Anda di halaman 1dari 1

ATUR PASRAH

Assalamualaikum wr.wb, Katentreman karahayon miwah kawilujengan mugi tansah kasariro poro tamu kakung/putri. Poro rawuh poro pini sepuh sesepuh ingkang winantu sagunging pakurmatan. Poro pangemban pangembating Projo miwah santri jeneng Nagari ingkang dados pandom pandoming poro kawulo kasih, langkung-langkung dumateng panjenengan Bapakingkang dados tetuanggane lampah ingkang kulo kurmati/tuku kinabekten. Kanti tinarbuko ing panggalih karono Nugroho ingkang kaparingaken panjenengan dalahsan kulo satemah ambabar kasarasan tuwinkawilujengan, katitik ing dalu kalenggahan saget makempal manunggal silaturohim wonten dalem pahargyan, pramilo sumonggo nanduaken syukur Alhamdulillah dumateng ngarso dalem ALLAH swt. Poro lenggah kakung miwah putri ingkang dahat sinu bagyo, ing mriki kulo minongko sumulih sariro saking panjenengan Bapakkepareng ambabar lekasing sedoyo wosing gati ingkang sepisan Bapakngaturaken salamtaklim kunjuk dumateng panjenengan Bapakkaping kalih sembodo nyowonaken anak mas Bgsingkang meniko kulo aturaken dumateng BapakBorong anggenipun badhe hamisudo kalian Rr ayumanut satataning upacara ingkang sampun kinakit. Poro lenggah kakung/putri ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene sowan kulo ing mriki. Ginarubyuh poro kadang sanyono tomggo tepalih, mbok bilih wonten tindak tanduk kirang subo sito, dadosaken mboten kena ing panggalih poro tamu kulo nyuwungunging samudra pangaksami. Mbok bilih pakaryan wisudaning sang pinahargyo sampun paring purno. Kulo gotrah kulo warga nyuwun pamit lumangsar saking dalem pawiwahan wangsul dating sowang-sowang makaten lan semanten ingkang saget kulo aturaken mbok bilih atur kulo kirang tata titi. Tetes soko tatasing karo kiranging pangartosan kulo. Mugi-mugi poro tamu jiagung pangaksono dumateng dasar kawulo. Papuntoning atur billahi taufik walhidayah Wassalamualaikum wr.wb, nuwun matur nuwun.

Anda mungkin juga menyukai