Anda di halaman 1dari 2

ATUR PAMBAGEHARJA ING TATA CARA PENINGSET / MALEM MIDODARENI Dening: IQBAL JAVA STYLE

Kula nuwun,
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten,


Para rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu winantu ing suka basuki,
Sih wilasa saha berkahing Gusti Allah Ingkang Maha Kawasa, mugi tansah kapatedhak-aken
dhumateng panjenengan lan kula, sumrambah ing sadayanipun.

Ngleksanani punapa ingkang dados panyuwunipun ingkang hamengku karsa, Bp. …………… sekaliyan,
keparengna kula ngambali ngaturaken pambage wilujeng rawuh, saha ngaturaken panuwun ingkang
tanpa upami, awit panjenengan sadaya sampun nelakaken rawuh ing dalu punika.

Hambawani reroncening tata cara anggenipun Bp. ………………………. sekaliyan, anggenipun badhe
ngentas pitulus putra-pawestrinipun ingkang sesilih pun Rr. ………………………………………, ingkang
badhe kawengku minangka jatu-kramanipun dening: Bg. ……………………………………………. putranipun
Bp./Ibu ………………………..………..…, ingkang pidalem ing ……………………………………………………………, ing
dalu punika katindakaken tata cara pasrah-panampining peningset.
Kajawi punika, ngiras pantes minangka malem midodaren, tumrap anggenipun hanyamektak-aken
reroncen lampahing akad nikah utawi pangijabing calon panganten, benjing ing:
Dinten : ……………………………………………………..
Surya ingkang kaping : ………………………………, tahun ………..
Wanci jam : ……… wekdal Indonesia iring Kilen
Mapan wonten ing : ……………………………………………………..

Wondene tata cara Pahargyan Dhauping Panganten, kaajab badhe katindakaken ing:
Dinten : ……………………………………………………..
Surya ingkang kaping : ………………………………, tahun ………..
Wanci jam : ……… wekdal Indonesia iring Kilen
Mapan wonten ing : ……………………………………………………..
ATUR PAMBAGEHARJA ING TATA CARA PENINGSET / MALEM MIDODARENI Dening: IQBAL JAVA STYLE

Kanthi punika, mawantu-wantu kula minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, nyuwunaken
tambahing puji pandonga lan pangestu, mugi kasembadan gegayuhanipun kanthi rahayu tanpa
reridu, pinaringan rancak lan prayogi, kinalisna saking sakathahing rubeda awit wilasaning Gusti Allah
Ingkang Maha Kawasa.

Para tamu kakung miwah putri ingkang tansah tresna-asih mring sasami,
Bp. ……………………………………… sekaliyan anggenipun hambawani karsa ing dalu punika, kelampahan
kanthi panjurung pambiyantu, sarta eguh pratikelipun para kadang Kridha Darma ingkang abela
karya, ugi para kadang, tangga tepalih sarta para mudha taruna ingkang sadaya cancut-bikut
gumregut kawitan dumugi kelampahaning sedya. Boten katalumpen, ugi paringipun sadaya sih
kadarman panjenengan ingkang awujud punapa kemawon.
Lumantar kula, Bp. …………………………… sekaliyan ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Mugi Gusti Allah paring leliru lan ganjaran ingkang sak-langkung ageng tumrap panjenengan sadaya.

Bp. …………………………… sekaliyan ugi kepareng nyuwun pangapunten, hambok bilih anggenipun
nampi rawuh panjenengan saha ngaturi lenggah panjenengan taksih kathah kekirangan tumrap boja-
krami, tebih saking trapsila, lan ndadosaken cuwaning penggalih panjenengan, mawantu-wantu
nyuwun peparing pangaksama.

Ing wasana, keparenga panjenengan hanglajengaken lelenggahan ngantos purnaning sedya, saha
hangrahapi pasugatan ingkang sarwi prasaja. Dene minangka pratandha tata cara ing dalu punika
sampun kacekap samudayanipun, manawi ingkang hamengku karsa sarta calon panganten sekaliyan
sampun ka-aturan jumeneng ing sak ngajenging wiwaraning wisma pahargyan, saprelu nguntapaken
konduripun para tamu.

Mekaten babaring sedya lumantar kula,


Kanthi nglenggana, taksih tebih saking jangkeping trapsila basa krami, keparenga kula hanyeyadhang
lumubering samodra pangaksami.

Panutuping atur, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Nuwun, matur nuwun.

Anda mungkin juga menyukai