Anda di halaman 1dari 1

Panata cara segmen ladrang santi mulyo (pambuka resepsi jawa)

Winantu sagung pakurmatan. Sinarutan sinukataning panembromo. salam. Muqodimah. Pinayunganing


kayuwanan kamulyan nugraha miwah pangayomanaing gusti kang moho agung. mugi tansah sumondo
ing jejantung sumsum ingkang sampun ngapsomo ing sarining sisih mardireh marto tomo. Nuwun
kawilujwngan kabahagyan kabagaswarasan Miwah kasantosan mugi kajiwo kasariro sagung kang
kepareng rawuh. poro adi lenggah ingkang dahat minulyo. langkung2 sesepuh pini sepuh kasepuhan
monco kaki ingkang dating pinundi, tetuanggo ingkang dahat minulyo. Poro tamu kakung putri ingknag
dahat kalinggo murdaning akrami. Langkung maligi Bp. Ibu. Mongko kadang sinoro wedi ingkang suko
handodo pamutahing putra saperlu hanjenengi rawuh wonten gelaring wisuda manten ingkang kapurbo
Bp. Ibu. Bp ibu pangarso agami ingkang rahinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi
mongko panuntun kiblating panembah satuhu luhuring budi. Para priyagung pangemban pangembat
wasesaning projo satria kusumaning bongso ingkang tansah rumekso dating raharjaning negari tuhu
tansah wicaksana, langkung langkung kinabekten Bp kepala des asak perangkatipun akarya pamong
wargo juru lados ingkang suko nengenaken dating reh kautaman ingkang dahat sinenggo krami. BP ibu
krido darmo karang taruna pamekaring pawiwahan seniman seniwati ingkang rinten dalu tansah
handudah handuduk ngrembakaaken edi endaheng budaya luhur ingkang tansah donoroso bujorono
mangesti memanise kidung hamilut lukitaning langen. Purwo Widodo rahayuning atus kanti ngenepaken
raos

Anda mungkin juga menyukai