Anda di halaman 1dari 2

ATUR PANAMPI PASRAH NGANTEN

Asalamualaikum warhmatullahi wabarokatu, alhamdulillah alhamdulillah ahala nikah wakharomasifah


ashaduala illa hailallh washaduana muhammadarrosulullah la nabiya ba’dah.
- Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten.
- Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.
- Panjenenganipun Bapak.................................. ingkang hamikili Bopo Rasiman .ingkang tuhu
kinurmatan.
Alhamdulillah dst.....
- Panjenenganipun Bopo..................................
kula minangka sulih salira talanging atur saking panjenenganipun Bp Eko Segerras sekalian Ibu
Yatini keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah calon temanten kakung.

Ingkang sepisan, Bopo Eko segerwaras sekalian, dalasan sedaya kulawarga ngaturaken
pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan bopo Rasiman sapendherek sapangombyong saking
tlatah ........................ wonten beran ,.

Kaping kalih, menggah salam taklim Bp. Rasiman lumantar panjenengan sampun katampi,
dhawah sami-sami, kanthi wasilah “wa'alaikum salam wr.wb”. mugi mugi karaharjan, kasantosan
lan kasarasan sumrambah dumateng kito sedoyo mliginipun dumateng bopo Eko dalasan bopo
Rasiman ingkang ing enjang puniko bade ngayahi darmaning asepuh.

Wondene menggah keplasing sedya panjenengan amasrahaken kembang cepaka sasele nun inggih
putra calon temanten kakung Bagus Dendy Afandi ingkang badhe kadhaupaken kalian Roro
Yulianita agustin febriyanti
--- Bp/Ibu Eko Segerwaras sakulawarga hanampi kanthi suka gumbiraning manah.
--- Makaten ugi sedaya pisungsung lan uborampe ingkang panjenengan paringaken, Bapak eko
sekalian hanampi kanthi ikhlasing manah. Mugi sedaya kala wau dados tandha tetalining ketresnan
ing antawisipun calon temanten kekalih, dalasan sedaya kulawarga.

--- mbok-bilih samudayanipun sampun satata samapta, calon temanten kekalih tumunten badhe
kaijabaken, manut satataning agami Islam saha pradatan ingkang lumampah.

--- mawantu wantu Panyuwunipun bopo Eko Segerwaras dalasan kulawarga, mugi panjenengan
sarombongan keparenga paring donga pangestu dhumateng lampahipun ijab lan dhaupipun putra
temanten kekalih. Kanthi pangajab mugi temanten kekalih mangkenipun dados kulowargo ingkang
Sakinah, ma waddah, wa rohmah, sumrambah ing samudayanipun. Aamiin ya Robbal ‘aalamiin.

Ing wasana, mbok-bilih anggen kula matur, saha hanampi, mboten rena ing penggalih, kula
mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.
Baarakallahu laka wa baaraka 'alaika wa jama'a bainakumaa fii khair.
" mugi Allah hamberkahi temanten kekalih, sawijeaken wonten ing kesaenan."

Billahittaufiqwalhidayah, Wassalamu ’alaikum wr.wb.


keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah calon temanten kakung.

Ingkang sepisan, ...... ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan bopo Rasiman
sapendherek sapangombyong saking tlatah ........................ wonten beran ,.

Kaping kalih, menggah salam taklim Bp. Rasiman lumantar panjenengan sampun katampi,
dhawah sami-sami, kanthi wasilah

Wondene menggah keplasing sedya panjenengan amasrahaken kembang cepaka sasele nun inggih
putra calon temanten kakung Bagus Dendy Afandi putro bopo rasiman kalian ibu samini almarhum
ingkang badhe kadhaupaken kalian Roro Yulianita agustin febriyanti
--- Bp/Ibu Eko Segerwaras sakulawarga hanampi kanthi suka gumbiraning manah.
--- Makaten ugi sedaya pisungsung lan uborampe ingkang panjenengan paringaken, Bapak eko
sekalian hanampi kanthi ikhlasing manah. Mugi sedaya kala wau dados tandha tetalining ketresnan
ing antawisipun calon temanten kekalih, dalasan sedaya kulawarga.

--- mbok-bilih samudayanipun sampun satata samapta, calon temanten kekalih tumunten badhe
kaijabaken, manut satataning agami Islam saha pradatan ingkang lumampah.

--- mawantu wantu Panyuwunipun bopo Eko Segerwaras dalasan kulawarga, mugi panjenengan
sarombongan keparenga paring donga pangestu dhumateng lampahipun ijab lan dhaupipun putra
temanten kekalih. Kanthi pangajab mugi temanten kekalih mangkenipun dados kulowargo ingkang
Sakinah, ma waddah, wa rohmah, sumrambah ing samudayanipun. Aamiin ya Robbal ‘aalamiin.

Ing wasana, mbok-bilih anggen kula matur, saha hanampi, mboten rena ing penggalih, kula
mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.
Baarakallahu laka wa baaraka 'alaika wa jama'a bainakumaa fii khair.
" mugi Allah hamberkahi temanten kekalih, sawijeaken wonten ing kesaenan."

Billahittaufiqwalhidayah, Wassalamu ’alaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai