Anda di halaman 1dari 2

Sekretariat GMN Ngentak RT 02 Sumberagung Jetis Bantul | 1

PRANATA ADICARA SYAWALAN

Assalamualaikum w.w

Bismillaahirrahmaanirrahiim

Alhamdulillaahirabbilaalamin

Wabihinastainu ala umuriddun yaa waddin, wassalatu wassalamuala asyrofil anbiyai


walmursalin, waala alihi wa ashbihi ajmain

Bapak kyai ....................................................... ingkang dahat kinabekten.

Para sesepuh lan pini sepuh ingkang kinormatan.

Bapak ibu ingkang kula hormati, lan para rawuh ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin monggo kita ngunjukaken raos puji syukur dhumateng ngarso dalem Allah
SWT, ingkang sampun maringi kita mapinten-pinten karahmatan, kanikmatan, saha kesehatan,
saenggo ing wekdal ndalu puniko kita saged makempal wonten papan punika saperlu
anindakaken Halal Bi Halal

Mboten kesupen shalawat saha salam mugi katetepno dhumateng junjungan kita Nabi Agung
Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun wonten ing yaumul qiyamah.

Amiin

Para rawuh ingkang kula hormati, kula ing mriki angaturaken menggah rantamanipun
adicara ing ndalu punika :

Sepisan pambuka

Ongko kaleh waosan ayat suci Al-Quran

Ongko tiga atur pambagya harja saking ..............................................

Ongko sekawan Ikrar Syawalan

Ongko gangsal sumene

Ongko enem pengaosan

Lan ingkang pungkasan inggih punika panutup

Bapak, ibu, para rawuh ingkang kula hormati, monggo enggal-enggal kita awiti acara
ongko sepisan. Monggo kita bikak kanthi waosan basmallah sesarengan kula derekaken

Bismillaahirrahmaanirrahiim

Matur nuwun. Mugi-mugi kanthi waosan basmallah punika saged anglancaraken acara wonten
wekdal ndalu punika.

Monggo kita lajengaken acara ongko kaleh inggih punika waosan ayat suci Al-Quran ingkang
dipun waosaken dening ......................................................

Dhumateng .......................................................................... kula sumanggakaken.


Sekretariat GMN Ngentak RT 02 Sumberagung Jetis Bantul | 2

Kula aturaken matur nuwun dhumateng ..........................................................................


ingkang sampun maosaken ayat suci Al-Quran. Mugi-mugi ingkang maosaken lan
midangetaken pikanthuk pahala saking Allah SWT. Amiin

Bapak, ibu, para rawuh sedaya, acara ongko tiga inggih punika atur pambagya harja
saking ................................................................... .

Dhumateng ........................................................................... kula sumanggakaken.

Matur nuwun kula aturaken dhumateng ................................................................. ingkang


sampun paring atur pambagya harja.

Kita lajengaken acara ongko sekawan inggih punika Ikrar Syawaln ingkang dipun pimpin dening
Bapak Kepala Dusun, Bapak Triyono Abusrowi

Dhumateng Bapak Triyono Abusrowi kula sumanggakaken, para rawuh kaaturan jumeneng, sak
sampunipun maos Ikrar Syawalan, para rawuh kaaturan jabat asta kaliyan maos shalawat.

------(PEMUDA LADEN)

Bapak ibu ingkang kula hormati, gegandhengan ing ngarsa panjenengan sampun sumadya
unjukan saha dhaharan, kula aturi ngunjuk saha dhahar kanthi ndedonga kula derekaken.
(berdoa mau makan). Monggo

Para rawuh ingkang kula hormati, mboten ateges ngirangi kamardikan anggenipun
panjenengan sedaya angrahapi unjukan saha dhaharan, acara kita lajengaken inggih
punika pengaosan ingkang dipun asta dening ..........................................................................
ugi sakmangke kasuwun paringipun doa.

Dhumateng ........................................................................... kula sumanggakaken.

Kula aturaken matur nuwun dhumateng ....................................................................... ingkang


sampun paring pengaosan. Mugi-mugi kita sedaya saged mendhet manfangatipun saha kita saged
anindakaken. Amiiiin

Bapak ibu para rawuh sedaya, kita lajengaken acara ongko pitu inggih punika panutup. Ananging
sakderengipun kula tutup, mbok bilih sakwau anggenipun kula nderekaken acara ing wekdal
ndalu punika pinanggih lepat, kula nyuwun pangapunten. Monggo kita tuttup kanthi waosan
hamdallah.

Wassalamualaikum w.w

Anda mungkin juga menyukai