekdal soho papan kulo aturaken. kulo aturaken.

Mugi-mugi kanthi waosan ayat Al-Quran wau kito Mekaten kolo wau acara serah tinampi pasrahing
sedoyo pikantuk ganjaran ugi saget dados manfaat temanten kakung
dumatheng kito sedoyo. Sakderengipun kulo lajengaken, acara kulo sigeg
sawetawis. Dumatheng juru ladhi wekdal soho papan
kulo aturaken.
Mboten ngirangi toto trapsilo soho kamardikan Mugi” pinanganten kekalih dadosna keluarga ingkang
panjenengan sedoyo awit nembe eco sekeco wawan sakinah, mawadah, lan warohmah Aamin Allahumma
pangandikan, Meniko wonten acara kesenian Amin.
wirayuda sumonggo kito pirsani kanthi Wekdal soho
papan kulo aturaken. Mekaten anggenipun kulo nderekaken lampahing
adicoro wonen dinten meniko, kathah kekirangan
Sagung poro rawuh ingkang tansah kinurmatan. soho kalepatan, kulo nyuwun agunging pangapunten.
Mboten ngirangi toto trapsilo soho kamardikan Akhiru kalam
panjenengan sedoyo, acara kulo lajengaken.
Wassalamualaikum Wr.Wb

Acoro ingkang ongko 5 inggih meniko Doa.


Dumatheng panjenenganipun Bp. Muh Kandori,
wekdal soho papan kulo aturaken.

Maturnuwun dumatheng panjenenganipun Bp. Muh


Kandori ingkang sampun kerso mimpin Doa.

Dungkap acoro ongko 6 inggih meniko panutup.


Monggo adicoro menika kita tutup sareng-sareng
kanthi waosan tahmid sesarengan. Alhamdulillahi
Rabbil Alamin.

Anda mungkin juga menyukai