Anda di halaman 1dari 3

Teks Pidato Pasrah Penganten Kakung

adminContoh PidatoJune 20 20150 Comments

Berikut ini adalah contoh teks pidato pasrah penganten kakung dalam sebuah acara pernikahan.

Assalamualaikum Wr.Wb
o Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur
o Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepeoyaning kautaman
ingkang pantes nampi pakurmatan
o Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandam-pandoming
kawulo dasih.
o Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro tamtomo purno karyo labet projo
ingkang sampun wenang nampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo.
o Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro santriwan
santriwati ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi, pinangka panuntun
kiblating panembah ingkang satuhu luhuing budi.
o Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo.
Sang yaning para tamu ingkang tansah pinundi pundi, kawulo nuwun kanti linambaran pepayungipun raos
suko sukur dumateng Gusti, mugi rahayu wilujeng sagung ing Dumadi. sak lebetipun wonten ing
pahargyan agung prastowo punika.
(setelah mengucapakan puji syukur selanjutnya intinya teks pidato pasrah penganten kakung
ada di bawah ini, lanjutkan untuk membacayanya)

Panjenanganipun Bp…(ingkang
nampi) ingkang sepindah,wondene wigatosing sedyo
sowan kulo wonten ngarso panjenengan ingkang angka
pisan ngaturaken sewu pangapunten mbok bilih ingkang
hamengku gati…(besan saking temanten kakung) boten
sagen masrahaken putanipun calon temanten kakung
kapekso namung saged mgatiraken salam taklim mugi
katuro dumateng panjenengan sedoyo, ingkan lumantar
kawula. mbok bilih anggenipun hangrakit sekar
cempoko mulyo, hamiwoho suto mahargya siwi tetepo
winengku ing suko basuki.
Jangkep kaping kalih, rehing putra calon temanten
kakung nuwun inggih panjenenganipun Bg…..(nama
temanten kakung), atmaja panjenenganipun
Bp/ibu….ingkang pidalem ing….sampun kelampahan
ijab/daup kaliyan Rr….(nama temanten putri),
atmojo panjenenganipun Bp/ibu…(orang tua dari
temanten putri), kala wau dinten…Surya kaping….
( tanggal, bulan dan tahun proses ijab qobul),
wanci tabuh ….mapan ing dalem….mriki, kanthi
nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal
punapa.
Mbok bilih sampun titiwanci tumapaking gati, pramila
calon temanten kakung kula pasrahaken, mugi saged
katindakaken dhaup panggihipun temanten, anut
satataning adat widhiwidana ingkang sampun
lumampah wonten ing padukuhan….(nama desa
prosesi acara tersebut)…kula sak pengombong
tansah jumurung pamuji ing karso, sinatran puji dongo
mugi gusti tansah ngijabahi dumateng temanten
sarimbit, anggenipun amangun brayat engga, tansh
manggih guyuo rukun, atut runtut, ayem tentrem,
rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedyo.
Dene ingkang wekasan, sesampunipun paripurnaning
pahargyan kula sarombongan pengombyong temanten
kakung, kaparengo nyuwun pamit saha nyuwun
pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan
manggih wilujeng kalis ing rubedo nir ing sambikolo
dumugi dalemipun soang -soang.
Semanten ugi mbok bilih kawula anggenipun minangka
talanging basa wonten kekirangan dalasan kaladuk
anggen kawula matur, kirang subasita ingkang singlar
ing reh tata krami, kawula tansah nyuwun lunturing sih
samodra pangaksami.
Akhirul kalam, wabilahi taufik wal hidayah
Wassalamuaalaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai