Anda di halaman 1dari 3

Assalamualaikum Wr.Wb Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang satuhu kinabekten.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, sadherek-sadherek saha dutaning besan ingkang sahat kinurmatan. Saderengipun keparenga kula nyuwun agunging samudra pangaksami awit kawula kumawantun ngejejer ngadeg wonten ing pangarsanipun panjenengan sedaya. Dhumateng panjenenganipun bapa Jono kaliyan Ibu Tumi, kula minangka silih saliranipun bapa Jumidal ngaturaken nyuwun gunging pangapunten amargi ing wekdal punika mboten kuwawi matur. Awit saking bombongin penggalih suka pari suka pikantuk sung-sung talining katresnan ingkang tanpa pepindhan. Sepisan, panjenenganipun bapa Jumidal sekaliyan ibu ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Allah SWT ingkang sampun ndhawahaken kanugrahan ingkang tanpa pepindhan. Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bapak Jumidal sekaliyan ngaturaken pambagya harja rahayu wilujeng awit karawuh panjenengan sadaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki nglarapaken sarat sarana pasrahan temanten saking dalem dumugining wisma mriki. Kaping tiganipun, atur salam taklimipun sampun dipun tampi dening Bapak Jumidal sekaliyan, ingkang lumantar Bapak Surono kala wau. Semanten ugi Bapak Jumidal Sekaliyan ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsanipun bapak saha ibu Jono. Kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pinaringan sih kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka rahayu lan tinebihna ing godha rencana. Kaping sekawan, Bapak Jumidal sekaliyan neda narima ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa pepidhan, dene Bapa Jono sekaliyan kersa angenthengaken bot karepotaning Bapak Jumidal Pamila saking punika, pasrahan temanten kakung sampun dipun tampi kanthi suka renaning penggalih. Menawi sadayanipun sampun semekta ing damel, Sri pengantin kekalih badhe kadhaupaken. Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak Jumidal sarimbit mugi panjenengan dalah para pangaraking panganten sedaya kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan kanthi miranggan ngantos dumugi paripurnaning pahargyan punika. Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kula ngaturaken atur panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani penggalih, kula namung nyuwun gunging samodra pangaksama. Nuwun! Akhirulkalam, bilahit taufik wah hidayah. Wassalamualaikum Wr. Wb

PASRAH PANINGSET

Assalamu'alaikum wr.wb. Kula Nuwun, Bpo.......... sekalian hingkang winengku hing pakurmatan. Sowan kula dipun saroyo Bpo......... kekalih,saking......... kadhawuhan matur hing ngarsa panjenengan. Atur hingkang kapisan, Kula hangaturaken salam wilujengipun Bpo......... kekalih,mugi katur Bpo......... sekalian,sinartan pamuji mugi Bpo......... sakulawarga tansah hamanggyo suko basuki. Hingkang kaping kalih, Kadhawuhan hangantepaken rembag ingkang sampun gumalong hanggenipun Bpo......... kekalih,badhe mundut mantu putra estri panjenengan pun Rr......... badhe kajodhokaken kalian pun Bg......... anak jaleripun Bpo......... kekalih, Hingkang punika kula kadhawuhan haningseti rembag sesambetanipun Rr......... kalian pun Bg......... Kajawi punika kula ugi kasaroyo hangaturaken Abon-Abon sawatawis minangka rerangkening paningset, mugi Bpo......... keparenga hanampi. Dene menggah kalajenganing lampah jejodhoanipun lare kekalih punika kula hamung sumonggo hing keparengipun Bpo......... sekalian. Dene minangka pungkaning atur kula, kula nyuwun pangapunten sedaya kekirangan kula nalika kula matur saha sowan. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten. Hing wasana cekap semanten atur kula, Wassalamu'alaikum wr.wb. Nuwun. ==================================================================

NAMPI PANINGSET

Assalamu'alaikum wr.wb. Bpo......... hingkang winengku ing karahayon. Kula hingkang kapiji Bpo......... kekalih, Langkung rumiyin kula hangaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan sakadang. Salajengipun kaparenga kula hanampi salam wilujengipun Bpo......... sekalian, Hingkang mangke nuli badhe kula aturaken dhumateng Bpo......... kekalih. Kajawi hingkang punika,sadaya paring pangandika pangjenengan kados sampun cetho trawoco, Bpo......... kekalih hangaturaken sanget agunging panuwun hawit sadaya paparingipun Bpo......... minangka Abon-Aboning paningset. Dene menggah kalajenganing tatacara badhe dhaupipun Rr......... sarta Bg......... sampun wonten hing pamurbanipun Bpo......... kekalih. Salajengipun kula nderek nitipaken salam wilujengipun Bpo......... kekalih mugi katur hing Bpo......... sakaliyan winwntu hing sasanti,mugi tansah rahayuo hingkang sami pinanggih. Mugi wonteno keparingipun Bpo......... sakadang hanglajengaken lelenggahan wonten papanggihan tatacara ringkes hing.......... punika ngantos dumugi sapari purnanipun. Hing wasana kula nyuwun pangapunten hawit anggen kula hanampi rawuh panjenengan,saha kirang runtuting anggen kula matur.

Kados cekap semanten atur panampi kula, Wassalamu'alaikum wr.wb. Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai