Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang kinurmatan.

Panjenenganipun Bapak………………………..(besan) ingkang dahat kula


bekteni.

Kula minangka tetalanging basa cundhakaning atur panjenenganipun


Bapak………………..(ingkang mengku damel) kekalih. ingkang sepisan :
ngaturaken salam taklimipun mugi kunjuk dhumateng
bapak…………………(besan) sekaliyan, kanthi pepuji mugi-mugi Bapak saha
ibu…………….(besan) sakaluwarga tansah

pinaringan berkah rahmating Pangeran saha suka rahayu ingkang sami


pinanggih.

Kaping kalihipun : kula ugi tinanggenah masrahaken atmaja-nipun inggih Sri


panganten kakung ingkang peparap bagus Kanthi panyuwunan mugi
kaparenga kadhaupaken kaliyan pun rara……………….putra putrinipun
Bapak………………….(besan).

Kaping tiganipun: saderengipun calon panganten kula pasra-haken wonten ing


ngarsa panjenengan, kula ngaturaken sesanti puja-

puji pudyastuti ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi,

mugi-mugi upacara …………………. sageda kalampahan kanthi

wilujeng kalis ing sambekala.

Ing samangke calon panganten kula pasrahaken ing panjene-ngan,


selajengipun sadaya kula sumanggakaken masa borong panjenengan.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning
atur saha mbok bilih wonten kirangi suba sita, tandhang-tandhuk tuwin tata
krami, kula nyuwun pangaksama.

Akhirulkalam billahit taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Nama : Nurul Qomariyah

Kelas : X – MIA 5

No Absen : 29

Anda mungkin juga menyukai